Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 9 >> 

Wong wuta wiwit lair mula

1Nalika Gusti Yesus langkung, mirsa wong kang wuta wiwit lair mula.

2Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: “Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?”

3Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.

4Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean.

5Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadi pepadhanging jagad.”

6Sawuse ngandika mangkono, tumuli kecoh ing lemah. Kecoh mau digawe luluhan lemah banjur dileletake ing mripate wong kang wuta mau.

7Banjur dipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam.” Siloam tegese “Kang diutus”. Wonge tumuli mangkat lan adus; baline wus bisa ndeleng.

8Tangga-tanggane lan wong-wong kang maune weruh anggone papriman banjur padha ngucap: “Apa wong iku dudu kang adate papriman?”

9Ana kang mangsuli: “Bener iya iku wonge.” Ana maneh kang calathu: “Dudu, mung madha rupa bae.” Wonge dhewe banjur calathu: “Leres, inggih kula punika tiyangipun.”

10Tumuli ditakoni: “Kapriye mripatmu bisane melek?”

11Wangsulane: “Tiyang nama Yesus damel luluhan siti, lajeng dipun leletaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang padusan ing Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika.”

12Wong-wong mau takon maneh: “Ana ing ngendi Dheweke?” Wangsulane kang ditakoni: “Kula boten sumerep.”

13Wong kang maune wuta mau banjur diirid menyang ngarsane para wong Farisi.

14Anadene anggone Gusti Yesus damel luluhan lemah lan ngelekake mripate wong wuta mau pinuju dina Sabat.

15Para wong Farisi tumuli iya ndangu marang wong mau, kapriye bisane melek. Ature kang kadangu: “Mripat kula dipun leleti luluhan siti, kula lajeng adus, samangke kula saged ningali.”

16Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.

17Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: “Panganggepmu marang wong iku kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?” Ature kang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”

18Anadene wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yen dheweke maune wuta lan lagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padha nimbali wong tuwane,

19sarta didangu: “Apa iki anakmu kang kokkandhakake yen wuta wiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriye dene kok saiki bisa ndeleng?”

20Wangsulane wong tuwane mau: “Kula sami sumerep bilih punika anak kula, saha wuta wiwit lair mila,

21nanging kadospundi dene sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saged ngaturaken prakawis badanipun piyambak.”

22Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake.

23Mulane wong tuwane mau padha matur: “Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak.”

24Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”

25Wangsulane wong mau: “Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangretosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saged ningali.”

26Pitakone maneh: “Kowe dikapakake? Anggone ngelekake mripatmu kapriye patrape?”

27Wangsulane wong mau: “Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan boten midhangetaken. Punapaa dene panjenengan badhe midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kapengin dados muridipun?”

28Wong mau tumuli dipisuhi, pangucape: “Kowe iku muride, nanging aku kabeh iki murid-muride Nabi Musa.

29Aku padha sumurup yen Gusti Allah wus ndhawuhake pangandika marang Nabi Musa. Nanging mungguh wong kae aku padha ora weruh pinangkane.”

30Wong mau tumuli mangsuli: “Lah, punika rak aneh, dene panjenengan malah boten sami mirsa pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelekaken mripat kula.

31Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani.

32Salaminipun dereng nate kapireng bilih wonten tiyang ingkang saged ngelekaken mripatipun tiyang wuta lair mila.

33Tiyang punika manawi boten saking Allah, mesthi boten saged nindakaken punapa-punapa.”

34Wangsulane wong-wong iku: “Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung.

35Gusti Yesus mireng manawa wong kang maune wuta mau wus katundhung. BAreng Panjenengane kepranggul wong mau banjur dipangandikani: “Apa kowe pracaya marang Putraning Manungsa?”

36Unjuke: “Sinten punika Gusti, supados kawula pitados dhateng Panjenenganipun?”

37Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe ora mung wus weruh Panjenengane bae, nanging Panjenengane kang lagi sapocapan karo kowe, yaiku Panjenengane.”

38Kang kapangandikanan munjuk: “Kawula pitados, Gusti.” Dheweke banjur sumungkem sujud marang Gusti Yesus.

39Pangandikane Gusti Yesus: “TekaKu ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndeleng padha dadia wuta.”

40Pangandika iku kaprungu dening wong Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong iku tumuli padha munjuk: “Kula punika punapa inggih sami wuta?”

41Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe wutaa, mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yohanes 9):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel