Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 27 >> 

1Dawud mikir-mikir, "Kepriyé waé ing sawijining dina Saul bakal matèni aku. Dadi, ora ana cara liya kanggoné aku, kejaba mung ngungsi menyang tanahé wong Filistia. Yèn mengkono Saul bakal lèrèn enggoné nggolèki aku, lan aku iya bakal tentrem."

2Dawud lan prejurité banjur énggal-énggal lunga marani Akhis, anaké Maoh, raja ing kutha Gat.

3Dawud banjur manggon ing Gat bebarengan karo brayat lan para prejurité. Dawud uga nggawa bojoné loro, Ahinoam saka Yésreèl, lan Abigail, randhané Nabal, saka Karmèl.

4Bareng Saul krungu, yèn Dawud wis ngungsi menyang Gat, banjur lèrèn enggoné nggolèki.

5Dawud matur marang Akhis, "Menawi kula angsal sih panjenengan, mugi kersa maringi kitha alit kénginga kula enggèni, supados kula mboten mondhok ing dalem panjenengan ing kitha ageng menika."

6Akhis banjur maringaké kutha Ziklag marang Dawud, mulané wiwit wektu kuwi Ziklag dadi duwèké para raja Yéhuda.

7Dawud manggon ing negarané wong Filistia suwéné setaun patang sasi (nembelas sasi).

8Sajroné wektu kuwi Dawud lan para prejurité kerep nyerang wong-wong Gésur, Girzi lan wong-wong Amalèk sing manggon ing wilayah kono. Enggoné nyerang tekan Sur, sauruting dalan menyang tanah Mesir,

9matèni sakèhé wong lanang lan wadon sarta ngrampas wedhus gèmbèl, sapi, kuldi, unta sarta iya sandhangan barang. Banjur bali sarta lapur marang Akhis.

10Menawa Akhis takon, "Enggonmu padha nempuh perang ana ing ngendi?" Dawud matur, yèn dhèwèké wis lunga menyang tanah Yéhuda sisih Kidul utawa menyang wilayahé Yérahmeèl utawa wilayahé wong-wong Kèni.

11Ora ana wong siji waé ing wilayah-wilayah kono sing diéman nyawané, supaya ora ana sing menyang Gat nglapuraké apa sing ditindakaké Dawud lan para prejurité. Kaya mengkono mau tumindaké Dawud sajroné manggon ing negarané wong Filistia.

12Akhis precaya marang Dawud sarta nggagas, "Bangsané koksengit banget karo Dawud, nganti kepeksa dadi baturku selawasé urip."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel