Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 3 >> 

1Apa sing mengkono mau aku iya ngalem marang awakku dhéwé? Apa prelu nganggo nuduhaké layang pangalembana marang kowé utawa saka kowé, kaya wong-wong liyané?

2Kowé dhéwé kuwi wujudé layang pangalembanaku sing dakgawa, yakuwi layang sing katulis ana ing atiku, supaya diweruhi lan diwaca déning saben wong.

3Wis cetha yèn Sang Kristus piyambak sing nulis layang mau lan ngirimaké lantaran aku: dudu layang sing ditulis nganggo mangsi, nanging nganggo Rohé Allah kang gesang; ora ana ing watu, nanging ana ing sajroning atiné manungsa.

4Enggonku muni mengkono kuwi merga aku ngandel marang Gusti Allah, lantaran Sang Kristus.

5Sebab tumraping aku, ora ana barang siji waé ing badanku, sing kena dakenggo dhasar nglakoni penggawé sing mengkono mau. Enggonku bisa nindakaké apa-apa iku mung merga saka pakaryané Gusti Allah.

6Iya Panjenengané sing marengaké aku dadi peladosing prejanjian anyar, sing ora wujud angger-angger sing katulis, nanging saka Rohé Allah. Sebab angger-angger sing ditulis kuwi matèni, nanging Rohé Allah nguripi.

7Nalika angger-angger sing matèni mau ditatah ana ing watu, kamulyané Gusti Allah diketingalaké. Senajan cahyaning kamulyan sing ana ing pasuryané Nabi Musa kuwi dhèk semana wis luntur, éwasemono merga cahya mau umat Israèl ora kuwat nyawang pasuryané Nabi Musa. Yèn angger-angger, sing mung nggawa pepati waé diparingi kamulyan sing semono gedhéné,

8iba gedhéning cahya kamulyaning pakaryané Roh Suci!

9Yèn prejanjian sing njalari manungsa diukum waé kamulyané semono gedhéné, méndahané menèh gedhéning kamulyané prejanjian sing njalari manungsa kabeneraké.

10Satemené sing biyèn kaanggep luhur, kuwi dudu apa-apa, yèn katandhing karo kamulyan sing luwih luhur saiki iki.

11Awit yèn barang sing bisa sirna waé dikanthèni kamulyan, apa menèh barang sing langgeng, saiba gedhéné kamulyané.

12Iya pengarep-arep sing mengkono kuwi sing marakaké aku padha dadi kendel.

13Aku kabèh iki ora kaya Nabi Musa, sing nutupi pasuryané, supaya umat Israèl ora weruh sirnaning kamulyan mau.

14Pikirané umat kuwi pancèn wis dadi kethul, sebab nganti sepréné pikirané isih tetep ketutupan, yakuwi samangsa wong-wong mau padha maca kitab-kitab Prejanjian Lawas. Amarga mung Sang Kristus piyambak kang bisa ngicali tutup mau.

15Tekan sepréné, yèn wong-wong mau padha maca Torèté Nabi Musa, pikirané tetep padha ketutupan.

16Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupé nuli kasingkiraké.

17Tembung "Gusti" ing kéné tegesé Rohé Gusti Yésus Kristus. Lan ing ngendi ana Rohé Sang Kristus mau, ing kono mesthi ana kamerdikan.

18Kita saiki padha nyunaraké kamulyané Gusti Yésus tanpa ketutupan. Sarèhné kamulyan mau asalé saka Gusti, kang asipat Roh, mulané kita padha kasalinan rupa, madhani pasemoné Gusti piyambak, klawan kamulyan kang mundhak-mundhak.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel