Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 45 >> 

Panglipure Nabi Yeremia marang Barukh

1Pangandikane kang diluntakake Nabi Yeremia marang Barukh bin Neria, rikala Barukh ing taun kapate jumenenge Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, wus nulisi sakehing pangandika mau ana ing kitab, tinampan saka ing tutuke Nabi Yeremia:

2“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel tumrap kowe, he Barukh!

3Sarehne sira wus ngucap: Adhuh cilaka aku, dene Sang Yehuwah wus muwuhi kasusahan marang prihatinku! Aku nglentrih marga saka anggonku sambat-sambat lan aku ora oleh katentreman.

4Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, apa kang Sunyasa, bakal Sunbubrah, lan apa kang Suntanem bakal Sunbedholi, malah sanadyan nganti saindenging nagara!

5Sira aja ngarah marang prakara kang muluk-muluk kanggo sira dhewe! Poma aja sira gayuh! Awitdene, lah, Ingsun ndhatengake bilai tumrap sakehing titah, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, nanging sira iku bakal Sunparingi nyawanira kayadene rayahan ana ing ngendi-endia panggonan kang bakal sira parani.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 45 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel