Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 1 >> 

1Layang saka Paulus, sing saka kersané Gusti Allah dadi rasulé Gusti Yésus Kristus, Juru Slamet, lan landhesaning pengarep-arep kita,

2tumekaa marang Timotius, anakku kasukman kang sejati, sing wis daktuntun nganti precaya marang Gusti Yésus Kristus. Gusti Allah Sang Rama lan Sang Kristus Yésus, Gusti kita, maringana palimirma, sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

3Karepku kowé tetepa ana ing kutha Éfesus, kaya piwelingku marang kowé, nalika aku menyang tanah Makédonia. Sebab ing kutha Éfesus ana wong sawetara sing mulangaké piwulang-piwulang palsu. Wong-wong kuwi penggaken,

4kandhanana supaya aja padha ngudhal dongèng-dongèng lan sarasilahé para leluhur sing ora ana entèké. Kuwi mung marakaké padu, lan ora ana paédahé tumrap rancangané Gusti Allah bab keslametan kang wis kita sumurupi lantaran precaya.

5Maksudé piwelingku iki supaya tuwuha katresnan saka ati kang resik, saka swaraning ati lan kaprecayan sing murni.

6Ana wong sawetara sing wis nyimpang lakuné, banjur kèlu ing omongan sing ngayawara.

7Karepé padha arep dadi guru Angger-anggeré Torèt, nanging nyatané padha ora ngerti apa sing diomongaké dhéwé, utawa ora paham karo prekara-prekara sing diucapaké lan diyakini mau.

8Kita padha ngerti yèn Angger-anggeré Torèt kuwi becik, angger dienggo ing samesthiné.

9Kita kudu éling, yèn angger-angger kuwi ora dicawisaké kanggo wong-wong sing becik, nanging kanggo wong-wong ala, sing padha nampik Gusti Allah, lan sing uripé tanpa Gusti Allah; sing matèni bapa-biyungé; sing gawéné matèni wong,

10sing laku jina, sing nindakaké jindik, sing gawéné nyulik, sing gawéné goroh, sing dadi seksi palsu lan sedhéngah wong sing nindakaké penggawé-penggawé sing cengkah karo piwulang sing bener.

11Piwulang sing bener kuwi ana ing Injil, sing dipitayakaké marang aku, supaya dakwartakaké, iya Injil saka Gusti Allah, sing mahamulya lan sing Asmané pantes pinuji-puji.

12Aku ngaturaké panuwun marang Sang Kristus Yésus, Gusti kita, sing wis maringi kekuwatan marang aku, kanggo nglakoni pegawéanku. Aku ngaturaké panuwun, merga Panjenengané nganggep aku pantes nindakaké pegawéan kuwi lan Panjenengané wis netepaké aku supaya nglakoni pegawéan mau.

13Senajan biyèn Panjenengané dakala-ala, daksiya-siya lan dakgawé sawenang-wenang, nanging Gusti Allah melasi aku, awit nalika semana aku ora precaya marang Gusti Yésus Kristus. Dadi aku ora ngerti apa sing daktindakaké.

14Éwasemono Gusti maringaké sih-rahmaté nganti lubèr-lubèr marang aku, sarta aku diparingi precaya lan katresnan, sing saiki padha kita duwèni merga enggon kita katunggalaké karo Gusti Yésus Kristus.

15Tembung iki nyata, wajib ditampa lan diprecaya, yakuwi: "Yèn rawuhé Sang Kristus Yésus ana ing jagad, arep mitulungi wong dosa supaya slamet." Déné aku iki wong dosa sing ala dhéwé.

16Nanging iya merga kaananku sing mengkono mau Gusti Allah kersa melasi aku, supaya Sang Kristus Yésus ngetingalaké kesabarané ing sakatogé srana enggoné nylametaké aku, wong dosa sing ala dhéwé iki. Lan iki supaya dadi conto kanggo wong-wong ing sapungkurku sing padha precaya marang Panjenengané lan kaparingan urip langgeng.

17Kagem Panjenengané, Ratu langgeng, kang gesang selawasé lan kang ora katon, yakuwi Allah Kang Mahatunggal. Panjenengané kacaosana sakèhing pakurmatan lan kamulyan ing selawasé. Amin!

18Anakku Timotius, kowé dakpasrahi kuwajiban iki, cocog karo sing biyèn wis kawangsitaké mungguh ing kowé. Tembung-tembung iki dadia gamanmu kanggo perang kang utama iki,

19klawan ngandhemi precayamu lan swaraning batin kang resik. Ana wong sing ora ngrungokaké marang swaraning batiné, temah ngrusak precayané.

20Upamané Himénéus lan Alèksander, sing wis dakpasrahaké marang Iblis, supaya padha kapok enggoné nyenyamah marang Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Timotius 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel