Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 30 >> 

1(30:1-5) Sawisé rong dina, Dawud lan para prejurité bali menyang Ziklag. Nalika tekan kana, padha weruh yèn wong Amalèk wis nyerang Yéhuda sisih Kidul lan Ziklag. Siji waé ora ana sing dipatèni déning wong-wong mau. Nanging kuthané diobong nganti entèk lan salungané karo nggawa para wong wadon, bocah-bocah sarta wong-wong liyané, uga nggawa brayaté Dawud lan brayaté prejurité. Bojoné Dawud yakuwi Ahinoam lan Abigail iya katut pisan. Dawud lan para prejurité susah banget, nangis terus tanpa lèrèn nganti ora duwé kekuwatan.

2(30:1)

3(30:1)

4(30:1)

5(30:1)

6Prejurité Dawud padha susah banget, sebab padha kélangan anak-bojoné. Mulané wong-wong mau padha arep mbenturi Dawud nganggo watu. Dawud iya susah banget, nanging atiné diteguhaké déning Allah.

7Dawud kandha karo Imam Abyatar anaké Akhimèlèkh, "Éfod kuwi gawanen mréné!" Abyatar banjur mènèhaké éfod marang Dawud.

8Dawud matur marang Gusti Allah, "Menapa kawula kedah ngoyak grombolan rampog ingkang nyerang menika? Menapa tiyang-tiyang menika saged ketututan lampahipun?" Pangandikané Gusti Allah, "Iya, tututana; kowé bakal bisa nututi lan ngluwari para tawanan."

9(30:9-10) Dawud banjur mangkat karo prejurité nem atus. Nalika tekan Kali Besor, Dawud nerusaké lakuné bebarengan karo wong patang atus; déné sing rong atus liyané, sing padha sayah ora kuwat nyabrang Kali Besor, padha kèri ana ing kono.

10(30:9)

11Nalika padha mlaku prejurité Dawud ketemu karo wong lanang Mesir ing ara-ara, banjur disowanaké Dawud. Jebul wis telung dina wong mau ora mangan lan ngombé, banjur diwènèhi mangan lan ngombé,

12roti woh ara lan anggur garing rong dhompol. Sawisé mangan, kekuwatané pulih, merga wis telung dina wong mau ora mangan ora ngombé.

13Dawud banjur nakoni wong mau, "Sapa bendaramu, lan kowé kuwi saka ngendi?" Wangsulané, "Kula menika tiyang Mesir, abdinipun tiyang Amalèk. Margi kula sakit, tigang dinten ingkang kepengker kula dipun tilar déning bendara kula.

14Kula sedaya sampun sami majeng perang ing wilayah Kreti, ing Yéhuda sisih Kidul saha wilayahipun bangsa Kalèb, sarta sampun sami mbesmi Ziklag ngantos telas."

15Pitakoné Dawud sabanjuré, "Apa kowé gelem nuduhaké dalan sing tekan panggonané grombolan rampog kuwi?" Wangsulané, "Kula purun, angger panjenengan kersa janji atas asmanipun Allah, bilih kula mboten panjenengan pejahi saha mboten panjenengan pasrahaken dhateng bendara kula."

16Dhèwèké banjur nuduhaké dalan sing menyang panggonané grombolan rampog mau. Ing wektu kuwi grombolan rampog mau padha sumebar, karo padha mangan, ngombé sarta pésta gedhèn, merga saka akèhé barang rampasan sing padha digawa saka negara Filistia lan Yéhuda.

17Ésuké isih repet-repet, grombolan mau diserang déning Dawud. Enggoné padha perang nganti tekan bengi. Siji waé ora ana mungsuh sing bisa lolos, kejaba para mudha patang atus sing keplayu nunggang unta.

18Dawud kelakon bisa ngrebut barang-barang sing dirampas déning wong Amalèk, klebu bojoné loro pisan;

19ora ana siji waé sing ilang. Kabèh bocah lanang wadon sarta barang sing wis dirampas déning wong Amalèk dijaluk bali déning Dawud.

20Kejaba kuwi Dawud iya ngrebut wedhus gèmbèl lan raja-kaya kabèh. Kéwan-kéwan mau padha digiring déning prejurité Dawud ana ing sangareping rampasan, sarta para prejurit padha ngucap, "Rampasan iki kanggo Dawud!"

21Dawud banjur bali menyang panggonané wong rong atus sing padha kesayahen, ora bisa mèlu, sing wis ditinggal ing pinggiring Kali Besor. Wong-wong mau padha methukaké Dawud, lan methukaké para prejurité; Dawud banjur nyedhak sarta nyalami.

22Nanging para prejurité Dawud sing padha ndhèrèk ana sing wataké ala lan sengit. Banjur padha matur, "Tiyang-tiyang menika mboten ndhèrèk, dados mboten kénging nampi menapa-menapa saking rampasan menika. Kéngingipun namung mendhet anak saha sémahipun, lan lajeng kapurih késah."

23Nanging Dawud mangsuli, "Sedulur-sedulurku! Aja padha kaya mengkono tumrap apa sing wis diparingaké déning Allah marang kita. Kita rak wis diayomi lan diparingi menang karo grombolan rampog?

24Dadi sapa waé ora kena nyarujuki usul kuwi! Kabèh kudu olèh panduman sing padha. Wong sing kèri prelu njaga barang-barang kudu olèh panduman sing padha kaya déné sing maju perang."

25Mengkono saterusé didadèkaké tatanan déning Dawud, lan diugemi nganti sepréné.

26Nalika Dawud bali menyang Ziklag, dhèwèké ngirimaké sebagéan saka barang rampasan mau marang para penggedhéné Yéhuda ing kutha-kutha sing wis tau didlajahi déning Dawud lan para prejurité nalika nglembara, tembungé, "Iki berkah kanggo kowé kabèh saka barang rampasan sing dakrebut saka mungsuhé Allah."

27(30:27-31) Kutha-kutha mau yakuwi: Bètèl, Rama ing Yéhuda sisih Kidul, Yatir, Aroèr, Sifmot, Èstemoa, Rakal, mengkono uga kutha-kuthané wong Yérahmeèl, kutha-kuthané wong Kéni, Horma, Berasan, Atab lan Hébron. Kabèh kutha panggonané Dawud lan para prejurité nalika ngungsi, padha nampa barang-barang saka Dawud.

28(30:27)

29(30:27)

30(30:27)

31(30:27)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel