Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 5 >> 

1Awit kita padha ngerti, yèn samangsa tarub sing kita enggoni saiki !!— yakuwi badan wadhag kita sing ana ing donya iki !!— dibongkar, kita wis padha duwé omah ana ing swarga; omah sing diyasa déning Gusti Allah piyambak lan kanggo selawasé.

2Saiki kita padha nggresah, lan padha kepéngin énggala manggon ing omah sing ana ing swarga mau.

3Awit yèn wis manggon ing kana, kita bakal rumangsa olèh pengayoman.

4Sebab selawasé kita manggon ana ing kémah kadonyan iki, kita padha nggresah merga aboting momotan kita. Ora kokmerga kita kepéngin ninggal badan sing ana ing donya iki, nanging luwih seneng saupama kita diparingana badan kaswargan, supaya badan sing kena ing pati iki disalinana badan sing urip langgeng.

5Gusti Allah sing mrenata kuwi mau kabèh, lan Panjenengané piyambak wis maringaké Rohé marang kita, minangka panjering samubarang sing wis kacadhangaké marang kita.

6Mulané atiku tansah padha tatag, senajan aku padha ngerti yèn selawasé aku isih padha manggon ana ing badan wadhag iki, aku isih adoh saka dalemé Gusti.

7Merga urip kita alandhesan precaya, ora alandhesan barang sing katon,

8mulané atiku padha tatag, lan aku luwih seneng ninggal badan iki, supaya bisa manggon bebarengan karo Gusti.

9Éwasemono sing penting yakuwi bab kepriyé bisaku gawé renané penggalihé Gusti, dadia ana ing omahku saiki, badanku wadhag iki, dadia ana ing omahku kaswargan.

10Awit ora kena ora, kita kabèh mesthi bakal padha ngadhep ana ing ngarsané dhampar pengadilané Sang Kristus, lan saben wong bakal diadili manut penggawéné dhéwé-dhéwé, sing wis padha dilakoni sajroning uripé ana ing donya kéné, dadia penggawé sing becik, dadia penggawé sing ala.

11Aku padha ngerti apa tegesé wedi marang Gusti Allah, mulané aku padha mituturi wong-wong, supaya precaya marang Panjenengané. Gusti Allah pirsa sakèhing kaananku! Muga-muga kowé uga ngerti krenteging atiku iki.

12Aku ora arep ngalem awakku dhéwé ana ing ngarepmu. Malah aku mung arep awèh ketrangan sing becik, sing kena kokanggep dhasar enggonmu mongkog tumraping aku. Srana mengkono kowé bisa awèh wangsulan marang wong-wong sing padha ngegung-egungaké manungsa manut gebyaré, ora manut tata-kasukmané.

13Yèn aku katoné padha kaya wong sing ora waras, kuwi merga aku padha nindakaké ayahané Gusti Allah. Lan yèn aku katoné kaya wong waras, kuwi merga krana kowé.

14Urip kita iki dikwasani déning sihé Sang Kristus, yakuwi samangsa kita ngakoni, yèn wong siji wis mati kanggo wong akèh, dadiné wong kabèh mau wis mèlu mati ana ing Panjenengané.

15Sang Kristus séda kanggo manungsa kabèh, supaya saben wong sing padha urip, uripé ora lumadi marang awaké dhéwé, nanging lumadia marang Panjenengané kang wis séda lan wis kawungokaké kanggo kepentingané wong-wong mau.

16Mulané saiki kita ora ngukur wong manut panemuné manungsa. Senajan dhèk biyèn kita mawas Sang Kristus manut panemuné manungsa, nanging saiki wis ora mengkono.

17Sing sapa nunggal karo Sang Kristus, wong mau wis dadi titah anyar, sing lawas wis sirna, sing anyar tuwuh.

18Kabèh mau pakaryané Allah lantaran Sang Kristus. Gusti Allah wis ngrukunaké kita, para mungsuhé, karo Panjenengané piyambak, kadadèkaké para mitrané. Lan Gusti Allah mau uga maringi ayahan marang aku kabèh, supaya wong-wong liyané uga kadadèkaké mitrané Allah.

19Pawarta sing padha dakwartakaké yakuwi bab enggoné Gusti Allah wis ngrukunaké para manungsa karo Panjenengané piyambak lantaran Sang Kristus, tanpa ngétang paneraké manungsa. Panjenengané mitayakaké pawarta karukunan mau marang aku kabèh.

20Kuwi sebabé aku padha dadi utusané Sang Kristus, kaya-kaya Gusti Allah piyambak ngandikani kowé lantaran aku. Atas asmané Sang Kristus kowé padha dakatag-atag: Padha gelema karukunaké karo Gusti Allah.

21Sang Kristus sing tanpa dosa, wis didadèkaké dosa merga kita, supaya srana nunggal karo Sang Kristus, kita padha karukunaké karo Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel