Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 12 >> 

Yerusalem kaluwaran lan kaanyarake

1Wangsit Pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake tumrap Israel: Pangandikane Sang Yehuwah kang njereng langit lan kang nalesi bumi, sarta kang nitahake roh ing sajroning manungsa:

2“Lah Yerusalem Sundadekake bokor pangomben kang mendemi tumrap sakehe bangsa ing sakubenge, sarta Yehuda bakal ngrasakake susah samangsa Yerusalem kakepung.

3Ing wektu iku Yerusalem bakal Sundadekake watu kang dijunjung kanggo sakehe bangsa. Sapa bae kang njunjung mesthi banget anggone nandhang tatu. Sarta sakehe bangsa ing bumi bakal padha nglumpuk nglawan marang Yerusalem mau.

4Ing wektu iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Ingsun bakal damel bingunge sakehe jaran, lan sakehe wong kang nunggangi padha dadi edan, balik tumrap para turune Yehuda, Ingsun bakal ngelekake paningalingSun, nanging jarane bangsa liya bakal Sundadekake picak.

5Sawuse mangkono para gotrah ing Yehuda bakal padha mosik mangkene: Wong isine Yerusalem iku padha kadunungan kakuwatan marga saka Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, iku Gusti Allahe.

6Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.

7Tarube Yehuda bakal padha dipitulungi dhisik dening Pangeran Yehuwah, supaya turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem aja banget-banget anggone padha ngunggul-unggulake Yehuda.

8Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.

9Apadene ing dina iku Ingsun ngangkah numpes sakehe bangsa kang nempuh perang marang Yerusalem.”

Pasambat tumrap wong kang katuwek

10“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.

11Ing wektu iku patangisan ing Yerusalem bakal kaya pangadhuhe Hadad-Rimon ana ing lebak Megido.

12Wong sanagara bakal padha nganakake patangisan, saben sakulawarga dhewe, sagolongane turune Dawud dhewe, lan somahe iya dhewe; sagolongane turune Natan dhewe, lan somahe iya dhewe;

13gotrah turune Lewi dhewe, sarta somahe iya dhewe; gotrah turune Simei dhewe, sarta somahe iya dhewe;

14mangkono uga golongan liya-liyane saben gotrah dhewe, lan somahe iya dhewe.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel