Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 17 >> 

1Bareng wis manggon ing kedhaton, Raja Dawud ing sawijining dina nimbali Nabi Natan, dingandikani mengkéné, "Aku iki manggon ing kedhaton sing digawé saka kayu cemara Libanon, mangka Pethi Prejanjiané Pangéran mung disèlèhaké ana ing kémah!"

2Nabi Natan mangsuli, "Sumangga Sang Prabu kula aturi nindakaken menapa ingkang kagalih prayogi, mergi Allah badhé mitulungi."

3Nanging bengi kuwi Allah ngandika marang Natan,

4"Maranana Dawud lan kandhaa mengkéné, ‘Dudu kowé sing bakal yasa omah kanggo Aku.

5Wiwit nalika bangsa Israèl Dakluwari saka tanah Mesir tekan sepréné, Aku durung tau manggon ana ing omah, nanging selawasé sumèlèh lan manggon ana ing kémah.

6Sajroné nglembara mau durung tau Aku ndangu marang para pemimpin sing Dakangkat, apa sebabé Aku ora digawèkaké omah saka kayu cemara Libanon.’"

7"Mulané, Natan, kandhaa karo Dawud, yèn Aku, Pangéran sing Mahakwasa, ngandika mengkéné, ‘Kowé wis Dakjupuk saka pegawéanmu angon wedhus ing ara-ara samun lan Dakdadèkaké rajané umat-Ku Israèl.

8Kowé wis Daktulungi menyang endi waé paranmu, lan samasa kowé perang sakèhé mungsuhmu wis Daktumpes; saiki kowé bakal Dakdadèkaké wong sing misuwur kaya pemimpin-pemimpin sing gedhé dhéwé ana ing bumi kéné.

9(17:9-10) Karo menèh umat-Ku Israèl wis Dakparingi tanah pusaka, supaya padha bisa urip tentrem, tanpa ana sing ngganggu. Wiwit biyèn nalika padha mlebu manggon ing tanah kéné lan Aku ngangkat para pemimpiné, umat kuwi sok diserang déning wong-wong sing seneng gawé cilaka. Nanging sing mengkono mau bakal ora kelakon menèh. Aku janji bakal nelukaké sakèhé mungsuhmu, lan kowé bakal Dakparingi turun.

10(17:9)

11(17:11-12) Mbésuk samasa kowé tinggal-donya lan dikubur ing kuburé leluhurmu, anakmu salah siji bakal Dakdadèkaké raja. Kuwi sing bakal yasa omah kanggo Aku lan kratoné bakal Daksentosakaké ing selawasé.

12(17:11)

13Aku bakal dadi Ramané lan wong mau dadi anak-Ku. Janji-Ku iki ora bakal Dakjabel kaya sing kedadéan karo Saul. Saul Daklèngsèr saka kalungguhané, supaya kowé bisa dadi raja.

14Bab yasa Pedaleman-Ku lan mbangun kraton-Ku bakal saterusé Dakpasrahaké marang anakmu sing Dakpilih. Dhamparé kraton bakal dilungguhi déning anak-putumu turun-temurun.’"

15Nabi Natan ngucapaké apa sing dingandikakaké déning Allah mau kabèh marang Raja Dawud.

16Dawud banjur mlebu ing Kémah Palenggahané Allah, lungguh lan ndedonga mengkéné, "Dhuh Allah, kawula lan brayat kawula mboten pantes nampi berkah ingkang Paduka lubèraken.

17Malah Paduka sampun nindakaken ingkang langkung saking menika, mergi sampun paring janji ugi dhateng anak-turun kawula ing mbénjingipun. Paduka sampun ngurmati kawula kados pengageng.

18Kawula mboten saged matur menapa-menapa ing ngarsa Paduka, dhuh Allah. Paduka pirsa sinten kawula menika, éwasemanten Paduka paring kaurmatan dhateng kawula, abdi Paduka.

19Awit saking kersa Paduka piyambak, lan manut rancangan Paduka piyambak Paduka sampun nindakaken samukawis menika sarta mratélakaken dhateng kawula kaluhuran ingkang badhé kawula alami ing mangsa ingkang badhé kelampahan.

20Mboten wonten allah ingkang nyamèni Paduka, lan wiwit kala rumiyin kawula mangertos, bilih mboten wonten allah sanèsipun kejawi namung Paduka.

21Ing salumahing bumi mboten wonten bangsa ingkang kados bangsa Israèl. Namung bangsa Israèl kémawon lan mboten wonten sanès ingkang Paduka luwari saking penjajahan. Paduka dadosaken umat kagungan Paduka piyambak. Mergi saking sedaya kaélokan ingkang Paduka tindakaken dhateng umat menika asma Paduka dados misuwur ing sajagad. Paduka sampun ngluwari umat Paduka saking tanah Mesir lan sampun nyingkiraken bangsa-bangsa sanèsipun ingkang ngalang-alangi dhateng umat Paduka.

22Bangsa Israèl sampun Paduka dadosaken umat kagungan Paduka piyambak ngantos ing selami-laminipun. Sarta Paduka jumeneng dados Allahipun."

23"Samenika dhuh Allah, mugi Paduka kersa ngekahaken ing selaminipun janji ingkang sampun Paduka paringaken dhateng kawula lan anak-turun kawula lan mugi kersa ngleksanani menapa ingkang sampun Paduka janjèkaken menika.

24Asma Paduka badhé saya kaluhuraken, ngantos tiyang selaminipun sami badhé ngucap, ‘Allahé Israèl kuwi Allah Kang Mahakwasa.’ Sarta kulawarga kawula turun-temurun badhé Paduka dadosaken raja tumrapipun bangsa menika.

25Anggèn kawula ngaturaken pandonga menika mboten sanès mergi Paduka piyambak sampun mratélakaken prekawis menika sedaya dhateng abdi Paduka, sarta inggih mergi Paduka piyambak ingkang paring sumerep dhateng kawula, bilih anak-putu kawula badhé Paduka reksa lan Paduka rimati ngantos mboten badhé sirna.

26Inggih namung Paduka piyambak menika ingkang jumeneng Allah, ingkang sampun njanjèkaken prekawis menika dhateng kawula.

27Pramila panyuwun kawula, kersaa tansah mberkahi dhateng anak-turun kawula supados selaminipun sami angsala sih Paduka. Paduka sampun paring berkah dhateng umat Paduka, dhuh Allah, pramila badhé tansah sami binerkahan ing selaminipun."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel