Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 17 >> 

Gusti Yesus ndongakake para sakabate

1Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumenga marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.

2Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.

3Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.

4Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.

5Dene sapunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhahan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados.

6Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka.

7Sapunika sampun sami sumerep, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka.

8Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

9Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanes jagad ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika, awit punika sami kagungan Paduka

10lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika.

11Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula.

12Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana, wiraosing Kitab Suci.

13Nanging samangke, Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados sampurnaa kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau.

14Tiyang-tiyang wau sampun sami Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargi pinangkanipun boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.

15Kawula boten nyuwun, supados sami kapundhut saking donya, namung supados Paduka reksa, sampun ngantos kapanduk ing piawon.

16Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.

17Mugi sami Paduka sucekaken ing salebeting kayektosan; pangandika Paduka inggih punika kayektosan.

18Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;

19sarta Kawula nucekaken badan Kawula kangge tiyang-tiyang punika, supados ugi sami kasucekna wonten ing kayektosan.

20Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun,

21supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

22Lan Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dadosa satunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawula inggih dados satunggal:

23Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.

24Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.

25Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;

26punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yohanes 17):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel