Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 31 >> 

1Dhèk semana wong Filistin padha perang nglawan wong Israèl ing Gunung Gilboa. Akèh wong Israèl sing padha mati, déné liyané, anak-anaké padha keplayu.

2Nanging padha ditututi déning wong Filistin lan anaké Saul sing dipatèni telu, yakuwi: Yonatan, Abinadab lan Malkisua.

3Peprangan sangsaya ngambra-ambra. Déné Saul dhéwé kena panahing mungsuh, nganti tatu-tatuné nggegirisi.

4Saul banjur kandha karo pemuda sing nggawa gegamané, "Pedhangmu unusen, sudukna aku, supaya aku ora diwirang-wirangaké lan ora dipatèni déning wong-wong kapir kuwi." Nanging pemuda mau ora gelem nglakoni, merga saka wediné. Mulané Saul njupuk pedhangé dhéwé lan dirungkebi.

5Bareng pemuda mau weruh, yèn Saul wis mati, iya ngrungkebi pedhangé, banjur mati ana ing sandhingé Saul.

6Mengkono enggoné Saul, anaké telu, prejurité kabèh sarta pemuda mau padha tiwas nunggal dina.

7Bareng wong-wong Israèl sing manggon ing sabrangé tanah ngaré Yésreèl lan sawétané Kali Yardèn padha krungu, yèn prejurit Israèl wis keplayu, sarta Saul lan anak-anaké padha tiwas, banjur padha ninggal kuthané. Kutha-kutha mau banjur ditekani lan dibroki wong Filistin.

8Sedina sawisé peprangan mau, wong Filistin padha teka arep mblèjèdi sing padha tiwas, lan iya banjur padha mrangguli jisimé Saul lan anak-anaké, gumléthak ana ing Gunung Gilboa.

9Sirahé Saul ditigas, sandhangané perang diblèjèdi. Wong Filistin banjur kongkonan nggawa sirah lan sandhangan perangé Saul mau menyang saindenging negara Filistia kanggo ngabari marang wong-wong Filistia lan marang déwané.

10Sabanjuré gegamané Saul didokok ing kuil Astorèt, lan jisimé dipaku ana ing témboké kutha Bèt-Séan.

11Nanging bareng wong-wong Yabès ing Giléad padha krungu wartané,

12wong-wong sing padha kendel mangkat saka panggonan kono, padha mlaku sewengi muput menyang Bèt-Séan. Wong-wong padha ngudhunaké jisimé Saul lan anak-anaké saka témboké kutha, banjur digawa menyang ing Yabès, lan diobong.

13Balungé kabèh dikumpulaké lan dikubur ing sangisoring wit tamariska ing kutha kono, lan wong-wong mau banjur padha pasa lawasé pitung dina.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel