Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 23 >> 

1Bareng wis sepuh banget Raja Dawud banjur ngangkat Suléman dadi raja ing Israèl.

2Raja Dawud nglumpukaké para pemimpiné Israèl lan para imam kabèh sarta wong Lèwi.

3Wong lanang saka taler Lèwi sing umur telung puluh mendhuwur dicathet kabèh. Cacahé 38.000.

4Sing 24.000 didadèkaké punggawa sing ngawasi pegawéan ing Pedalemané Allah, wong 6.000 didadèkaké punggawa administrasi lan pengadilan,

5wong 4.000 didadèkaké punggawa keamanan, wong 4.000 diangkat dadi ahli musik, sing gawéané menyanyi lan ngunèkaké alat musik sing cemawis ing kono.

6Raja Dawud ngedum wong Lèwi dadi telung golongan, miturut gotrahé, yakuwi gotrah Gèrson, gotrah Kéhat lan gotrah Mérari.

7Gèrson duwé anak lanang loro: Ladan lan Simèi.

8Ladan duwé anak lanang telu, yakuwi: Yehièl, Zétam lan Yoèl.

9Kuwi padha dadi lajeré anak-turuné Ladan. Anak-anaké Simèi yakuwi: Sélomit, Hazièl lan Haran, dadi cacahé telu. Wong-wong mau sing padha dadi pokoké gotrah Ladan.

10(23:10-11) Anak-turuné lanang Simèi papat urut tuwa yakuwi: Yahat, Ziza, Yéus lan Béria. Anak-turuné Yéus lan Béria ora akèh, mulané dianggep dadi trah siji.

11(23:10)

12Kéhat duwé anak lanang papat, yakuwi: Amram, Yizhar, Hébron lan Uzièl.

13Amram kuwi bapakné Harun lan Musa. (Harun saanak-turuné disengker ing selawasé déning Allah kanggo ngurusi bekakas-bekakas pangibadah, ngobong menyan kagem Allah, ngladèni ing Pedalemané Allah lan mberkahi rakyat atas Asmané Allah.

14Anak-anaké lanang Musa, abdiné Allah, klebu taler Lèwi uga.)

15Musa duwé anak lanang loro, yakuwi Gérsom lan Élièzer.

16Sebuèl anaké Gérsom sing dadi pemimpiné.

17Élièzer mung duwé anak lanang siji, yakuwi Réhabya. Anaké Réhabya akèh banget.

18Yizhar, anaké Kéhat sing nomer loro, duwé anak lanang jenengé Sélomit; kuwi dadi penggedhéné trah Yizhar.

19Hébron anaké Kéhat sing nomer telu, duwé anak lanang papat, yakuwi: Yéria, Amarya, Yahazièl lan Yékaméam.

20Uzièl, anaké Kéhat sing nomer papat, duwé anak lanang loro: Mikha lan Yisia. Mikha sing dadi pokoké gotrah.

21Mérari duwé anak lanang loro, jenengé: Mahli lan Musi. Mahli duwé anak lanang loro, Èléazar lan Kis,

22nanging Èléazar mati ora ninggal anak lanang; mung anak wadon-wadon sing padha kawin karo keprenah naksanaké, yakuwi anak-anaké Kis.

23Kis, anaké Mérari sing nomer loro, duwé anak lanang telu: Mahli, Èdèr lan Yérémot.

24Kuwi mau anak-turuné Lèwi sing kacathet manut gotrah lan kulawargané dhéwé-dhéwé. Sing wis nyandhak umur rong puluh taun kuwajiban ngladèni ana ing Pedalemané Allah.

25Raja Dawud dhawuh, "Pangéran, Allahé Israèl wis paring katentreman marang umaté lan kersa dedalem ing Yérusalèm ing selawasé.

26Mulané Kémah Palenggahané Allah lan bekakas-bekakas sing dienggo ing pangibadah ora prelu dipikuli menèh déning wong Lèwi."

27Wong Lèwi kabèh sing nyandhak umur rong puluh taun kudu didaftaraké dadi punggawa.

28Tugasé mbantu para imam anak-turuné Harun sajroné upacara pangibadah ing Pedalemané Allah, ngopèni latar lan kamar-kamar, sarta njaga supaya kabèh barang sing disucèkaké kagem Gusti Allah ora dadi najis.

29Uga tanggung jawab bab pacawisan roti saosan kagem Gusti Allah, glepung sing dienggo kurban, sing dienggo gawé roti tipis tanpa ragi, sing dienggo kurban panggang, lan dienggo campuran lenga zaitun. Wong-wong mau uga kudu nimbang lan naker pisungsung-pisungsung sing disaosaké ing Pedalemané Allah.

30Kejaba kuwi iya kudu menyanyi ngluhuraké asmané Allah saben ésuk lan soré;

31uga saben ana sesaosan kurban konjuk marang Allah ing dina Sabbat, ing dina riaya sasi Anyar, lan ing dina-dina riaya liyané. Iya dianakaké prenatan pira cacahé wong Lèwi sing nglakoni tugas ing saben giliran. Dadi kuwajibané wong-wong Lèwi mau ana ing Pedalemané Allah,

32yakuwi ngrumat Kémah Palenggahané Allah lan ngréwangi sedulur-seduluré, para imam anak-turuné Harun sajroné nindakaké upacara pangibadah ing panggonan kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel