Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 2 >> 

Sion pusere karajaning katentreman

1Pangandika kang kaparingake marang Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem.

2Ing wekasane jaman bakal kelakon: gunung papan padalemane Sang Yehuwah bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger; sakehing bangsa bakal gumrudug mrana

3lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene: “Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah, menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub, supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine lan supaya kita padha lumaku ing kono; amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”

4Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa lan bakal ngadili suku bangsa akeh; iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen sarta tumbak-tumbake kadadekake arit. Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.

5He golongan tedhake Rama Yakub ayo kita padha lumaku ing pepadhange Sang Yehuwah!

Paukumane Pangeran Yehuwah tumrap kabeh wong kang kumaluhur-luhur

6Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakub amargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan saha sikir kados tiyang Filisti, tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.

7Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan; nagarinipun kebak kapal sarta kretanipun tanpa wicalan.

8Nagaranipun kebak brahala; tiyang-tiyang wau sami sujud nyembah dhateng dedamelaning tanganipun piyambak lan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.

9Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukaken saha anggenipun tiyang kaesoraken -- tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!

10Lumebua ing sela-selaning gunung parang lan ndhelika ing rong ing sajroning lemah marga saka pagirise Sang Yehuwah sarta marga saka cahyaning kamulyane!

11Manungsa kang gumunggung bakal kaesorake lan wong kang angkuh bakal kadhingklukake, sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.

12Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah nemtokake dinane anggone bakal ngukum sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;

13ngukum sakehing wit eres ing Libanon kang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul, tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan;

14sarta ngukum gunung kang dhuwur-dhuwur lan sakehing tengger kang munggul;

15ngukum sakehe menara kang dhuwur-dhuwur lan sakehe baluwarti kang disantosani;

16ngukum sakehe kapal ing Tarsis tuwin sakehe kapal kang endah dhewe.

17Manungsa kang gumunggung bakal padha kadhingklukake lan wong kang angkuh bakal padha diesorake; amung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.

18Dene brahala-brahala bakal sirna babar pisan.

19Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung parang lan ing rong-rong ing sajroning lemah, marga saka pagirising Yehuwah tuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi.

20Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,

21lan wong mau bakal lumebu ing growongan-growonganing gunung parang tuwin ing sela-selaning tetengger watu marga saka pagirising Sang Yehuwah lan marga saka cahyaning kamulyane; ing nalika Panjenengane jumeneng damel getering bumi.

22Aja padha ngandelake marang manungsa, awit iku ora ngluwihi wetuning napas lan wong iku banjur kena dianggep kayadene apa?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel