Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 12 >> 

1Saiki bab pangwasa peparingé Sang Roh Suci, aku kepéngin supaya kowé padha ngerti ing sanyatané.

2Nalika kowé isih dadi wong kapir, kowé padha ora wanuh marang Gusti Allah; uripmu dikwasani déning brahala sing mati, sing tansah nyasaraké kowé.

3Ngertia yèn ora ana wong sing dituntun déning Sang Roh Suci kokmuni: "Yésus kena ing laknat". Lan uga ora ana wong sing bisa ngakoni: "Yésus kuwi Gusti," yèn ora merga dituntun déning Sang Roh Suci.

4Ganjaran rohani mau werna-werna, nanging sing maringi padha, yakuwi Sang Roh Suci.

5Mengkono uga patrapé ngladosi Gusti kuwi werna-werna, nanging Gusti sing kita ladosi mung siji yakuwi Gusti Yésus Kristus.

6Ana kaélokan werna-werna, nanging Allah iku siji, kang nindakaké iku kabèh ana ing wong kabèh.

7Nanging saben wong nampa ganjarané Sang Roh Suci, kang mbabaraké sarirané kanggo kabecikané wong kabèh.

8Sing siji kaparingan ganjaran déning Sang Roh Suci bisa micara kanthi kawicaksanan. Sing sijiné uga déning Sang Roh Suci diparingi ganjaran memulang bab Gusti Allah kanthi pangwasa.

9Sing siji diparingi ganjaran iman iya déning Sang Roh Suci, lan sijiné menèh diparingi ganjaran pangwasa kanggo marasaké wong lara.

10Marang sawenèhing wong Sang Roh Suci mau maringi ganjaran pangwasa kanggo gawé mujijat, lan marang wong liyané kawasisan kanggo memulang, lan marang wong liyané menèh ganjaran kanggo mbédakaké roh rupa-rupa. Ana sing tampa ganjaran bisa caturan nganggo basa roh, lan ana menèh sing kaparingan ganjaran bisa nerangaké tegesé basa roh mau.

11Kuwi mau kabèh pakaryané Sang Roh Suci. Panjenengané maringi ganjaran marang wong siji-sijiné miturut kersané piyambak.

12Sang Kristus kuwi kaya déné badan siji, sing akèh pérangané. Badané mung siji, senajan pérangané akèh.

13Semono uga kita kabèh, apa wong Yahudi, apa wong kapir, apa batur-tukon, apa wong merdika, kita wis padha kabaptis dadi badan siji, lan wis diombèni saka Roh siji.

14Awit badan iki ora dibangun mung saka pérangan siji waé, nanging saka pérangan akèh.

15Yèn sikil muni: "Sarèhné aku iki dudu tangan, aku dudu pérangané badan," kuwi ora ateges, yèn sikil mau dudu péranganing badan.

16Lan yèn kuping muni: "Sarèhné aku dudu mripat, dadi aku dudu pérangané badan," kuwi ora ateges yèn kuping mau dudu péranganing badan.

17Saupama badan sekojur mung mripat, kepriyé bisané krungu? Yèn badan sekojur dadi kuping, kepriyé bisané badan mau ngambu?

18Satemené, Gusti wis nitahaké saben péranganing badan mau béda-béda miturut ing sakersané.

19Yèn badan mung wujud pérangan siji, banjur endi sing diarani badan?

20Sing nyata pérangan-pérangané badan mau akèh, nanging badané mung siji.

21Mulané mata ora kena muni marang tangan: "Aku ora butuh kowé!" utawa sirah muni marang sikil: "Aku ora butuh kowé!"

22Malah pérangané badan sing ringkih dhéwé kuwi sing dibutuhaké banget,

23lan péranganing badan sing miturut wawasan kita ora ana ajiné, kuwi sing kita rumati. Gegelitaning badan sing katoné kurang apik, kita gatèkaké banget,

24ora kaya enggon kita nggatèkaké pérangan-pérangan sing wis éndah. Awit Gusti Allah enggoné mrenata badan kita kuwi wis klawan patrap mengkono, nganti pérangan sing ora pantes, digatèkaké luwih banget, supaya dadi lan pantesé.

25Dadi badan mono ora kapisah-pisah; nanging senajan pérangan-pérangané béda-béda, éwasemono pérangan sing siji mikiraké marang pérangan sijiné.

26Mulané yèn ana pérangan siji sing lara, pérangan liyané kabèh padha mèlu ngrasakaké. Lan yèn ana pérangan siji sing olèh pangalembana, pérangan liya-liyané padha mèlu bungah.

27Iya kaya mengkono kowé kabèh enggonmu dadi sarirané Sang Kristus, lan saben wong padha dadi pérangané.

28Uga ing pasamuwan Gusti Allah wis maringaké marang wong siji-sijiné kalungguhan lan ayahan: sepisan rasul-rasul; kapindho nabi-nabi; katelu guru-guru; nuli wong-wong sing nindakaké mujijat-mujijat, lan wong-wong sing padha kaparingan pangwasa marasaké wong lara utawa tetulung marang wong liya, utawa awèh tuntunan marang wong, utawa caturan nganggo basa roh.

29Wong-wong mau rak ora kabèh dadi rasul, utawa dadi nabi kabèh, utawa dadi guru kabèh. Rak ora kabèh bisa gawé mujijat,

30utawa bisa marasaké lelara, utawa bisa caturan nganggo basa roh, utawa bisa nerangaké maksudé basa roh mau.

31Mulané padha ngudia supaya padha kaparingan ganjaran sing luhur dhéwé. Déné dalan sing apik dhéwé kuwi sing mengkéné:


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel