Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 20 >> 

1Dawud banjur mlayu saka Nayot, lunga nemoni Yonatan lan takon, "Kalepatan kula menapa? Pendamel awon menapa ingkang sampun kula lampahi? Saha dosa kula menapa dhateng bapak sampéyan, ngantos badhé mejahi kula?"

2Yonatan mangsuli, "Sampun criyos mekaten! Atas asmanipun Gusti Allah, sampéyan mboten badhé dipun pejahi. Bapak kula tansah nyriyosi kula sedaya rancanganipun, inggih ingkang wigatos, menapa déné ingkang mboten. Dados mokal bapak nyidhem bab menika dhateng kula. Milanipun, menapa ingkang sampéyan criyosaken menika mboten leres!"

3Wangsulané Dawud, "Bapak sampéyan mangertos saèstu, menawi sampéyan tresna dhateng kula. Dados temtunipun mboten badhé ngandikakaken prekawis menika dhateng sampéyan, supados sampéyan mboten sisah. Kadospundi kémawon, atas asmanipun Gusti Allah ingkang sipat gesang, menapa ingkang kula criyosaken menika leres; nyawa kula wonten ing pucuking rambut!"

4Pangucapé Yonatan, "Menapa kémawon ingkang sampéyan kersakaken badhé kula lampahi."

5Wangsulané Dawud, "Mbénjing-énjing badhé wonten Pésta Wulan Énggal, lan kedahipun kula nedha sesarengan kaliyan Saul. Nanging menawi sampéyan setuju, kula mboten badhé késah, kula badhé ndhelik ing ara-ara ngantos mbénjing embèn dalu.

6Menawi bapak sampéyan ndangu menapa sebabipun kula mboten dhateng, sampéyan aturaken kémawon bilih kula sampun nyuwun pamit dhateng sampéyan prelu énggal-énggal mantuk dhateng Bètléhèm, mergi ing ngrika dipun wontenaken kurban taunan kanggé brayat kula sedaya.

7Menawi Sang Prabu ngandika, ‘Iya becik,’ kula badhé wilujeng. Nanging menawi dados duka, sampéyan badhé sumerep bilih panjenenganipun sampun damel putusan, badhé damel cilaka kula.

8Kula nyuwun pitulung sampéyan, mergi kita sampun prejanji ing ngarsanipun Allah. Éwadéné, menawi kula gadhah kalepatan, kula sampéyan pejahana, nanging sampun ngantos sampéyan pasrahaken dhateng bapak sampéyan."

9Wangsulané Yonatan, "Sampun kuwatos! Menawi kula mangertos bilih bapak kula kagungan tékad damel cilaka sampéyan, sampéyan temtu kula kabari!"

10Dawud nuli takon, "Sinten ingkang badhé ngabari kula, saupami bapak sampéyan anggènipun mangsuli kanthi duka?"

11"Mangga sami késah dhateng ara-ara," tembungé Yonatan. Banjur padha lunga bebarengan menyang ara-ara.

12Yonatan banjur kandha karo Dawud, "Mugi-mugi Gusti Allah, inggih Allahipun bangsa Israèl, dados seksi kita! Mbénjing-énjing utawi mbénjing embèn kinten-kinten kados wekdal menika, kula angkah badhé nyumerepi menapa ingkang dipun penggalih bapak kula. Menawi penganggepipun dhateng sampéyan saé, kula badhé ngabari sampéyan.

13Menawi niyatipun awon, inggih mesthi badhé kula kabari, supados sampéyan saged oncat. Gusti Allah mejahana kula, menawi prekawis menika mboten kula tindakaken. Mugi-mugi Gusti Allah nunggil kaliyan sampéyan kados nalika nunggil kaliyan bapak kula rumiyin!

14Sarta menawi kula taksih gesang, sampéyan ugemi prejanjian kita ing ngarsanipun Allah menika, saha kula aturi pitados dhateng kula. Nanging menawi kula sampun mboten wonten,

15sampun ngantos pedhot kasetyan sampéyan dhateng anak-turun kula ing selaminipun. Saha menawi Gusti Allah numpes sedaya mengsah kita,

16sampun ngantos prejanjian kita kekalih menika pedhot. Menawi ngantos pedhot, Gusti Allah badhé ngukum sampéyan."

17Ping pindho Yonatan olèhé njaluk supaya Dawud nresnani dhèwèké, sebab dhèwèké banget enggoné nresnani Dawud.

18Yonatan banjur kandha karo Dawud, "Mbénjing-énjing Pésta Wulan Énggal. Mesthi badhé kasumerepan, bilih sampéyan mboten wonten, sebab panggènan sampéyan kosong;

19menapa malih mbénjing embèn. Milanipun mangga sampéyan késah dhateng pandhelikan sampéyan rumiyin menika, sarta manggèn ing sawingking tumpukan séla.

20Mbénjing embèn kula badhé nglepasaken panah tiga ngener séla menika, kados wonten ingkang kula panah.

21Kula lajeng badhé kèngkènan abdi kula mendheti panah-panah menika, sarta menawi kula criyos dhateng piyambakipun, ‘Hé, panah kuwi cedhak kéné, jupukana,’ menika tegesipun sampéyan wilujeng lan kénging medal. Kula sumpah ing asmanipun Gusti Allah ingkang sipat gesang, bilih sampéyan mboten wonten ing salebeting bebaya menapa kémawon.

22Nanging menawi kula criyos dhateng abdi kula, ‘Hé, panah kuwi luwih adoh ing kana,’ menika tegesipun Gusti Allah ndawuhi sampéyan késah, dados kula aturi késah.

23Mugi Gusti Allah njagi supados kita kekalih ngugemi prejanjian kita ing selaminipun!"

24Dawud banjur ndhelik ing ara-ara. Ing Pésta Sasi Anyar, Raja Saul rawuh ing pésta mau.

25Kaya adat saben lenggahé Raja Saul cedhak témbok; Yonatan linggih ana ing ngarepé, Abnèr ing sandhingé sang raja, nanging kursiné Dawud tetep kosong.

26Saul ing dina kuwi ora omong-omong apa-apa, gagasané, "Bisa uga dhèwèké lagi najis, merga nindakaké prekara sing ora suci manut agamané."

27Ing dina candhaké, yaiku dina kapindho, kursiné Dawud isih kosong, Saul banjur takon karo Yonatan, "Yagéné dhèk wingi lan ing dina iki Dawud ora teka ing pésta?"

28Aturé Yonatan, "Piyambakipun sampun nyuwun pamit dhateng kula prelu késah dhateng Bètléhèm.

29Tembungipun, ‘Mugi sampéyan lilani kula késah, mergi brayat kula sami ngawontenaken pésta kurban taunan ing Bètléhèm, saha kula dipun purih ndhatengi. Milanipun, mugi kepareng kula késah manggihi sedhèrèk-sedhèrèk kula.’ Inggih menika sebabipun piyambakipun mboten tumut péstanipun bapak."

30Krungu mengkono mau Saul dadi nepsu banget marang Yonatan, pangucapé, "Anaké sundel! Saiki aku ngerti yèn kowé ngréwangi Dawud lan gawé isinmu dhéwé sarta isiné ibumu!

31Apa kowé ora krasa yèn Dawud isih urip, kowé ora bakal dadi raja ing negara iki? Saiki lungaa lan Dawud susulen, sebab dhèwèké kudu mati!"

32Aturé Yonatan, "Menapa sebabipun piyambakipun kedah pejah? Dosanipun menapa?"

33Krungu mengkono Saul banjur nlorongaké tumbaké marang Yonatan, arep dipatèni. Dadi Yonatan banjur ngerti, yèn bapakné pancèn duwé niyat arep matèni Dawud.

34Kanthi nepsu banget Yonatan lunga saka méja bujana lan ing Pésta Sasi Anyar dina kapindho mau ora mangan apa-apa. Yonatan prihatin banget mikiraké Dawud, sing wis dirèmèhaké déning Saul, bapakné.

35Ésuké Yonatan lunga menyang ara-ara kaya sing wis padha dirancang. Dhèwèké ngejak bocah lanang,

36banjur dikandhani, "Panah sing bakal daklepasaké iki jupuken!" Nalika bocah mau mlayu, Yonatan nglepasaké panahé.

37Bareng bocahé tekan ing panggonané panah mau, Yonatan mbengoki, "Hé, panahé luwih adoh ing kana!

38Cepet sethithik, aja ngalamun!" Bocah mau njupuk panahé, banjur bali menyang panggonané Yonatan.

39Dhèwèké babar-pisan ora ngerti karepé tembung-tembungé Yonatan mau, mung Yonatan lan Dawud sing ngerti.

40Yonatan mènèhaké panahé marang bocah mau, sarta banjur dikon bali menyang kutha.

41Sawisé bocah mau lunga, Dawud metu saka samburiné tumpukan watu, banjur sujud ping telu. Dawud lan Yonatan padha rangkulan karo nangis. Susahé Dawud luwih gedhé tinimbang susahé Yonatan.

42Wusanané Yonatan kandha karo Dawud, "Mugi Gusti Allah nunggil kaliyan sampéyan. Gusti Allah mugi njagi supados kita lan turun kita, tansah ngugemi janji kita kekalih ing ngarsanipun Allah." Sawisé kuwi Dawud banjur lunga, lan Yonatan bali menyang kutha.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel