1Manut kandhané wong, aku Paulus, diunèkaké jirih yèn adu-arep, waniné yèn adoh. Penjalukku marang kowé, lambaran kesaénan lan sih-rahmaté Sang Kristus,
2samangsa aku teka niliki kowé, kowé aja meksa aku tumindak keras marang kowé. Awit aku bisa keras karo wong-wong sing padha ngarani yèn penggawéku nuruti nepsu kadonyan.
3Ya bener aku iki padha urip ana ing donya, nanging penggawéku mau ora manut nepsu kadonyan.
4Gegaman sing dakenggo nglawan dudu gegaman kadonyan, nanging gegamané Allah, sing ampuh lan bisa nggempur bètèng-bètèngé manungsa. Aku padha nyirnakaké pangothak-athiké manungsa sing palsu,
5lan mbongkar témbok-témbok gumunggunging manungsa sing ngalang-alangi wong arep wanuh karo Gusti Allah. Aku padha nelukaké pikiran-pikirané manungsa, supaya manut marang Sang Kristus.
6Samangsa kowé wis mbuktèkaké setyamu, aku bakal ngukum sakèhé wong sing ora setya.
7Kowé padha ngertia prekara sing sanyatané. Menawa ing antaramu ana sing nganggep dadi kagungané Sang Kristus, mbok ngèlingana yèn aku iki uga kagungané Sang Kristus, padha waé.
8Aku ora isin ngegung-egungaké pangwasa sing wis diparingaké déning Gusti marang aku, awit pangwasa mau kanggo mbangun kowé, ora kanggo ngrusak kowé.
9Aku ora niyat medèn-medèni kowé srana layang-layangku.
10Mesthiné ana sing arep muni: "Layang-layangé Paulus kuwi keras lan pedhes, nanging yèn adu-arep karo kita, dhèwèké tanpa daya lan tembungé ora teges!"
11Bèn wong kuwi mengko ngerti yèn tembung-tembung sing daktulis ana ing layang-layangku karo apa sing bakal padha daktindakaké samangsa aku adu-arep, kuwi ora ana bédané.
12Pancèn aku ora wani madhakaké awakku karo wong-wong sing anggepé wis sampurna. Wong-wong kuwi bodho banget! Padha gawé ukuran manut panemuné dhéwé, banjur nandhing awaké dhéwé nganggo ukuran mau!
13Nanging tumraping aku, enggonku ngegung-egungaké ana watesé; watesé yakuwi ayahan sing diparingaké déning Gusti Allah marang aku, klebu pegawéanku ana ing antaramu.
14Sarèhné kowé klebu ana ing sajroning wates mau, mula dhèk aku nekani kowé martakaké Injilé Sang Kristus, aku ora nerak wates.
15Lan aku ora padha ngumukaké bab pegawéané wong liya sing ana ing sanjabané wates sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah kanggo aku. Nanging pengarep-arepku, supaya kaprecayanmu saya mundhak lan aku padha bisa nindakaké pegawéan kang luwih gedhé menèh ana ing antaramu, sajroning wates sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah.
16Yèn wis mengkono, aku lagi bisa martakaké Injil ing panggonan-panggonan liya, ora susah nganggo ngegung-egungaké pegawéan sing wis dilakoni ing laladané wong liya.
17Awit Kitab Suci nerangaké: "Sapa sing arep ngegung-egungaké, kuwi ngegung-egungna apa sing wis ditindakaké déning Pangéran."
18Sebab wong sing kanggep ana ing ngarsané Gusti Allah kuwi dudu wong sing ngalem awaké dhéwé, nanging wong sing dialem déning Gusti Allah.