Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 49 >> 

Tumrap bani Amon

1Tumrap bani Amon. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Apa ora ana turune Israel, apa ora ana ahli warise? Kena apa Bathara Milkom ndarbeni Gad, lan bangsane ngenggoni kutha-kuthane?

2Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal damel anane surak ramening paprangan, nglawan Raba kuthane bani Amon. Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing, lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi, dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

3He Hesybon, nangisa, amarga si pangrusak wus mangsah nempuh, he para putri ing Raba, nganggoa sandhangan prihatin, prihatina, ngubengana kutha klawan tatuning belekan, amarga Milkom bakal katawan menyang ing pambuwangan bareng karo para imam lan para panggedhene.

4He putri kang kumlungkung, sira kok ngegung-ngegungake lebak-lebakira lan ngendelake raja-brananira sarta ngucap: Sapa kang wani teka nempuh aku?

5Lah, Ingsun ndhatengake pagiris marang sira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, -- saka ing sakehing panggonan ing saubengira temah sira padha pating jlerit lumayu manut parane dhewe-dhewe, lan ora ana kang nglumpukake para wong kang pating blesar iku.

6Nanging sawise mangkono Ingsun bakal mulihake kaanane bani Amon iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Tumrap Edom

7Tumrap Edom. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Apa wus ora ana kawicaksanan ing Teman? Pamrayogane para wong limpad ing budi apa wis ilang? Kawicaksanane apa wis musna?

8He wong ing kutha Dedan, mlayua dikebat, ndhelika ing guwa-guwa! Amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Esap ing samangsa Ingsun ngukum dheweke.

9Yen juru ngundhuhi anggur nekani sira, bakal ora ngarekake turahaning pangundhuhe? Yen ana maling ing wayah bengi nekani sira, rak bakal ngrusak sasenenge?

10Nanging Ingsun wus mblejedi Esap, ngeblakake papan-papan pandhelikane temah ora bisa umpetan maneh. Turune wis tumpes, dene sadulur-sadulure apadene tangga-tangga bangsane wis ora ana maneh.

11Tinggalen anak-anakira kang lola, bakal Sunuripi, cikben randha-randhanira kumandel marang Ingsun!”

12Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sanadyan para wong kang ora pantes ngombe isining tuwung iku, kapeksa wis ngombe, apa iya sira bakal luwar saka ing paukuman? Sira ora bakal luwar saka ing paukuman, nanging mesthi ngombe!

13Amarga Ingsun wus supaos, demi Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Bozra bakal dadi garing, ciri, jugrugan lan ipat-ipat lan sakehe kuthane bakal dadi jugrugan kang langgeng!”

14Aku wus krungu warta saka Sang Yehuwah, sawijining utusan wus kadhawuhan menyang ing satengahing para bangsa: “Padha ngumpula, majua, nempuha, samektaa ing perang!

15Amarga lah, Ingsun wus ndadekake sira asor ana ing antarane para bangsa, diremehake ana ing antarane manungsa.

16Trajangira kang nggegirisi lan kumlungkunge atinira, ngloropake sira, iya sira kang ana ing guwa-guwa parang, lan kang ana ing dhuwur gunung! Sanadyan sira gawe susuhira ana ing papan kang dhuwur, kaya manuk garudha, Ingsun bakal mlorodake sira saka ing kono, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

17Edom bakal dadi garing; saben wong kang ngliwati panggonan kono kaget semu gumun lan ngeses marga sakehing wewelake!

18Kayadene nalika Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge diobrak-abrik -- pangandikane Sang Yehuwah -- ora ana wong siji-sijia kang manggon lan ora bakal ana manungsa siji bae kang dedunung ing kono.

19Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?

20Mulane rungokna kekancingane Sang Yehuwah tumrap Edom lan rantamane Pangeran tumrap wong ing Teman. Menawa kang cilik dhewe saka ing antarane pepanthan wedhus bakal diseret. Menawa pasuketane dhewe bakal ngrasa kaget semu gumun marga saka kaanane iku.

21Bumi bakal horeg marga saka swarane tibane; panjerite keprungu nganti tekan ing sagara Teberau.

22Lah banjur mumbul mabur kaya manuk garudha, nglayang lan ngegarake swiwine ing dhuwure Bozra. Atine para prawiraning Edom ing dina iku bakal kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.”

Tumrap Damsyik

23Tumrap Damsyik. “Hamat lan Arpad padha wirang, amarga padha krungu warta kang ala; atine dheg-dhegan marga semplah, ora bisa tentrem.

24Damsyik wis ora duwe krekat, mengo arep lumayu, kecandhak ing pagiris, karupekan lan krasa lara kaya wong wadon kang lagi nglarani, kaya wong wadon kang lagi nglairake.

25Lah, kutha kang dadi pangaleman lan gambira iku wus ditinggal prung.

26Mulane para nom-nomane bakal padha ambruk ana ing alun-alune lan sakehing prajurite bakal padha ora cemuwit ing dina iku. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

27Ingsun bakal ngurubake geni ana ing balowartine kutha Damsyik lan ngobong kratone Benhadad.”

Tumrap suku-suku bangsa Arab

28Tumrap Kedar lan karajan-karajane Hazor, kang digecak kaesorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Samektaa, majua perang nglawan Kedar, para wong ing sisih wetan sirnakna!

29Kemah-kemah lan pepanthaning wedhuse karayaha nganti gusis, dalah tendha-tendha lan sakehing pirantine. Unta-untane kabandhangana kabeh uga, lan padha kasurakana: Pageger saka keblat papat!

30Lumayua, ngungsia dikebat, ndhelika ing guwa-guwa, he wong ing kutha Hazor! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Amarga Nebukadnezar, ratu ing Babil wis gawe putusan tumrap sira kabeh lan wus gawe rancangan tumrap sira.

31Samektaa, majua perang nglawan bangsa kang santosa uripe, kang manggon klawan ayem-tentrem, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- apadene kang ora duwe gapura utawa slarak sarta mencil pamanggone.

32Unta-untane bakal dadi jarahan lan raja-kayane kang akeh cacahe iku dadi rayahan. Ingsun bakal mbuyarake marang keblat papat sakehing wong kang nyukur pucuking rambute mubeng lan Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap marang para wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

33Hazor bakal dadi pandhelikane asu ajag, dadi papan ngenthak-enthak ing salawas-lawase. Ora ana wong siji-sijia kang bakal manggon ing kono lan ora ana manungsa siji bae kang bakal dedunung ana ing kono maneh.”

Tumrap Elam

34Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap Elam, ing nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda:

35Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah Ingsun mutung gandhewane Elam, yaiku bakune kakuwatane.

36Ingsun ndhatengake marang Elam angin papat saka keblat papat lan bakal mbuyarake wong-wong iku marang keblat papat, temah ora ana bangsa siji-sijia kang ora ketekan wong Elam kang pating blesar mau.

37Ingsun ndadekake girise Elam ana ing ngareping mungsuhe lan ing ngarepe para wong kang ngarah nyawane, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Elam, yaiku dedukaningSun kang mulad-mulad, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal ngutus pedhang mburu wong-wong mau nganti Sunsirnakake kabeh.

38Ingsun bakal ngadegake dhamparingSun ana ing Elam, lan Ingsun bakal nyirnakake para raja lan para panggedhe ing kono -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

39Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Elam. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 49 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel