Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 18 >> 

1Nalika Hoséa bin Éla enggoné jumeneng raja ing Israèl nyandhak telung taun, Hizkia bin Akhas wiwit jumeneng raja ing Yéhuda.

2Nalika semono Hizkia yuswa selawé taun, lan dedalem ing Yérusalèm. Enggoné jumeneng raja suwéné sangalikur taun. Asmané ibuné Abi, putrané Zakharia.

3Raja Hizkia nglampahi dhawuh lan gawé renaning penggalihé Allah, sing ditiru Raja Dawud, leluhuré.

4Papan-papan panyembahan brahala digempur kabèh. Tugu-tuguné déwa-déwa dirubuhaké, lan reca-recané Dèwi Asyéra diremuk. Ula tembaga sing digawé Musa lan kasebut Néhustan diremuk, merga tekan wektu kuwi wong Israèl padha ngobong menyan kanggo ngurmati ula tembaga mau.

5Ing antarané para raja ing Yéhuda sing sadurungé, utawa sing sawisé, ora ana sing kaya Hizkia. Panjenengané precaya marang Pangéran, Allahé Israèl lan setya marang Panjenengané.

6Ora tau nglawan marang Allah. Malah sakèhé dhawuhé lantaran Musa ditetepi temenan.

7Mulané Gusti Allah tansah mitulungi Raja Hizkia, lan apa sing ditandangi mesthi olèh gawé. Raja Hizkia mbrontak nglawan raja Asyur, ora gelem teluk.

8Raja Hizkia iya nelukaké wong Filistin; désa-désa sing cilik dhéwé tekan kutha-kutha sing gedhé pisan dijarah-rayah, semono uga Gaza lan wilayah kiwa-tengené.

9Nalika pepréntahané Raja Hizkia nyandhak patang taun, kuwi taun kapituné pepréntahané Raja Hoséa ing Israèl, Salmanèsèr, raja Asyur ngepung kutha Samaria.

10Sawisé dikepung telung taun lawasé Samaria teluk. Nalika semono Raja Hizkia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak nem taun, lan Hoséa jumenengé raja ing Samaria sangang taun.

11Bangsa Israèl banjur ditawan lan diboyong déning raja Asyur menyang negarané. Wong Israèl mau sapérangan ana sing dipapanaké ing kutha Hala, sapérangan menèh ing sacedhaké Kali Habor, ing wilayah Gozan, lan liyané ana ing kutha-kutha ing tanah Madai.

12Teluké Samaria mau merga wong Israèl ora padha mbangun-turut marang Pangéran, Allahé; padha nerak prejanjiané karo Gusti Allah lan nglanggar sakèhé préntahé Musa, abdiné Allah. Wong-wong mau ora padha ngrungokaké lan ora nglakoni.

13Nalika pepréntahané Raja Hizkia nyandhak patbelas taun, kutha-kutha ing Yéhuda sing dikubengi bètèng diserang lan direbut déning Sanhérib, raja ing Asyur.

14Hizkia ngutus utusan marang Sanhérib, sing nalika semono ana ing Lakhis, aturé, "Kula ngaken lepat; pramila kula suwun serangan dhateng kitha-kitha kula menika dipun kèndeli. Menapa kémawon ingkang panjenengan pundhut, badhé kula saosaken." Sanhérib mangsuli yèn Hizkia kudu mbayar dhendha awujud slaka sepuluh èwu kilogram lan emas sèwu kilogram.

15Mulané sakèhé slaka sing ana ing Pedalemané Allah lan sing ana ing kas kedhaton diaturaké kabèh déning Raja Hizkia marang Sanhérib.

16Tekan emas sing kanggo nglapisi lawang-lawanging Pedalemané Allah, sing dipasang déning Raja Hizkia dhéwé, kepeksa dithèthèli lan dikirimaké marang Sanhérib.

17Nanging raja Asyur mau saka Lakhis ngirim pasukan akèh, dipimpin déning perwira telu kanggo nyerang Yérusalèm. Satekané ing kutha Yérusalèm kono banjur padha mandheg ing panggonan sing karan Palemahané Tukang Tenun, sacedhaké kalèn sing ngilèkaké banyu saka blumbang ndhuwur.

18Sawisé mengkono perwira-perwira Asyur mau banjur kongkonan wong ngaturi Raja Hizkia. Pegawéné Hizkia, wong telu, banjur metu nemoni. Pegawé-pegawé mau jenengé: Èlyakim, bin Hilkia, penggedhé urusan kraton, Sèbna sèkretaris negara, lan Yoah bin Asaf, bendahara negara.

19Ana jéndral Asyur sing kandha karo wong telu mau mengkéné, "Pangandikané raja Asyur iki kandhakna marang Hizkia, ‘Yagéné kowé rumangsa rosa?

20Apa kokkira tembung waé bisa ngrobah siasat lan kekuwatané tentara! Sapa ta sing kokendelaké, kokkowé nganti wani nglawan marang Asyur?

21Kowé njagakaké pitulungané wong Mesir. Nanging kuwi rak padha karo nganggo teken glagah. Teken kuwi bakal tugel lan natoni tanganmu. Kaya mengkono kaanan sanyatané raja Mesir kanggo wong sing njagakaké pitulungané.’"

22Perwira Asyur mau kandha menèh, "Bisa uga kowé padha njagakaké pitulungané Pangéran, Allahmu? Nalika Hizkia dhawuh supaya wong Yéhuda lan Yérusalèm ngemungna manembah ing ngarepé mesbèh ing Yérusalèm, apa sing dirusak kuwi dudu papan-papan sing kanggo nyembah marang Allah dhéwé?

23Saiki aku atas asmané raja Asyur wani totohan, yèn kowé diwènèhi jaran rong èwu, kowé mesthi ora duwé wongé sing bisa nunggangi!

24Perwiraku sing asor dhéwé waé kowé ora bisa nandhingi. Éwasemono kowé padha duwé pengarep-arep yèn Mesir bakal kirim bantuan kréta perang lan bala jaranan!

25Apa kokkira enggonku nyerang lan ngalahaké negaramu kuwi ora nganggo pitulungané Allah? Allah dhéwé sing ngutus aku nyerang lan numpes negaramu!"

26Èlyakim, Sèbna lan Yoah banjur kandha karo perwira mau, "Pak, kula aturi ngandika mawi basa Aram kémawon, kula sami ngertos. Sampun nganggé basa Ibrani, mangké rakyat ingkang sami wonten ing témbok-témbok mindhak sami ngertos."

27Wangsulané perwira mau, "Aja kokkira yèn aku diutus raja Asyur mung didhawuhi kandha karo kowé lan karo rajamu waé. Aku iya kandha karo rakyat sing padha lungguh ana ing témbok-témbok kuwi, sing bakal padha mangan kotorané dhéwé lan ngombé uyuhé dhéwé."

28Perwira mau banjur ngadeg lan kandha seru nganggo basa Ibrani, "Padha rungokna. Mengkéné ngandikané raja Asyur:

29‘Aja gelem diapusi Hizkia, wong sing ora bisa mitulungi kowé.

30Aja ngrungokaké pambujuké Hizkia supaya kumandel marang Yéhuwah. Aja kokkira Allah bisa mitulungi kowé utawa ngalang-alangi Asyur nggempur kuthamu.

31Kowé aja ngrungokaké Hizkia. Aku, raja Asyur, préntah, metua saka kutha lan pasraha. Mengko kowé bakal mangan woh anggur saka kebonmu dhéwé, lan mangan woh ara saka witmu dhéwé, sarta ngombé banyu saka sumurmu dhéwé,

32nganti kowé dakboyong menyang negara manca sing mèmper karo negaramu dhéwé. Ing kana ana kebon anggur sing metokaké anggur kanggo kowé, ana sawah gandum sing ngasilaké glepung kanggo panganmu. Ing kana akèh wit zaitun, lenga zaitun lan madu. Yèn kowé nurut karo dhawuhku, kowé bakal urip, ora bakal mati. Aja nggatèkaké marang Hizkia. Kowé mung diapusi, supaya kowé ngandel yèn arep dipitulungi déning Allah.

33Apa ana déwa sing bisa nylametaké bangsané saka tanganku?

34Ana ing endi déwa-déwané tanah Hamat lan Arpad? Ana ing endi déwa-déwané Séfarwaim, Héna lan Iwa? Apa ana déwa teka sing mitulungi Samaria?

35Endi ana déwa sing bisa ngluwari tanahé saka tanganku? Mulané aja ngira yèn Allah bakal mitulungi Yérusalèm!’"

36Krungu tembung mengkono mau penduduk Yérusalèm ora ana sing kumecap, sebab Raja Hizkia wis dhawuh supaya padha meneng waé.

37Mulané Èlyakim, Sèbna lan Yoah padha nyuwèk jubahé merga saka sedhihé. Banjur padha sowan marang Sang Prabu nglapuraké apa sing dikandhakaké déning perwira Asyur mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel