Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 3 >> 

Nyabrang ing bengawan Yarden

1Esuk-esuk Sang Senapati Yusak wus wungu, banjur bidhal saka ing Sitim kadherekake dening wong Israel kabeh. Bareng padha tekan ing bengawan Yarden, sadurunge nyabrang padha nginep ana ing kono.

2Sawuse antara telung dina para tetindhihing wadya-bala banjur padha mider-mider ing sakehing pakemahan,

3lan prentah marang wong sabangsa kabeh, pangucape: “Samangsa kowe padha ndeleng pethi prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kausung dening para imam, kang pancen saka taler Lewi, tumuli kowe iya padha budhala saka ing panggonanmu ngetutake pethi mau.

4Mung bae anaa lete ing antarane pethi lan kowe, kira-kira rongewu asta, sarta pethi iku aja kokcedhaki, perlune kowe supaya weruha dalan kang bakal kokambah, amarga kowe biyen durung tau ngambah ing dalan kono.”

5Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”

6Para imam banjur didhawuhi Sang Senapati Yusak, mangkene: “Pethining prasetyan iku usungen banjur padha nyabranga ana ing ngarepe bangsa iku.” Para imam banjur padha ngusung pethi prasetyan sarta lumaku ana ing ngarepe bangsa iku.

7Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.

8Para imam kang padha ngusung pethi prasetyan padha prentahana: “Satekamu ing pinggiring bengawan Yarden, padha mandhega ing satengahing bengawan kono.”

9Sang Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong Israel: “Padha nyedhaka, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.”

10Sarta maneh pangandikane Sang Senapati Yusak: “Iki dadia titikane enggonmu padha sumurup, yen Gusti Allah kang sipat gesang ana ing satengahmu, lan mesthi bakal nundhungi wong Kanaan, wong Het, wong Hewi, wong Feris, wong Girgasi, wong Amori lan wong Yebus, saka ing ngarepmu!

11Lan pethi prasetyan kagungane Gusti Allahing salumahing bumi lumaku ana ing ngarepmu nyabrang ing bengawan Yarden.

12Mulane saiki padha miliha wong rolas saka ing taler-taler Israel, saben taler wong siji,

13manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”

14Nalika bangsa Israel padha budhal saka ing pakemahan arep nyabrang ing bengawan Yarden, para imam kang ngusung pethi prasetyan lumaku ana ing ngarepe bangsa mau.

15Dumadakan bareng kang ngusung pethi mau tutug ing bengawan Yarden, lan tlapakaning para imam kang ngusung pethi kacelup ing banyu ing pinggiring bengawan -- sajrone mangsa panen bengawan Yarden iku luber ing sauruting pinggire --

16banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.

17Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel