Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 39 >> 

Bedhahe kutha Yerusalem

1Kacarita nalika Yerusalem dibedhah -- sajroning taun kang kaping sangane paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasepuluh, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kadherekake wadya-balane, ngepung kutha Yerusalem;

2ing sajrone tahun kang kaping sawelase paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ing sasi kapat, nalika tanggal sanga sasi iku, balowartine kutha iku kabedhah --

3para prawirane ratu ing Babil iku, banjur ngejegi gapura tengah, yaiku: Sang Nergal-Sarezer, panggedhe saka Sin-Magir, Senapati, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton lan para prawira liyane, abdine ratu ing Babil.

4Bareng Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, mirsa iku kabeh banjur lolos, kadherekake para wadya-balane, anggone nilar kutha iku ing wayah bengi, miyos ing dalan ing patamananing Sang Prabu, nglangkungi gapura ing antarane balowarti loro, banjur dharat ngener ing Araba-Yarden.

5Nanging diburu dening wadya-bala Kasdim lan Sang Prabu Zedhekia kacandhak ana ing lebak Yerikho; panjenengane dicepeng nuli diirid menyang Ribla, ing tanah Hamat, marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang netepake paukumane.

6Sang Nata ing Babil nuli dhawuh nyembeleh para putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane ana ing Ribla; sakehing panggedhene Yehuda padha disembeleh uga dening ratu ing Babil.

7Tumuli tingale Sang Prabu Zedhekia dicuplak, wasana dikecrek mawa rante tembaga, ditawan menyang ing tanah Babil.

8Wadya-bala Kasdim padha ngobongi kraton lan omah-omahe rakyat, banjur njugrugake balowartine Yerusalem.

9Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, banjur nawan para kekarening rakyat kang isih ana ing kutha iku, lan wong-wong padha mbalik ngrojongi mungsuh apadene kekarening para kriya, padha dibuwang menyang ing Babil.

10Nanging saperanganing rakyat, yaiku para wong mlarat kang ora duwe apa-apa, ditinggal ana ing tanah Yehuda dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal. Ing kala semana wong-wong padha diparingi pakebonan anggur lan pategalan dadi darbeke.

Sang Prabu Nebukadnezar dhawuh supaya Nabi Yeremia diayomi

11Tumrap Nabi Yeremia, Sang Prabu Nebukadnezar, nata ing Babil, wus paring dhawuh lumantar Sang Nebuzaradan panggedhening prajurit pengawal, mangkene:

12“Wong iku boyongen lan sira openana, aja sira kapak-kapakake, nanging turutana apa kang dadi panjaluke marang sira!”

13Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton, tuwin Sang Senapati Nergal-Sarezer, lan sakehing prawira-agunge nata ing Babil, padha utusan wong --

14padha didhawuhi ngirid Nabi Yeremia saka ing plataran pajagan, kang banjur kapasrahake marang Gedalya bin Ahikam, bin Safan supaya diluwari, kareben kondur menyang ing daleme. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep manggen ana ing satengahing rakyat.

Janji marang Ebed-Melekh manawa bakal diluwari

15Nalika Nabi Yeremia isih dikunjara ana ing plataran pajagan tampa dhawuh saka Sang Yehuwah, mangkene:

16“Maranana Ebed-Melekh, wong Etiopia iku lan kandhanana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sanyata, pangandikaningSun tumrap kutha iki bakal Sunleksanani murih cilakane lan ora murih raharjane, lan iku kabeh bakal kelakon ana ing ngarepira ing wektu iku uga.

17Ing nalika iku uga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal ngluwari sira lan ora Sunulungake marang tangane wong kang sira wedeni,

18nanging Ingsun mesthi bakal ngluwari sira; sira ora bakal mati dening pedhang, nyawanira bakal sira rebut kaya rayahan, amarga sira kumandel marang Ingsun. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel