Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 5 >> 

1Sawisé Pethi Prejanjiané Allah direbut déning wong Filistin, digawa saka Ében Haèzer menyang kuthané, yakuwi Asdod.

2Ing kono pethi mau dilebokaké ing candhiné Déwa Dagon, sarta disèlèhaké ing sacedhaké recané.

3Ing dina ésuké isih ésuk banget, wong-wong ing Asdod weruh yèn reca Dagon wis mengkureb ing lemah, sangareping Pethi Prejanjian. Mulané reca mau banjur padha diangkat sarta dibalèkaké ing panggonané.

4Ésuké, wong-wong weruh yèn recané wis mengkureb menèh ing sangareping Pethi Prejanjian mau. Saikiné sirah sarta lengené loro pisan tugel lan gumléthak ing tlundhagan lawang; dadi mung kari gembungé waé.

5(Kuwi sebabé, nganti sepréné para imamé lan sing padha nyembah déwa Dagon ora gelem ngidak, nanging nglangkahi tlundhaging lawang ing Asdod mau.)

6Gusti Allah ngukum wong-wong ing Asdod lan ing sakiwa-tengené nganggo lelara plenthung.

7Bareng wong-wong Asdod padha weruh lelakon mengkono mau, padha ngucap, "Allahé Israèl ngukum kita lan Déwa Dagon. Pethi kuwi ora kena tetep ana ing kéné."

8Mulané wong-wong banjur padha ngaturi kumpul para raja Filistin lima cacahé, banjur matur, "Pethi Prejanjianipun tiyang Israèl menika kita menapakaken?" Wangsulané para raja mau, "Pindhahen menyang kutha Gat." Kelakon, Pethi mau dipindhah menyang kutha Gat, yakuwi kutha Filistin liyané.

9Nanging sawisé pethi mau tekan kono, Gusti Allah iya ngukum kutha kono, ndadèkaké banget girisé. Wong-wong ing kutha mau, ya enom ya tuwa awaké banjur padha mlenthung-mlenthung.

10Pethi Prejanjian mau banjur diusung menyang Ékron, kutha Filistin liyané menèh. Sawisé Pethi mau tekan ing kono, wong-wongé banjur padha bengok-bengok, tembungé, "Pethi Prejanjiané Israèl kuwi digawa mréné kanggo matèni kita kabèh."

11Mulané banjur padha ngaturi kumpul kabèh raja Filistin, aturé, "Pethi Prejanjianipun tiyang Israèl menika prayogi dipun wangsulaken dhateng panggènanipun, supados mboten mejahi kita lan brayat kita." Sarèhné Gusti Allah ngukum wong-wong kanthi abot banget, sakutha padha giris.

12Wong-wong sing ora mati, padha kena lelara mlenthung mau, lan sesambat marang déwané, njaluk tulung.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel