Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 2 >> 

Wahyu kang kaping telu: Wong kang nyekel tali ukuran

1Aku banjur tumenga lan weruh, lah ana priya kang nyekel tali ukuran,

2Aku banjur matur pitakon: “Panjenengan tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane: “Arep ngukur Yerusalem, kepengin weruh pira ambane lan pira dawane.”

3Anadene malaekat kang ngandikan karo aku iku tumuli majeng, banjur ana malaekat liyane kang methukake,

4iku diprentahi mangkene: “Lumayua, wong nom kang ana ing kana kae kandhanana: Yerusalem bakal tetep kaya ara-ara kang ngeblak, awit saka kehing manungsa lan kewan kang ana ing jerone.

5Sarta Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”

Wong buwangan diceluk dikon mulih

6Ayo, ayo ta! Padha lumayua saka ing Tanah Lor, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- awit sira padha Sunbuyarake ing keblat papat, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

7Ayo, ngungsia menyang ing Sion, he, wong kang padha manggon ing Babil!

8Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, -- sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. --

9“Lah ta Ingsun bakal ngobat-abitake astaningSun marang para wong iku, lan banjur padha dadi bandhangane para wong kang ing maune dadi reh-rehane.” Nuli kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi iku kang ngutus aku.

10“He putri Sion! Padha surak-suraka lan bungah-bungaha, awit Ingsun rawuh lan dedalem ana ing tengahira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

11Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen pangeran Yehuwah kang ngutus aku.

12Ing kono Yehuda bakal kapundhut dening Sang Yehuwah dadi kagungane ana ing tanah kang suci, sarta Yerusalem bakal kapilih uga.

13He sakehe tumitah! Padha manenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel