Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 9 >> 

Akale wong Gibeon

1Bareng bab iku kapireng dening para ratu kang ana ing sakulone bengawan Yarden, ing pagunungan, ing tanah ngare lan ing sauruting pesisire segara Gedhe tumeka ing sisih kanane gunung Libanon, yaiku ratune bangsa Het, bangsa Amori, bangsa Kanaan, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus,

2para ratu mau nuli saiyeg padha arep nempuh prang nglawan Sang Yehuwah lan wong Israel.

3Nanging wong Gibeon bareng padha krungu apa kang katandukake dening Sang Yusak marang Yerikho lan Ai,

4tumuli padha nindakake akal: padha cepak-cepak sangu, kuldine padha dimoti karung kang elek-elek, karo impes wadhah anggur kang elek-elek kang wus jithet-jithetan;

5sikile padha dianggoni trumpah kang elek-elek lan tambalan, sarta padha nganggo sandhangan kang wus lungsed; lan sangune roti kabeh wus garing, kari gogrogan thok.

6Kaya mangkono anggone padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Gilgal. Ature marang Senapati Yusak lan para wong Israel: “Kula punika sami dhateng saking tanah tebih, lah sapunika panjenengan karsaa damel prajanjian kaliyan kula.”

7Nanging wong Israel tumuli padha celathu marang wong Hewi mau: “Bokmanawi panjenengan punika sami manggen wonten ing tengah-tengah kula ngriki, kadospundi anggen kula saged damel prajanjian kaliyan panjenengan?”

8Wonge padha matur marang Senapati Yusak: “Kula sami dadosa abdi-abdi panjenengan.” Tumuli padha didangu: “Panjenengan punika sinten saha rawuh panjenengan saking pundi?”

9Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir,

10saha samukawis ingkang katandukaken dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, Sang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon kaliyan Sang Prabu Og, ratu ing nagari Basan, ingkang akedhaton wonten ing Asytarot.

11Milanipun para sesepuh kula kaliyan sakathahipun tiyang ing tanah kula sami meling dhateng kula, makaten: Padha nggawaa sangu kanggo ana ing dedalan lan padha methukna bangsa iku sarta padha matura: Kawula sami dados abdi panjenengan, mugi karsaa damel prajanjian kaliyan kula.

12Punika roti kula, anggen kula mbekta saking griya kangge sangu taksih anget, nalika kula sami mangkat badhe lumampah sowan dhateng ing ngarsa panjenengan, kapirsanana sapunika sampun garing kantun gogrogan thok.

13Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”

14Wong Israel tumuli padha njupuk sangune wong-wong mau, nanging padha ora nyuwun putusan marang Sang Yehuwah.

15Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.

16Nanging sawise oleh telung dina anggone padha gawe prajanjian karo wong-wong iku mau, tumuli padha krungu warta, yen wong-wong iku padha manggon ana ing cedhakan bae, malah padha manggon ana ing satengahe.

17Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.

18Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.

19Sakehe para panggedhe padha mituturi wong saumat kabeh: “Aku wus padha prajanji marang para wong iku klawan sumpah atas asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saiki aku padha ora kena ngarubiru wong iku.

20Mangkene kang bakal padha daktindakake: Wong iku kareben padha diuripi, supaya kita aja nganti padha katiban ing bebendu gedhe awit saka sumpah kang wus padha daklairake marang wong-wong iku.”

21Para panggedhe nuli padha nyambungi maneh: “Kareben paha lestari urip.” Wong-wong iku padha didadekake tukang amek kayu lan pangangsu lumadi marang wong saumat kabeh, kaya kang wus dadi katetepane para panggedhe mau tumrap wong-wong iku.

22Senapati Yusak banjur nimbali wong-wong mau, kang tumuli padha dipangandikani mangkene: “Yagene kowe kok padha ngapusi marang aku, pangucapmu: Panggenan kula tebih sanget saking panjenengan, jebulane kowe padha manggon ana ing tengahku kene?

23Kang iku kowe padha kenaa ing ipat-ipat lan kowe salawase padha dadi batur, yaiku tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang padalemane Gusti Alahku.”

24Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.

25Lah sapunika kula sami wonten ing asta panjenengan, sami kadamela kados pundi ingkang kagalih prayogi tuwin leres ingkang badhe katandukake dhateng kula sadaya.”

26Banjur iya mangkono iku kang katandukake dening Senapati Yusak marang wong mau, padha diluwari saka ing tangane wong Israel, satemah ora padha dipateni.

27Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel