Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 3 >> 

1Dhèk semana, Samuèl isih bocah; ngabdi marang Gusti Allah diawasi déning Èli; lan arang banget ana dhawuh sarta wahyu saka Gusti Allah.

2Ing sawijining bengi, Èli sing wis tuwa sarta mèh wuta, lagi turu ing kamaré;

3déné Samuèl turu ing sacedhaké Pethi Prejanjiané Allah, ing Kémah Suci. Ing wayah bangun ésuk, lampuné durung mati,

4Gusti Allah nimbali Samuèl, mula banjur matur, "Inggih, pak?"

5Dhèwèké banjur mlayu nemoni Èli lan matur, "Bapak nimbali?" Nanging wangsulané Èli, "Aku ora ngundang kowé, turua menèh." Samuèl banjur turu menèh.

6(3:6-7) Sabanjuré Gusti Allah nimbali Samuèl menèh, nanging Samuèl ora ngerti yèn sing nimbali kuwi Gusti Allah, sebab Gusti Allah durung tau ngandika karo dhèwèké. Mulané Samuèl banjur tangi, sowan Èli sarta matur, "Bapak nimbali? Menika kula sowan." Èli mangsuli, "Aku ora ngundang kowé; wis turua menèh waé."

7(3:6)

8Gusti Allah nimbali Samuèl menèh, sing ping teluné; Samuèl banjur tangi lan sowan Èli sarta matur, "Bapak nimbali? Menika kula sowan." Saiki Èli lagi ngerti, yèn sing nimbali bocah mau Gusti Allah.

9Mulané Èli banjur kandha karo Samuèl, "Turua menèh. Yèn ditimbali menèh matura, ‘Mugi kersaa ngandika, Gusti, kawula mirengaken.’" Samuèl banjur mapan turu menèh.

10Gusti Allah banjur rawuh sarta jumeneng ing panggonan kono lan nimbali, "Samuèl, Samuèl!" Samuèl nuli matur, "Mugi kersaa ngandika, Gusti, kawula mirengaken."

11Gusti Allah banjur ngandika marang Samuèl, "Aku bakal nindakaké prekara sing nggegirisi tumrap wong Israèl, nganti mbengungung ing kupingé sapa waé sing krungu.

12Ing dina kuwi Aku bakal nindakaké ancaman-ancaman-Ku kabèh marang brayaté Èli, sing kawitan nganti tekan sing pungkasan.

13Dhèwèké wis Dakwènèhi weruh, yèn brayaté bakal Dakukum ing selawasé, sebab anak-anaké ngrèmèhaké Aku. Èli wis weruh pokalé anak-anaké, nanging ora padha disrengeni.

14Mulané Aku sumpah ing ngatasé brayaté Èli, yèn dosané sing gedhé banget mau ora bakal kena ditebus nganggo kurban utawa pisungsung apa waé."

15Sawisé mengkono, Samuèl turon menèh, lan ésuké tangi, mbukaki lawangé Pedalemané Allah. Dhèwèké wedi ngaturaké marang Èli apa sing wis diweruhi mau,

16nanging banjur diundang Èli, "Samuèl, anakku." Wangsulané Samuèl, "Kula, pak."

17Èli pitakon, "Apa sing dingandikakaké Gusti Allah marang kowé? Critakna kabèh marang aku. Yèn ana sing koksidhem, mesthi bakal diukum déning Gusti Allah."

18Samuèl banjur nyritakaké kabèh mau marang Èli. Ora ana siji waé sing disidhem. Èli banjur kandha, "Gusti Allah kersané nindakaké apa waé sing becik."

19Samuèl mundhak gedhé. Gusti Allah nunggal karo dhèwèké lan kabèh sing dingandikakaké marang Samuèl kelakon temenan.

20(3:20-21) Yakuwi sebabé Samuèl disebut nabining Gusti Allah ing negara kono. Saben-saben Samuèl kandha, wong-wong Israèl padha ngrungokaké. Lan Gusti Allah tetep ngetingali Samuèl ing Silo, yakuwi panggonané ngandika marang Samuèl.

21(3:20)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel