Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 26 >> 

1Ing sawijining dina wong-wong saka Zif padha sowan Saul ing Gibéa lan ngabari yèn Dawud ndhelik ing Gunung Hakhila ing pinggiring ara-ara Yéhuda.

2Saul banjur énggal-énggal mangkat karo prejurité telung èwu sing becik-becik menyang ara-ara Zif nggolèki Dawud.

3Saul pasang kémah ing pinggir dalan cedhak Gunung Hakhila. Dawud sing ana ing ara-ara krungu yèn Saul nggolèki.

4Banjur ngirimaké telik sandi, lan olèh kabar yèn Saul ana ing kono.

5Dawud énggal-énggal mara nggolèki lan bisa nemokaké kémahé Saul lan Abnèr, anaké Nèr. Kémahé Saul ana ing tengah, déné para prejurité ana ing sakiwa-tengené.

6Dawud banjur takon karo Akhimèlèkh, wong Hèt, sarta marang Abisai, seduluré Yoab (ibuné yakuwi Zeruya), "Sapa sing wani mlebu bebarengan karo aku menyang sajroné kémahé Saul?" Abisai ngucap, "Kula!"

7Ing bengi kuwi Dawud karo Abisai mlebu ing kémah mau lan Saul ketemu lagi saré, tumbaké tumancep ing lemah ing sandhing mestakané. Abnèr lan para prejurité turu ing sakiwa-tengené Saul.

8Tembungé Abisai marang Dawud, "Ing dalu menika Gusti Allah sampun masrahaken mengsah sampéyan dhateng sampéyan. Kula sampéyan lilani numbak piyambakipun ngantos tembus ing siti, sepisan kémawon, mboten prelu ngaping kalihi."

9Nanging Dawud kandha, "Aja! Aja kokganggu! Gusti Allah mesthi bakal ngukum wong sing tumindak ala marang raja sing dipilih déning Allah.

10Demi Allah kang gesang, aku ngerti yèn Panjenengané piyambak sing bakal numpes Saul, embuh yèn wis wektuné mati embuh yèn ana ing peprangan.

11Gusti Allah menggak enggonku arep matèni raja sing dipilih déning Allah! Dijupuk waé tumbak lan kendhiné, banjur kita tinggal lunga!"

12Dawud banjur njupuk tumbak lan kendhiné sing ana ing sandhingé sirahé Saul, banjur lunga. Ora ana wong siji waé sing ngerti utawa tangi, sebab Gusti Allah nyirep wong-wong kuwi kabèh.

13Dawud liwat sisihé ngaré liyané tekan pucaking gunung, nganti dhèwèké lan kémahé Saul leté adoh.

14Dawud banjur mbengoki Abnèr lan prejurité Saul, "Abnèr! Apa kowé krungu pambengokku?" Abnèr uga mbengok, "Sapa sing bengok-bengok?"

15Wangsulané Dawud, "Abnèr, kowé rak wong sing hébat dhéwé ing Israèl? Yagéné kowé ora njaga bendaramu, Sang Prabu? Lagi waé ana wong mlebu ing kémahmu arep matèni bendaramu.

16Tanpa guna enggonmu nindakaké kuwajiban, Abnèr! Demi Allah kang gesang, kowé kabèh kaya wong mati, sebab ora njaga bendaramu, pilihané Allah. Coba delengen! Tumbaké Sang Prabu ana ing ngendi? Kendhiné sing ana ing cedhaké mestakané ana ing ngendi?"

17Saul ora pangling karo swarané Dawud, banjur takon, "Apa iya bener, kowé Dawud, anakku?" Wangsulané Dawud, "Inggih, Sang Prabu."

18Banjur ngucap menèh, "Menapa sebabipun Sang Prabu taksih ngoyak-oyak kula kémawon? Lepat kula menapa?

19Sang Prabu, kula aturi nampèni atur kula menika. Menawi Gusti Allah ingkang dhawuh supados panjenengan nglawan kula, menika prekawis ingkang badhé ngleremaken dukanipun dhateng kula. Nanging menawi ingkang mbujuk panjenengan menika manungsa, mugi angsala paukumanipun Allah! Margi saking tumindakipun menika, kula dipun tundhung saking tanah ingkang dipun janjèkaken Allah, kedah késah dhateng negari sanès lan ngabekti dhateng déwa-déwa sanèsipun.

20Kula sampun ngantos dipun pejahi ing tanah manca, tebih kaliyan Gusti Allah. Menapa ginanipun raja Israèl mbujeng, badhé mejahi tuma kados kula menika? Menapa ginanipun mbujeng kula kados déné mbujeng ayam wana?"

21Saul banjur mangsuli, "Aku sing luput. Balia, Dawud, anakku! Aku ora bakal tumindak ala menèh marang kowé, merga mau bengi kowé wis ngéman nyawaku. Pretingkahku bodho banget. Aku wis nindakaké prekara sing ambek siya banget."

22Nanging Dawud mangsuli, "Menika tumbak panjenengan, kersaa utusan prejurit mendhet.

23Gusti Allah badhé malesaken sinten kémawon ingkang setya lan jujur. Sebab, senajan ing dinten menika Gusti Allah masrahaken panjenengan dhateng kula, kula mboten purun damel awon dhateng panjenengan, pilihanipun Allah.

24Kados déné panjenengan sampun kula éman sugeng panjenengan ing dinten menika, inggih mekaten ugi kula dipun ayomi déning Allah saha dipun uwalaken saking sedaya bebaya!"

25Saul banjur ngucap marang Dawud, "Gusti Allah mberkahi kowé, anakku! Bakal kaleksanan apa sing koklakoni!" Dawud banjur nerusaké lakuné, déné Saul kondur.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel