Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 8 >> 

1Bab mangan sesajèning brahala, pancèn bener kaya kandhané wong-wong, yèn "kita wis padha duwé pangerti". Nanging kawruh sing mengkono mau marakaké wong dadi gumunggung, awit sing mbangun kuwi mung katresnan.

2Wong sing rumangsané ngerti samubarang, kuwi satemené kawruhé durung paja-paja.

3Nanging wong sing tresna marang Gusti Allah kanthi temen-temen, kuwi sing dadi keparengé Gusti Allah.

4Mulané bab mangan sesajèning brahala, kuwi satemené mengkéné: Kita ngerti yèn brahala mono pepethaning barang sing satemené ora ana. Kita ngerti yèn sing ana mung Gusti Allah piyambak.

5Senajan ana sing disebut "déwa-dèwi," ing swarga utawa ana ing bumi, lan senajan cacahé ‘déwa lan dèwi’ kuwi akèh,

6nanging tumrap kita mung ana Gusti Allah siji, yakuwi Sang Rama, sing nitahaké samubarang kabèh, lan kita padha urip kagem Panjenengané. Lan mung ana Gusti siji, yakuwi Gusti Yésus Kristus, sing dadi lantarané samubarang kabèh katitahaké, lan urip kita iki uga merga Panjenengané.

7Nanging ora saben wong ngerti marang kayektèn mau. Ana wong Kristen sing merga biyèn wis kulina nyembah brahala, tekan sepréné yèn mangan pangan sing disajèkaké marang brahala, rumangsané brahala mau ana temenan, lan pangan kuwi duwèké brahala mau temenan. Lan sarèhné imané sèkèng, yèn dhèwèké mangan pangan sing disajèkaké marang brahala, rumangsané wong mau banjur dadi najis.

8Mangka satemené pangan kuwi ora marakaké kita luwih cedhak karo Gusti Allah. Yèn kita ora mangan, kita ora kapitunan apa-apa, mengkono uga saupama kita mangan, kita iya ora bathi apa-apa.

9Mung waé kabébasan kita aja nganti marakaké wong sing imané sèkèng tumiba ing dosa.

10Saupama ana wong sing imané sèkèng weruh "kowé sing padha duwé kawruh" mau padha mangan ing kuil brahala, apa wong mau ora banjur mèlu-mèlu mangan pangan sing disajèkaké marang brahala?

11Lan srana mengkono ‘kawruhmu’ mau apa ora marakaké sedulurmu sing sèkèng imané dadi nemu tiwas? Mangka Sang Kristus wis nglampahi séda uga kanggo wong mau.

12Srana mengkono kowé wis gawé dosa marang sedulur-sedulurmu, srana natoni pangrasané atiné sing ringkih.

13Mulané yèn pangan kuwi marakaké sedulurku tumiba ing dosa, aku aluwung ora mangan panganan mau ing selawas-lawasé, supaya aku aja nganti njalari sedulurku tumiba ing dosa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel