Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Petrus 1 >> 

1Layang saka Simon Pétrus, abdi lan rasulé Gusti Yésus Kristus, tumekaa marang para sedulur sing padha kaya aku kabèh kaparingan precaya marang Gusti Yésus Kristus, Allah sarta Juru Slamet kita. Panjenengané kang nglampahi sakèhé kaleresan kanggo kita.

2Muga-muga sih-rahmat lan tentrem-rahayu nglubèrana kowé kabèh merga saka enggonmu wanuh karo Gusti Allah lantaran Panjenengané.

3Merga saka pangwasané, Gusti Allah wis nimbali kita lan maringi samubarang sing maédahi, supaya kita padha bisa urip lan ngabekti marang Panjenengané. Panjenengané wis nimbali kita supaya kita mèlu ngrasakaké pangwasané kang mulya lan kasaénané.

4Panjenengané wis netepi janjiné srana paring berkah kang adi sing gedhé banget paédahé marang kita, satemah kowé padha bisa nunggil karo Panjenengané, sarta ora kedayan déning pangrusaking hawa-nepsu sing ana ing donya iki.

5Iya merga sing mengkono mau kowé padha mempenga enggonmu mbudidaya, supaya precayamu marang Sang Kristus kawuwuhana penggawé becik, sarta penggawé becik mau kawuwuhana kawruh.

6Lan kawruhmu kawuwuhana kabisan ngerèh awaké dhéwé, ngerèh awaké dhéwé kawuwuhana tataging ati, lan tataging ati kawuwuhana kamursidan.

7Lan kamursidan kawuwuhana katresnan marang para sedulur, lan katresnan marang para sedulur kawuwuhana katresnan marang wong kabèh.

8Menawa kowé kadunungan prekara-prekara kuwi mau kabèh nganti lubèr, kawruhmu bab Gusti kita Yésus Kristus bakal marakaké panyambut-gawému saya mempeng lan saya gedhé paédahé.

9Nanging sing sapa ora nglakoni kuwi mau kabèh, bakal dadi wuta lan panemuné dadi cethèk, awit wong kuwi lali, yèn dosa-dosané wis kaapura.

10Mulané para sedulurku. Padha mempenga enggonmu mbudidaya, supaya nyantosakaké enggonmu padha tinimbalan lan pinilih déning Allah. Merga menawa kowé padha nglakoni mengkono, lakumu bakal ora kandheg.

11Sarta kowé bakal padha kaparingan wewenang sakatogé mlebu ing Kraton Kang Langgeng, yakuwi Kratoné Gusti lan Juru Slamet kita, Yésus Kristus.

12Mulané aku bakal tansah ngélingaké marang kowé bab prekara-prekara mau, senajan kowé wis padha ngerti lan wis padha ngantepi kayektèn sing wis koktampani kuwi.

13Pancèn wis dadi kuwajibanku tansah ngélingaké kowé ing ngatasé prekara-prekara kuwi, selawasé aku isih urip.

14Aku ngerti yèn ora suwé menèh aku bakal ninggal badan jasmaniku iki, kaya sing wis dipangandikakaké klawan cetha déning Gusti kita Yésus Kristus.

15Mulané aku tansah mbudidaya supaya senajan aku mengko wis tilar-donya, kowé tansah kèlingan marang prekara-prekara mau kabèh.

16Enggonku mulang marang kowé bab Dina rawuhé Gusti Yésus Kristus kanthi ngagem pangwasa iki ora manut dongèng-dongèng pangothak-athiké manungsa, nanging aku padha nyipati nganggo mripatku dhéwé kamulyané Sang Kristus.

17Aku padha ana ing kana nalika Panjenengané diluhuraké déning Allah Sang Rama, yakuwi nalika ana swara saka Kang Mahaluhur ngandika marang Panjenengané, dhawuhé: "Iki Putraningsun kang Daktresnani, kang gawé renaning ati-Ku."

18Aku padha krungu dhéwé swara mau, kang tekané saka ing swarga, yakuwi dhèk nalika aku padha bebarengan karo Panjenengané ana ing gunung suci.

19Merga saka kuwi aku padha saya yakin tumraping pawarta sing diwedharaké déning para nabi. Saiba beciké menawa kowé uga padha nggatèkaké pawarta kuwi, sebab pawarta mau kaya lampu sing sumunar madhangi panggonan sing peteng nganti tumekané ésuk, lan kaya cahyaning lintang panjer ésuk kang sumunar ana ing atimu.

20Nanging sing prelu dhéwé kokgatèkaké yakuwi mengkéné: Ora ana wong sing bisa njarwakaké wangsiting Kitab Suci nganggo kapinterané dhéwé.

21Awit ora ana pamedhar wangsité nabi sing asalé saka kareping manungsa; nanging merga saka pamberegé Sang Roh Suci, wong-wong kuwi banjur padha medhar wangsit atas Asmané Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Petrus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel