Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 43 >> 

Nabi Yeremia kapeksa ngungsi menyang ing tanah Mesir

1Bareng Nabi Yeremia wus rampung anggone nglantarake marang rakyat kabeh sakehing pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kang marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kapratelakake marang para wong iku, yaiku: sakehing pangandika kang kasebut ing dhuwur,

2Sang Azarya bin Hosaya lan Sang Yohanan bin Kareah sarta sakehing wong kang padha gumunggung iku padha banjur matur marang Nabi Yeremia: “Pangandika panjenengan punika dora! Sang Yehuwah, Gusti Allah kita boten ngutus panjenengan supados ngandika: Sira aja lunga menyang tanah Mesir, supaya manggon dadi wong neneka ana ing kana,

3nanging Barukh bin Neria ingkang ngojok-ojoki panjenengan supados ngandika makaten dhateng kula, kanthi sedya badhe masrahaken kula dhateng ing tanganipun tiyang Kasdim ingkang lajeng badhe mejahi kula, punapadene ngangkataken kula dados tiyang tawanan dhateng Babil.”

4Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing prawiraning wadya-bala lan rakyat kabeh padha lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, supaya tetepa manggon ana ing tanah Yehuda.

5Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala nuli nglumpukake kekarene sakehing wong Yehuda, yaiku sakehing wong kang wus mulih saka ing antarane para bangsa, panggonane anggone padha pating slebar, kang banjur arep manggon ana ing tanah Yehuda,

6para wong lanang, para wong wadon, bocah-bocah para putrane putri Sang Prabu lan sadhengah wong kang padha ditinggal dening Nebuzaradan, panggedhening bala pengawal, kanggo Gedalya bin Ahikam bin Safan; mangkono uga Nabi Yeremia lan Barukh bin Neria.

7Banjur padha budhal menyang ing tanah Mesir, amarga padha ora gelem ngrungokake marang sabdane Sang Yehuwah. Lakune wus tekan ing Takhpanhes.

Nabi Yeremia meca, manawa Mesir bakal ditelukake dening Sang Prabu Nebukadnezar

8Ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ana ing Takhpanhes mangkene:

9“Njupuka watu kang gedhe-gedhe lan pendhemen ana ing lemah lempung sacedhake gapura kadhatone Sang Pringon ing Takhpanhes, ana ing ngarepe para wong Yehuda iku,

10banjur padha kandhanana: Mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun ngutus wong supaya nimbali Nebukadnezar, ratu ing Babil abdiningSun iku, supaya ngadegake dhampare ana ing sadhuwure watu-watu kang Sundhawuhake supaya dipendhem iku, lan nggelar babuding kamulyane ana ing kono.

11Lan samangsa iku teka, bakal nggepuk tanah Mesir: Sing marani pati, maranana pati! Sing menyang ing tawanan, menyanga ing tawanan! Sing marani pedhang, maranana pedhang!

12Dheweke bakal ngurubake geni ana ing kabuyutane para allah ing Mesir lan bakal ngobong utawa ngangkuti iku dadi tawanan. Lan bakal ngresiki tuma-tuma ing tanah Mesir kayadene para pangon anggone metani sandhangane, nuli bakal lunga saka kono tanpa alangan.

13Dheweke bakal ngrusak tugu-tuguning brahala Betsyemes kang ana ing Mesir lan bakal ngobongi kabuyutane para allahe Mesir iku.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 43 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel