Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 6 >> 

Wahyu kang kaping wolu: Kreta papat

1Aku banjur tumenga maneh sarta weruh: lah ana kreta papat metu saka ing antarane gunung loro. Anadene gunung iku gunung tambaga.

2Kreta kang kapisan rakitane jaran abang, kreta kang kapindho jaran ireng.

3Kang katelu jaran putih lan kang kapat jaran plangka lan plontheng.

4Aku banjur nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, aturku: “Dhuh bendara, punika sadaya tegesipun kadospundi?”

5Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.”

6Kang rakitane jaran ireng iku menyang ing Tanah Lor; kang putih iku parane mangulon, dene kang plangka menyang Tanah Kidul;

7sarta kang abang iku metu, bingung arep lunga sumedya ndlajahi salumahe bumi. Nuli padha kadhawuhan: “Mangkata, padha ndlajahana salumahe bumi!” Bumi banjur didlajahi.

8Panjenengane tumuli nguwuh marang aku: “Sawangen, kang lakune menyang Tanah Lor iku arep nentremake RohingSun ana ing Tanah Lor kono.”

Kratone Sang Trubusan ing Yerusalem

9Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

10“Ing dina iki uga sira lungaa, menyang omahe Yosia bin Zefanya narikana pisungsunge Heldai, Tobia lan Yedaya, wong kang wus padha bali saka ing pambuwangan ing Babil.

11Munguta salaka lan mas, iku banjur gawenen makutha lan sira etrapna ing sirahe Imam Agung Yusak bin Yozadak,

12kalawan pratelanana: Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Lah iki priya kang asmane Sang Trubusan. Iki bakal tuwuh saka ing papane, lan bakal yasa padalemane Sang Yehuwah.

13Panjenengane kang bakal mbangun padalemane Sang Yehuwah, sarta kang bakal tampi kaluhuran sarta lenggah ana ing dhampare kalawan ngasta paprentahan. Ing tengene bakal ana sawijining imam, sarta panjenengane sakarone iku bakal padha pirembagan bab damel tentrem-rahayu.

14Anadene makutha iku bakal tetep kasimpen ana ing padalemane Sang Yehuwah, minangka pangeling-eling marang Heldai, Tobia, Yedaya lan marang Yosia anake Zefanya.

15Wong-wong kang adoh bakal padha teka melu mbangun padalemane Sang Yehuwah, ing kono kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe kabeh. Lan prakara iki bakal kelakon, manawa kowe padha ngrungokake swarane Pangeran Yehuwah Allahmu kalawan temenan.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel