Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 5 >> 

1Para pinituwané pasamuwanmu padha dakpituturi, yèn enggonku nulis iki merga aku dhéwé iki pinituwa sarta seksiné sangsarané Sang Kristus, sing bakal mèlu nampa kamulyané kang bakal kebabar.

2Engonen pepanthaning méndané Gusti Allah sing dipasrahaké marang kowé; reksanen klawan rilaning ati, kaya sing dikersakaké déning Gusti Allah, lan aja krana kepeksa. Aja nindakaké pegawéanmu merga mélik bayaran, nanging merga kadereng déning rasa kepéngin ngabdi.

3Kowé aja ngerèh wong-wong kang kapitayakaké marang pangreksamu, nanging padha dadi tuladha tumrap pepanthaning méndané.

4Lan samangsa Pangon Agung rawuh, kowé bakal tampa makutha mulya, sing cahyané ora bisa surem.

5Mengkono uga kowé para nom-noman, padha sumuyuda marang para wong tuwa. Lan padha diklawan andhap-asor enggonmu padha ladèn-linadènan, sebab ing Kitab Suci katulis: "Gusti Allah sengit karo wong angkuh, nanging melasi wong sing andhap-asor."

6Mulané padha nungkula ing sangisoring astané Allah Kang Mahakwasa, supaya yèn wis tekan wektuné kowé diluhuraké.

7Sakèhing sumelangmu pasrahna marang Gusti Allah, awit Panjenengané sing ngopèni kowé.

8Padha diwaras ing budi sarta diprayitna. Iblis mungsuhmu klinteran kaya singa nggero-nggero golèk memangsan.

9Padha mantepa ing precaya lan Iblis lawanen, awit kowé padha sumurup yèn kanca-kancamu tunggal precaya sajagad wrata uga ngalami nandhang sangsara sawetara.

10Gusti Allah sumbering sih-rahmat, sing wis nimbali kowé kabèh lantaran Sang Kristus marang kamulyan kang langgeng, bakal nyampurnakaké kowé lan maringi kasantosan lan kekuwatan sing ora bisa gingsir.

11Iya Panjenengané kuwi sing kagungan pangwasa langgeng ing selawasé. Amin.

12Enggonku nulis layang sing cekak marang kowé iki srana pitulungané Silas, sing dakanggep sedulur sing kena diprecaya. Preluné kanggo ngatag-atag lan awèh paseksi bab sih-rahmaté Allah sing sanyata, sing prayoga padha kokandel.

13Sedulur-sedulurmu tunggal sapasamuwan sing ana ing Babil, sing iya pinilih déning Gusti Allah, kirim salam marang kowé. Mengkono uga anakku Markus.

14Padha awèha salam siji karo sijiné klawan pengambung suci. Kowé kabèh padha kaparingana katentreman ana ing patunggilané Sang Kristus Yésus. Saka aku, Pétrus


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Petrus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel