Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 11 >> 

1Sang Raja Suléman mundhut garwa bangsa manca nganti akèh. Kejaba putriné raja Mesir, Suléman uga mundhut garwa bangsa Hèt, Moab, Amon, Édom lan Sidon.

2Mangka Gusti Allah wis ngandika, yèn wong Israèl ora kena kawin karo bangsa-bangsa mau, sebab ora wurung wong-wong kuwi bakal nggèndèng wong Israèl nganut marang allah-allah liya. Éwasemono Suléman nggarwa wong wadon manca akèh,

3garwané resmi 700, trah putri raja, lan telung atus sing diselir. Para garwané kuwi sing njalari Suléman nyingkur marang Allah,

4mula bareng wis sepuh para garwané mau nggèndèng Sang Raja nyembah marang allah-allah liyané. Dawud, ramané setya marang Pangéran, Allahé, nanging Suléman ora kaya ramané.

5Suléman nyembah marang Astorèt, brahalané bangsa Sidon, Molokh, déwané bangsa Amon sing njijiki.

6Srana mengkono Suléman nglakoni dosa ing ngarsané Allah. Dawud, ramané, mbangun-turut marang Allah klawan trus ing ati, nanging Suléman ora mengkono.

7Ing gunung sawétané Yérusalèm, Suléman yasa papan panyembahé brahala kanggo Kamos, déwané wong Moab, lan kanggo Molokh, déwané bangsa Amon, loro-loroné déwa sing njijiki.

8Suléman iya ngedegaké candhi-candhi supaya garwa-garwané bangsa manca bisa ngobong dupa ana ing kono lan gawé kurban kanggo déwa-déwané dhéwé.

9(11:9-10) Pangéran, Allahé Israèl wis ngetingal ping pindho marang Suléman lan wis ngémutaké yèn Suléman ora kena nyembah déwa-déwa, nanging Suléman ora mreduli dhawuhé. Malah Gusti Allah disingkur, mula duka banget marang Suléman.

10(11:9)

11Pangandikané, "Sarèhné kowé njarag nerak prejanjianmu karo Aku lan ora nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku, mulané kratonmu bakal Dakpundhut saka kowé lan Dakparingaké marang salah sijiné pegawému.

12Éwasemono, merga saka bapakmu Dawud, prekara kuwi ora Daktindakaké sajroné kowé isih urip, nanging mbésuk samasa anakmu dadi raja.

13Merga saka Dawud, abdi-Ku lan merga saka Yérusalèm, sing wis Dakpilih dadi kutha-Ku, taler siji bakal Dakparingaké marang anakmu."

14Gusti Allah ndadèkaké Hadad, turuné raja ing Édom, nglawan marang Suléman.

15(11:15-16) Sadurungé kuwi, sawisé Raja Dawud nelukaké Édom, Yoab panglimané angkatan perang, lunga menyang Édom ngubur wong-wong sing mati; ana ing kana karo para prejurité nganti nem sasi. Sajroné wektu kuwi wong-wong lanang ing Édom dipatèni kabèh déning Yoab,

16(11:15)

17nanging Hadad sing nalika semono isih cilik, lolos lan ngungsi menyang tanah Mesir, bebarengan karo wong sawetara, abdiné bapakné.

18Enggoné budhal saka Midian, banjur menyang Paran. Ing kana ana wong sawetara menèh padha mèlu. Sawisé mengkono nuli padha bebarengan lunga menyang tanah Mesir, sowan marang raja Mesir. Hadad mau diparingi omah lan palemahan déning raja Mesir, semono uga kebutuhané kanggo urip dicukupi.

19Hadad temah dadi mitrané Sang Raja, nganti diparingi bojo, sing isih keprenah ipéné Sang Raja dhéwé, yakuwi adhiné ratu Tahpenès.

20Bojoné Hadad banjur duwé anak lanang dijenengaké Genubat. Bocah mau digedhèkaké déning Sang Ratu piyambak lan manggon ing kedhaton, bebarengan karo para putrané Sang Prabu.

21Nalika krungu yèn Dawud wis séda lan Yoab panglimané perang uga wis ora ana, Hadad banjur matur marang Sang Prabu, "Kula mugi panjenengan idini wangsul dhateng negari kula."

22Pendanguné Sang Prabu, "Yagéné kowé kepéngin bali menyang tanahmu? Apa kowé ana ing kéné kurang kopèn?" Wangsulané Hadad, "Mboten mekaten, nanging keparenga kula wangsul dhateng negari kula."

23Gusti Allah uga nggawé Rézon bin Èlada dadi mungsuhé Suléman. Rézon kuwi abdi sing minggat saka enggoné bendarané, yakuwi Raja Hadadèzèr ing Zoba,

24banjur dadi penggedhéné grombolan. (Kedadéané kuwi nalika Dawud nyerang Hadadèzèr lan matèni kanca-kancané Hadadèzèr saka tanah Siria.) Rézon lan balané padha lunga menyang Damsyik lan manggon ana ing kono. Ing kono Rézon diangkat déning balané dadi raja ing Siria.

25Ora béda karo Hadad, Raja Rézon ing Siria mau iya memungsuhan karo Israèl selawasé pepréntahané Raja Suléman lan gawé rerusuh ing negara kono.

26Wong liyané sing mbrontak nglawan marang Suléman yakuwi pegawéné sing jeneng Yérobéam bin Nébat saka Zeréda, daérah Éfraim. Ibuné wis randha, jenengé Zerua.

27Critané pembrontakané Yérobéam kuwi mengkéné: Nalika palemahan sawétané Yérusalèm diurug lan témbok-témboké kutha lagi didandani.

28Yérobéam uga nyambut-gawé ana ing kono. Suléman pirsa yèn Yérobéam kuwi trampil nyambut-gawé lan sregep. Yérobéam banjur didadèkaké pengawas, ngwasani wong-wong sing padha nglakoni kerja-bakti ing wilayahé taler Manasyè lan Éfraim.

29Ing sawijining dina nalika lagi metu saka Yérusalèm, Yérobéam ditemoni Nabi Ahia, saka Silo, ing dalan sanjabané kutha, mung wong loro dhèwèkan.

30Nabi mau banjur nyopot jubahé sing dienggo lan isih anyar, nuli disuwèk-suwèk dadi rolas.

31Sawisé mengkono banjur kandha karo Yérobéam, "Njupuka sepuluh suwèkan, pèken dhéwé, sebab Pangéran, Allahé Israèl ngandika marang kowé mengkéné, ‘Kraton iki bakal Dakpundhut saka Suléman, lan sepuluh taler Dakparingaké marang kowé.

32Taler siji bakal isih tetep mèlu Suléman, merga saka abdi-Ku Dawud, lan merga saka Yérusalèm, sing wis Dakpilih dadi kutha-Ku.

33Prekara kuwi bakal Daktindakaké merga Suléman wis nyingkur marang Aku lan wis nyembah déwa-déwa, yakuwi Astorèt, déwa wadon saka Sidon; Kamos, déwané wong Moab, lan Molokh, déwané wong Amon. Suléman wis nglakoni dosa lan nglanggar dhawuh-dhawuh-Ku. Dawud, bapakné nglakoni prenatan-prenatan-Ku lan dhawuh-dhawuh-Ku, nanging Suléman ora mengkono.

34Kratoné ora Dakpundhut kabèh lan dhèwèké karebèn dadi raja samatiné. Kuwi Dakparengaké merga saka Dawud, abdi-Ku, sing wis Dakpilih lan iya sing pancèn netepi prenatan-prenatan-Ku lan nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku.

35Kraton iki bakal Dakpundhut saka anaké Suléman, lan sepuluh taler bakal Dakparingaké marang kowé.

36Nanging taler siji Dakngèngèhaké kanggo dhèwèké, supaya selawasé ana anak-turuné Dawud sing Dakparengaké dadi raja ana ing Yérusalèm, kutha sing wis Dakpilih dadi papan pangibadah marang Aku.

37Déné kowé, Yérobéam bakal Dakdadèkaké raja ing Israèl lan Dakparingi daérah-daérah kabèh sing kokkarepaké.

38Yèn kowé, kaya abdi-Ku Dawud, mbangun-turut temenan marang Aku, sarta nindakaké prenatan-prenatan-Ku lan gawé renaning penggalih-Ku, karo menèh nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku kabèh, Aku bakal nunggal karo kowé ing selawasé. Anak-turunmu bakal Dakdadèkaké raja ing Israèl, nggentèni kowé, kaya dhawuh-Ku marang Dawud.

39Sarèhné Suléman wis nglakoni dosa, mulané Aku bakal ngukum anak-turuné Dawud, nanging ora ing selawasé!’"

40Nalika Suléman midhanget pawarta mau, panjenengané ngarah patiné Yérobéam, nanging Yérobéam ngungsi marang Raja Sisak ing Mesir, lan manggon ing kana nganti sasédané Suléman.

41Lelakoné Suléman liyané, tumindaké pegawéané lan kawicaksanané, wis katulis kabèh ing Kitab Riwayaté Suléman.

42Suléman dedalem ing Yérusalèm lan ngerèh Israèl lawasé 40 taun.

43Sawisé mengkono banjur séda lan disarèkaké ing kuthané Dawud. Réhabéam, putrané, nggentèni jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel