Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 20 >> 

1Bareng mangsa ketiga candhaké, yakuwi mangsané raja-raja adaté padha nglurug perang, Yoab karo tentarané ngrebut tanah Amon. Nalika semono Raja Dawud ora bebarengan, nanging kari ing Yérusalèm. Yoab lan tentarané ngepung kutha Raba; kutha mau diserang lan digempur nganti rata karo lemah.

2Sawisé mengkono Raja Dawud rawuh, mundhut makutha emas saka mestakané raja Amon lan diagem ing mestakané dhéwé. Makutha mau boboté kira-kira 34 kilogram, ana matané akik sing adi siji. Saka kutha mau Raja Dawud mboyong barang rampasan akèh banget.

3Penduduké diboyong lan dipeksa nyambut-gawé nggraji, nggarap lemah lan negor kayu. Semono uga penduduk kutha-kutha ing Amon liyané. Sawisé mengkono Raja Dawud lan tentarané kabèh banjur bali menyang Yérusalèm.

4Sawisé kedadéan mau ora wetara suwé Israèl perang menèh karo wong Filistin ing kutha Gèzèr. Ing peprangan mau Sibkhai wong Husa, matèni wong gedhé-dhuwur sing jeneng Sipai. Mula wong Filistin iya banjur kalah.

5Ing peprangan liyané karo wong Filistin, Èlhanan bin Yair matèni Lahmi, seduluré Goliat, wong Gat. Tumbaké Lahmi mau garané padha karo gedhéné kayu ing mesin tenun, sing kanggo nggulung mori.

6Nalika perang ing Gat menèh, ana wong gedhé-dhuwur sing saben tangané drijiné nem, mengkono uga ing saben sikilé. Kuwi turuné wong jaman biyèn.

7Wong mau ngala-ala wong Israèl, mulané banjur dipatèni déning Yonatan bin Syama, kakangné Raja Dawud.

8Wong gedhé-dhuwur telu-teluné sing dipatèni déning Raja Dawud lan balané mau anak-turuné buta ing Gat.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel