Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 8 >> 

Karahayone bangsa Israel

1Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene:

2“Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Banget anggoningSun mbudidaya nindakake samubarang kanggo Sion lan kalawan bramatya kang banter.

3Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal rawuh ing Sion maneh lan akedhaton ing tengahe Yerusalem, sarta Yerusalem bakal kasebut: Kutha Setya, dene gununge Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal kasebut: Gunung Suci.

4Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing lurung-lurunge Yerusalem bakal ana wong kaki-kaki lan nini-nini padha lungguh maneh kalawan padha nyekel teken, marga saka kehing umure;

5sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal kebak bocah-bocah lanang lan wadon kang padha dolanan ana ing kono.

6Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Manawa lelakon ing wektu iku diarani aneh dening kekarene bangsa iki, apa Ingsun iya bakal mastani aneh uga? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

7Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Lah umatingSun Sunentasake saka ing panggonan pletheking srengenge nganti tumeka ing papan surupe,

8sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.”

9Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Padha kuwatna atinira, he, para wong kang sasuwene iki padha krungu pangandika kang dilairake dening para nabi iku, wiwit nalika masang tetalesing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, nalika Padaleman Suci kaadegake.

10Awit sadurunge iku wong padha ora oleh rejeki, mangkono uga kewan: sarta wong kang mlebu metu ora bisa tentrem marga saka anane mungsuh, apadene Ingsun ndadekake wong kabeh padha memungsuhan.

11Nanging saiki, pangrehingSun marang kekarene bangsa iki ora kaya dhek biyen, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

12Nanging Ingsun bakal nyebar tentrem-rahayu. Ing kono wit anggur bakal metokake wohe, bumi bakal metokake asile sarta langit bakal menehake ebune. Iku kabeh bakal Sunparingake marang kekarene bangsa iki dadia darbeke.

13He, turune Yehuda lan turune Israel, dhek biyen sira dadi ipat-ipat ana ing antarane para bangsa, nanging saiki Ingsun bakal ngganjar karaharjan marang sira kabeh nganti padha dadi berkah. Aja padha wedi, santosakna atinira!”

14Awitdene pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Yen ing biyen nalika para leluhurira padha memungu bebenduningSun, Ingsun banjur kagungan karsa arep ndhatengake bilai marang sira kabeh lan Ingsun ora keduwung -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --

15nanging saiki Ingsun karsa damel becik maneh marang Yerusalem lan marang turune Yehuda. Sira aja padha wedi!

16Iki prakara-prakara kang kudu sira tindakake: Sawiji-wijining wong ngucapa kang bener marang pepadhane, lan netepana angger-angger ing sabenere kang njalari tentrem ana ing gapura-gapuranira.

17Aja ngangen-angen marang cilakane pepadhanira, karomaneh aja seneng asumpah palsu, sabab kabeh iku Sunsengiti.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

18Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang aku, surasane:

19“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Wektu puwasa ing sasi kaping pat, lan ing sasi kalima, ing sasi kapitu lan ing sasi kaping sapuluh, iku bakal dadi kabungahan lan suka pari suka sarta dadi riyaya kang nengsemake marang turune Yehuda; mulane sira padha nengenna marang kabeneran lan karukunan!”

Karahayon tumrap bangsa-bangsa

20Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Para bangsa lan para wong isine kutha-kutha pirang-pirang isih bakal padha teka maneh,

21sarta para kang manggon ing kutha kang siji padha marani marang kang manggon ing kutha sijine kalawan ngucap: Payo padha sowan ngunjukake panyuwun marang Sang Yehuwah, supaya karsaa paring kamirahan tuwin ngupaya marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi! Aku dhewe iya bakal padha sowan.

22Dadi bangsa pirang-pirang lan para suku bangsa kang santosa bakal padha teka ing Yerusalem, ngupaya Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, sarta padha nyuwun kamirahaning Yehuwah.”

23Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: “Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalane para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondheli pojoking jubahe wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhe tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil dening Gusti Allah!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zakharia 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel