Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 2 >> 

1Hana banjur nglairaké pamuji, tembungé, "Gusti Allah damel bingahing manah kawula, peparingipun nyegeraken nyawa kawula. Mengsah kawula, kawula poyoki; tentrem manah kawula, margi Gusti Allah saèstu sampun nulungi kawula.

2Sinten ingkang suci kados Gusti Allah? Sinten ingkang hébat kados Yéhuwah? Gusti kita saèstu tanpa tandhingipun!

3Aja gumedhé tembungmu, aja ngucapaké tembung saru! Sebab Gusti iku Allah Kang Mahamirsa. Kang ngadili sekabèhing tumindakmu.

4Putung gendhéwané para perwira. Nanging wong ringkih saya sentosa.

5Sing mauné banget waregé sebab lubèr-lubèr pangané, saiki dadi buruh opahan, mung supaya olèh pangan. Sing mauné padha banget luwéné, saiki padha tentrem, cukup pangané. Bojo kang gabug, saiki gedhé atiné, wis ping pitu enggoné nglairaké. Nanging ibu sing akèh anaké, diemohi, karebèn sangsara uripé.

6Gusti Allah kang ngganjar pati, mengkono uga kang nguripi. Kang ngedhunaké ing palimengan, lan ngangkat menèh ing pangentasan.

7Ana wong sing dirèmèhaké, ana uga sing disugihaké. Ana wong sing diasoraké, ana uga sing diluhuraké.

8Saka ing lebu diangkat wong sing kemlaratan, wong nistha dientas saka ing kasangsaran. Padha dadi kancaning para bangsawan, sarta uga kaparingan kaurmatan. Dhasaring bumi iku kagungané, sarta jagad kabangun ing sandhuwuré.

9Wong setya tansah tentrem ing ati, ing sajroning pangayomaning Gusti. Nanging ancur mumur wong duraka, peteng ndhedhet kasangsara. Ora bisa ngendelaké karosan, kekuwataning manungsa ora awèh kemenangan.

10Mungsuhé Allah padha giris, padha lebur, ing langit gludhug geter pater, Gusti Allah bakal ngadili, saisiné donya iki, sarta maringaké pangwasa kang mulya marang raja pilihané."

11Èlkana lan brayaté banjur mulih menyang ing Rama, nanging Samuèl kèri ana ing Silo, ngabdi marang Gusti Allah ana ing pengawasané Imam Èli.

12Anak-anaké Èli iku padha wong ala; padha ora manut dhawuhé Gusti Allah.

13Dadi imam, padha tumindak sewenang-wenang marang bangsa Israèl. Yèn ana wong sing saos kurban sembelèhan, abdiné imam mau teka karo nggawa garpu lancipé telu. Nalika daging mau digodhog garpuné dicublesaké ing manci sing kanggo nggodhog daging mau,

14apa waé sing katut garpu dadi duwèké imam. Wong Israèl kabèh sing padha teka ing Silo prelu nyaosaké kurban, tanggapané kaya mengkono.

15Kadhang-kadhang, abdi mau malah wis teka sadurungé gajihé diobong, banjur ngucap marang wong sing nyaosaké kurban mau, "Daging sing isih mentah kuwi caosna imam arep dipanggang; merga ora gelem nampa daging godhogan."

16Menawa wong mau mangsuli, "Prayoginipun kita manut ing angger-angger, langkung rumiyin gajih menika dipun bakar; sesampunipun menika kénging sampéyan pendhet sakajeng sampéyan," batur mau banjur mangsuli, "Ora, kudu kokwènèhaké saiki; yèn ora, bakal dakrebut."

17Kanthi mengkono anaké loro Imam Èli mau gedhé dosané ing ngarsané Gusti Allah, sebab babar-pisan ora padha gelem ngurmati kurban saosan kagem Gusti Allah.

18Samuèl, anaké Hana, terus ngladèni Gusti Allah. Dhèwèké nganggo klambi saka kain léna, kaya klambiné para imam nalika ngibadah.

19Saben taun ibuné nggawèkaké jubah cilik, banjur diwènèhaké marang Samuèl, nalika bebarengan karo bojoné teka nyaosaké kurban taunan.

20Èli banjur mberkahi Èlkana lan bojoné, sarta kandha karo Èlkana, "Karo bojomu iki, muga-muga Gusti Allah maringi anak menèh, minangka gantiné sing wis koksaosaké marang Gusti Allah." Sawisé mengkono banjur padha mulih menyang Rama.

21Hana diberkahi déning Gusti Allah, nganti duwé anak menèh lanang telu wadon loro. Déné Samuèl saya mundhak gedhé ana ing ngarsané Gusti Allah.

22Èli wis tuwa banget; tansah krungu lapuran bab lelakoné anak-anaké sing ora patut tumrap wong Israèl. Èli iya ngerti yèn anak-anaké padha turu karo wong-wong wadon sing tugas ana ing ngareping lawangé Kémah Palenggahaning Allah.

23Merga saka kuwi banjur kandha karo anak-anaké, "Aku wis nampa lapuran saka para umat kabèh bab pokalmu sing ora becik. Yagéné kowé padha nglakoni mengkono?

24Aja padha mengkono menèh, anakku. Pancèn ala banget apa sing digunem déning para umaté Gusti Allah prekara kowé!

25Yèn ana wong gawé dosa marang pepadhané manungsa, Gusti Allah bakal bisa mbélani; kosokbaliné yèn gawé dosa marang Gusti Allah, sapa sing bakal bisa nulungi?" Éwadéné anak-anaké padha ora nggatèkaké pituturé Èli, bapakné, sebab Gusti Allah wis kagungan putusan bakal matèni wong-wong kuwi.

26Kosokbaliné Samuèl, saya gedhé saya ditresnani déning Gusti Allah, mengkono uga déning wong akèh.

27Ing sawijining dina ana nabi nemoni Èli sarta ngandhakaké dhawuhé Gusti Allah, "Nalika Harun lan brayaté, yakuwi leluhurmu, dadi baturé raja ing Mesir, Aku wis ngandika marang Harun,

28yèn Aku wis milih brayaté Harun, saka ing antarané bangsa Israèl, dadi imam-Ku. Preluné ngladèni ing mesbèh, mbakar menyan; yèn pinuju ana ing ngarsa-Ku nganggo sandhangan éfod. Déné wong-wong mau wis Dakparingi wewenang njupuk sebagéan kurban saosan sing dibakar ing mesbèh.

29Nanging yagéné kowé isih srakah weruh kurban-kurban sing disaosaké umat-Ku marang Aku? Yagéné kowé, Èli, luwih ngurmati anak-anakmu tinimbang ngurmati Aku, nganti ngolèhaké anak-anakmu nglemokaké awaké nganggo sapéranganing pisungsungé umat-Ku, sing becik dhéwé?

30Aku, Gusti Allahé bangsa Israèl, biyèn wis janji, yèn brayatmu sarta talermu bakal ngladèni Aku dadi imam ing selawasé. Nanging saiki Aku ngandika, yèn Aku wis ora ngersakaké mengkono! Sebab sing ngurmati Aku, bakal Dakurmati, déné sing ngrèmèhaké Aku bakal Dakrèmèhaké.

31Rungokna, bakal ana wektuné Aku matèni para mudha kabèh ing brayatmu sarta talermu, nganti bakal ora ana wong lanang ing brayatmu nganti tuwa.

32Kowé bakal susah lan mèri weruh kabegjan sing bakal Dakparingaké marang wong-wong Israèl liyané, mangka ing brayatmu bakal ora ana sing nganti tuwa.

33Mung ana siji turunmu sing bakal Dakslametaké sarta bakal ngladèni Aku dadi imam. Éwadéné wong kuwi bakal wuta sarta uripé tanpa pengarep-arep. Déné turunmu liyané kabèh bakal dipatèni.

34Kanggo bukti yèn pangandika-Ku iki bener lan bakal kelakon kabèh, Hofni lan Pinéhas, anakmu loro kuwi, bakal mati ing sajroning sedina.

35Sebanjuré Aku bakal milih imam sing setya lan nglakoni apa waé sing Dakdhawuhaké. Turuné bakal tansah duwé kuwajiban kanggo para raja sing Dakpilih.

36Déné turunmu sing isih urip, bakal sowan imam mau lan nyuwun dhuwit sarta pangan. Dhèwèké bakal matur, ‘Kula mugi kepareng mbantu para imam, supados kula angsal tedha senajan namung sapulukan.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel