Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 21 >> 

Kutha-kutha trahe Lewi

1Para panggedhening kulawargane wong Lewi banjur padha sowan ing ngarsane Imam Eleazar lan ing ngarsane Senapati Yusak, bin Nun sarta marang ing ngarsane para kepalaning kulawargane taler-taler Israel.

2Nuli padha matur marang panjenengane ana ing Silo tanah Kanaan mangkene: “Sang Yehuwah sampun paring dhawuh lumantar Nabi Musa, supados kula kaparingana kitha-kitha ingkang sami kula enggeni, dalah pangenanipun kangge raja-kaya kula.”

3Wong Israel banjur masrahake kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki dalah pangonane marang wong Lewi, kajupukake saka ing tanah-pusakane manut dhawuhe Sang Yehuwah.

4Undhiane nuli tumiba marang gotrah-gotrahe wong Kehat. Panunggalane wong Lewi kang klebu tedhake Imam Harun padha oleh undhian kutha telulas saka taler Yehuda, taler Simeon lan taler Benyamin.

5Dene kekarene wong Kehat iku padha oleh kutha sepuluh sarana kaundhi saka taler Efraim, taler Dhan lan saka separone taler Manasye.

6Turune Gerson padha oleh kutha telulas sarana kaundhi saka taler Isakhar, taler Asyer, taler Naftali lan saka separoning taler Manasye kang ana ing tanah Basan.

7Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, teler Gad, lan taler Zebulon.

8Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.

9Kang dipasrahake saka taler bani Yehuda lan saka taler bani Simeon iku kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki:

10Para tedhake Imam Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, panunggalane bani Lewi, sarehne iku kang padha tampa undhian kang wiwitan,

11iku padha dipasrahi Kiryat-Arba, yaiku Hebron, -- Arba iku leluhure suku Enak, -- ana ing pagunungan Yehuda, dalah pangonane sakubenge;

12nanging pategalane kutha iku lan padesane iku wus dipasrahake marang Kaleb bin Yefune dadi darbeke.

13Tedhake Imam Harun iku padha diwenehi Hebron, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah sapangonane, Libna sapangonane,

14Yatir sapangonane, Estemoa sapangonane,

15Holon sapangonane, Debir sapangonane,

16Ain sapangonane, Yuta sapangonane lan Bet-Semes sapangonane: kutha sanga saka taler loro mau.

17Saka taler Benyamin: Gibeon sapangonane, Geba sapangonane,

18Anatot sapangonane lan Almon sapangonane: kutha papat.

19Kuthane tedhake Imam Harun, yaiku para imam, iku kabeh ana kutha telulas sapangonane.

20Gotrah-gotrahe bani Kehat, yaiku kekarene wong Lewi, saka ing antarane bani Kehat mau, iku pandumane kutha-kutha kang sarana kaundhi saka talere Efraim.

21Iku padha diparingi Sikhem, kutha pangungsening wong dosa pati, dalah pangonane, kaprenah ana ing pagunungan Efraim lan Gezer sapangonane,

22Kibzaim sapangonane lan Bet-Horon sapangonane: kutha papat.

23Saka taler Dhan: Elteke sapangonane, Gibeton sapangonane,

24Ayalon sapangonane lan Gat-Rimon sapangonane: kutha papat.

25Saka separone taler Manasye: Taanakh sapangonane lan Gat-Rimon sapangonane: kutha loro.

26Gunggunge ana kutha sepuluh sapangonane kanggo gotrah-gotrahe kekarene bani Kehat.

27Bani Gerson, panunggalane gotrahe wong Lewi, diparingi saka separoning talere Manasye: Golan ing tanah Basan, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane lan Beestera sapangonane: kutha loro.

28Saka taler Isakhar: Kisyon sapangonane, Dobrat sapangonane,

29Yarmut sapangonane lan En-Ganim sapangonane: kutha papat.

30Saka taler Asyer: Misal sapangonane, Abdon sapangonane,

31Helkat sapangonane lan Rehob sapangonane: kutha papat.

32Tuwin saka taler Naftali: Kedesy ing tanah Galilea, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Hamor-Dor sapangonane lan Kartan sapangonane: kutha telu.

33Kuthane wong Gerson miturut gotrahe iku kabeh ana telulas sapangonane.

34Gotrah-gotrahe wong bani Merari, yaiku kekarene wong Lewi, iku padha diparingi saka taler Zebulon: Yokneam sapangonane, Karta sapangonane,

35Dimna sapangonane lan Nahalal sapangonane: kutha papat.

36Saka taler Ruben: Bezer sapangonane, Yahas sapangonane,

37Kedemot sapangonane lan Mefaat sapangonane: kutha papat.

38Saka Taler Gad: Ramot ing tanah Gilead, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Mahanaim sapangonane,

39Hesybon sapangonane, Yaezer sapangonane, kabeh ana kutha papat.

40Sakehe kutha iku mau dadi darbeke bani Merari miturut gotrahe, yaiku kekarene gotrahe wong Lewi, pandumaning undhiane kutha rolas.

41Sakehe kuthane wong trahe Lewi ana ing satengahe darbeke wong Israel iku ana kutha patang puluh wolu sapangonane.

42Siji-sijining kutha ana pangonane ing sakubenge, kuthane kabeh padha kaya mangkono.

Ketentremaning nagara kang diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah

43Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.

44Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.

45Samubarang kang becik, kang wus kaprasetyakake kabeh dening Sang Yehuwah marang turune Israel ora ana kang lincat, kabeh kelakon.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel