Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 4 >> 

1Ing wektu kuwi wong Filistin nglumpukaké prejurité kabèh kanggo nggempur Israèl. Mulané prejurit Israèl padha maju ing peprangan; padha gawé kémah ing sacedhaké Ében Haèzer; déné prejurit Filistin kémahé ing Afèk.

2Prejurit Filistin wiwit nyerang, lan wusanané prejurit Israèl kalah. Kira-kira ana wong patang èwu sing tiwas ing peprangan mau.

3Nalika para prejurit sing padha slamet wis bali ing kémahé, para pemimpining Israèl muni, "Yagéné Gusti Allah marengaké kita kalah karo wong Filistin ing dina iki? Ayo kita padha njupuk Pethi Prejanjiané Allah saka ing Silo digawa mréné, supaya Gusti Allah kersa nunggil karo kita sarta nylametaké kita saka tanganing mungsuh."

4Wong-wong mau banjur kongkonan wong menyang ing Silo prelu njupuk Pethi Prejanjian, dhamparing Allah Kang Mahakwasa. Anaké Èli loro pisan, yakuwi Hofni lan Pinéhas, padha ngiring Pethi Prejanjian mau.

5Sawisé Pethi Prejanjian mau tekan ing kémahé, wong-wong Israèl padha surak-surak banter banget, nganti nggeteraké bumi.

6Wong-wong Filistin iya krungu swarané wong surak-surak mau, banjur padha takon, "Yagéné wong-wong Ibrani padha surak-surak?" Nanging bareng padha ngerti yèn Pethi Prejanjiané wis tekan ing kémahé wong Ibrani,

7banjur padha wedi, sarta ngucap, "Ana déwa teka ing kémahé wong-wong kuwi! Kita bakal cilaka! Kita durung tau ngalami kaya ngéné iki!

8Cilaka tenan! Sapa sing bisa nylametaké kita saka déwa sing ampuh kuwi? Rak iya déwa kuwi sing wis matèni wong Mesir ing pesamunan biyèn?

9Tatagna atimu, hé wong Filistin! Kowé kuwi wong lanang. Yèn ora, kowé kabèh bakal dadi baturé wong-wong Ibrani kuwi, kaya enggoné wis padha ngabdi marang kowé. Mulané élinga yèn kowé kuwi wong lanang!"

10Wong-wong Filistin banjur padha perang mati-matian lan ngalahaké prejurit Israèl. Prejurit Israèl padha mlayu menyang kémahé dhéwé-dhéwé. Bangsa Israèl kalah gedhèn; ana telung puluh èwu prejurit Israèl sing tiwas ing peprangan.

11Pethi Prejanjian direbut mungsuh, déné anaké Èli, yakuwi Hofni lan Pinéhas, padha tiwas.

12Ing dina kuwi ana wong Bènyamin siji keplayu saka peprangan menyang Silo. Minangka tandha béla sungkawa, sandhangané disuwèk-suwèk lan embun-embunané diwur-wuri lebu.

13Èli, sing tansah kuwatir bab keslametané Pethi Prejanjian, linggih kursi ing pinggir dalan. Nalika wong mau nggawa kabar bab kalahé wong-wong Israèl, wong sakutha kabèh padha sesambat kanthi sora.

14Èli krungu, banjur takon, "Sing diributaké apa ta?" Wong mau banjur mlayoni Èli ngaturaké apa sing wis kelakon.

15Umuré Èli wis sangang puluh wolu taun lan wis mèh wuta.

16Aturé wong mau marang Èli, "Kula keplajeng saking peprangan, nembé kémawon dumugi." Pitakoné Èli, "Kepriyé kabaré anakku?"

17Sing nggawa kabar mangsuli, "Israèl kawon kaliyan tiyang Filistin; kathah sanget ingkang tiwas! Kalebet ugi kang putra, Hofni tuwin Pinéhas, tiwas ing peprangan. Déné Pethi Prejanjian dipun rebat ing mengsah!"

18Nalika wong mau matur bab Pethi Prejanjian, Èli banjur tiba klumah saka kursiné, ana ing sandhing gapura. Èli wis tuwa, tur lemu awaké, mula nalika tiba guluné tugel dadi lan tiwasé. Èli wis mimpin Israèl sajroning patang puluh taun.

19Ing wektu kuwi mantuné Èli, bojoné Pinéhas, lagi meteng tuwa lan wis wayahé nglairaké. Nalika krungu yèn Pethi Prejanjian direbut mungsuh, maratuwa sarta bojoné tiwas, dumadakan nglarani, ora let suwé banjur nglairaké.

20Nalika para wong wadon sing nulungi padha kandha, "Tatagna, anakmu lanang!," dhèwèké ora mangsuli lan wis ora ngrasakaké apa-apa.

21(4:21-22) Bayiné dijenengaké Ikabod, pangucapé, "Allah Kang Mahamulya wis sumingkir saka Israèl." !!— Merga Pethi Prejanjian wis direbut mungsuh lan bapakné maratuwa sarta bojoné tiwas. Mulané pangucapé, "Allah Kang Mahamulya wis sumingkir saka Israèl, sebab Pethi Prejanjian kena karebut mungsuh."

22(4:21)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel