Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 11 >> 

Kanaan sisih lor karayud

1Bareng Prabu Yabin, ratu ing nagara Hazor midhanget bab lelakon iku mau, banjur utusan marang Prabu Yobab, ratu ing Madon, marang ratu ing nagara Simron, marang ratu ing nagara Akhsaf,

2sarta marang para ratu kang ana ing sisih lor ing pagunungan, ing Araba-Yordan, ing sakidule Kinerot, ing Dhaerah Pagunungan lan ing tanah tengger Dor sisih kulon,

3yaiku para ratune wong Kanaan ing sisih wetan lan ing sisih kulon, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Yebus kang ana ing pagunungan, apadene marang bangsa Hewi, apadene wong ing sikile gunung Hermon ing tanah Mizpa.

4Ratu-ratu iku tumuli padha budhalan kerig sabalane, cacahe wadya-bala akeh banget, kaya wedhi ing pinggiring sagara, sarta bala jaranan lan kareta perang akeh banget.

5Para ratu mau sawuse padha manunggal lan padha bebarengan masanggrahan ana ing sacedhake sendhang Merom bakal padha nempuh perang nglawan wong Israel.

6Sang Yehuwah paring pangandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi adu arep karo wong iku, amarga sesuk ing wayah mangkene iku bakal padha Sunulungake kabeh wus kagecak marang wong Israel. Jarane padha sira kencetana lan karetane perang padha obongana ing geni.”

7Senapati Yusak sabalane kabeh tumuli teka dumrojog nempuh mungsuh mau ana ing sacedhake sendhang Merom;

8iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat

9padha dipatrapi dening Senapati Yusak kaya dene anggone wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: jarane padha dikenceti lan karetane perang padha diobongi ing geni.

10Ing waktu samana Senapati Yusak tumuli wangsul, mbedhah kutha Hazor lan ratune disedani klawan pedhang. Amarga Hazor iku maune kang pinunjul dhewe saka ing antarane sakehing karajan.

11Kabeh kang urip ana ing kutha mau dipateni klawan landheping pedhang, wong-wong ing kono padha katumpes. Kabeh kang ambekan ora ana kang diuripi siji-sijia, dene Hazor diobong.

12Sabanjure sakehing kuthane para ratu mau padha dirayud Senapati Yusak lan ratune kabeh padha disedani klawan landheping pedhang, padha ditumpes kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.

13Nanging sakehing kutha kang kaprenah ana ing tetengger iku padha ora diobongi dening wong Israel, kajaba mung Hazor dhewe iku kang diobong dening Senapati Yusak.

14Dene sakehe jarahane kutha iku lan raja-kayane dijarah wong Israel, nanging wonge padha dipateni kabeh klawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis. Kang ambekan ora ana kang diuripi.

15Kabeh dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, abdine, iku dingandikake Nabi Musa marang Senapati Yusak lan iya mangkono tumindake Senapati Yusak, sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa iku ora ana kang dilirwakake sathithik-thithika.

Kaunggulane wong Israel

16Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb kabeh, ing tanah Gosyen kabeh, Dhaerah Pagunungan, Lebak Araba-Yordan lan Pagunungan Israel dalah tanah ngarene.

17Wiwit ing pagunungan Gundhul, kang munggah ngener ing Seir, nganti tutug ing Baal-Gad ing lebake pagunungan Libanon, ing sikile gunung Hermon; dene sakehe ratune padha dicekel lan disedani.

18Nganti suwe Senapati Yusak anggone perang nglawan ratu iku mau.

19Ora ana nagara siji-sijia kang nganakake prajanjian memitran karo wong Israel, kajaba mung para wong Hewi kang ana ing Gibeon; kabeh padha dirayud sarana perang.

20Jalaran saka pangrehe Sang Yehuwah, atine wong mau padha diwangkotake, temah padha perang nglawan wong Israel, amrih pada katumpes, ora diwelasi, nanging padha disirnakake, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

21Nalika samana Senapati Yusak rawuh numpes wong Enak ing pagunungan Hebron, ing Debir, ing Arab, ing sawratane pagunungan Yehuda, lan ing sawratane pagunungan Israel. Iku kabeh dalah kutha-kuthane padha katumpes dening Senapati Yusak.

22Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.

23Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa. Nagara iku diparingake dening Senapati Yusak marang Israel dadi warisan pusaka miturut pandumane talere dhewe-dhewe. Nagara kono banjur dadi tentrem, wus mari perang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel