Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 23 >> 

Sesorahe Senapati Yusak nalika pamitan marang para panuntuning bangsa iku

1Sawuse antara lawas, ing nalikane Sang Yehuwah wus paring tentrem marang Israel, uwal saka sakehe mungsuhe ing sakubenge, lan nalika Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane,

2Senapati Yusak banjur nimbali wong Israel kabeh, para tuwa-tuwane, para panggedhene, para hakime lan para tetindhihing wadyabala; iku kabeh padha dipangandikani mangkene: “Aku iki wus tuwa, wus akeh umurku,

3lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.

4Dieling, tlatahe sakehing para bangsa kang isih kari iku wus dakpandumake marang taler-talermu srana kaundhi dadi warisanmu wiwit ing bengawan Yarden, -- padha uga kaya sakehing bangsa kang wus daktumpes ing waktu iku, -- nganti tutug ing Segara Gedhe ing papan suruping srengenge.

5Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang bakal nundhungi para bangsa mau ana ing ngarepmu lan nglungakake saka ing ngarepmu, temah kowe padha bisa ngejegi nagarane kaya kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah Allahmu marang kowe.

6Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.

7Aja nganti padha srawungan karo para bangsa kang isih ana ing tengah-tengahmu, sarta aja nganggep marang jenenge para allahe utawa supata demi iku, lan iku aja padha kokbekteni utawa koksujudi.

8Nanging padha rumaketa marang Sang Yehuwah Allahmu dikaya anggonmu wus padha nglakoni nganti tumeka ing dina iki.

9Sang Yehuwah rak wus nundhungi bangsa-bangsa kang gedhe lan santosa saka ing ngarepmu, sarta mungguh ing ngatase kowe ora ana wong siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepmu nganti tumeka ing dina iki.

10Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.

11Kang iku dipadha mantep anggonmu padha asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang marga saka nyawamu.

12Amarga manawa kowe padha mreduli lan padha rumaket marang kekarene para bangsa kang isih kari ana ing antaramu iki, malah nganti padha bebesanan lan sesrawungan karo wong-wong iku

13titenana temenan, yen Sang Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ora nundhungi para bangsa iku maneh saka ing ngarepmu, malah iku bakal padha dadi kala lan jiret tumrap ing kowe, tuwin dadi pecut tumrap ing lambungmu, apadene dadi klilip ana ing mripatmu, nganti kowe padha tumpes sirna saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki.

14Anadene ing samengko lah aku iki sadhela engkas bakal ngambah ing dalane samubarang kang kena ing rusak. Mulane kowe padha ngrasakna diklawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, yen mungguh sakehing prakara kang becik, kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu ing ngatasi kowe, iku ora ana kang ora dileksanani.

15Nanging padha kaya dene sakehing prakara kang becik kang wus kajanjekake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu iku kabeh wus kelakon, mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nekakake marang kowe sakehing prakara kang ora becik, nganti kowe padha katumpes kasirnakake saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki,

16menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel