Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 2 >> 

1Nalika wis tekan wektuné Gusti Allah ngangkat Nabi Élia menyang swarga lantaran angin lésus. Nabi Élia lan Nabi Élisa lagi padha tindak saka Gilgal.

2Sajroné padha tindak mau Nabi Élia ngandika marang Nabi Élisa, "Kowé ngentènana ing kéné; aku didhawuhi Gusti Allah lunga menyang Bètèl." Nanging Nabi Élisa matur, "Demi asmanipun Allah ingkang gesang lan demi gesang panjenengan, kula mboten badhé nilar panjenengan." Mulané banjur padha nerusaké tindaké menyang Bètèl.

3Ing kono ana nabi sawetara sing padha nemoni Nabi Élisa lan nyuwun pirsa, "Menapa panjenengan pirsa, bilih ing dinten menika Nabi Élia badhé kapundhut déning Allah lan nilar panjenengan?" Wangsulané Nabi Élisa, "Aku wis ngerti. Nanging prekara kuwi ora susah kita rembug."

4Nabi Élia nuli ngandika marang Nabi Élisa, "Karia ing kéné; aku didhawuhi Pangéran lunga menyang Yérikho." Nanging Nabi Élisa mangsuli, "Demi Allah ingkang gesang lan gesang panjenengan, kula mboten badhé nilar panjenengan." Mulané banjur padha tindak bebarengan menyang Yérikho.

5Ana nabi sawetara sing manggon ing kono, padha nemoni Nabi Élisa lan nyuwun pirsa, "Menapa panjenengan pirsa, bilih ing dinten menika Nabi Élia badhé kapundhut déning Pangéran lan nilar panjenengan?" Wangsulané Nabi Élisa, "Aku wis ngerti. Nanging prekara kuwi ora susah dirembug."

6Nabi Élia banjur ngandika marang Nabi Élisa, "Kowé karia ing kéné, aku didhawuhi déning Pangéran lunga menyang Kali Yardèn." Nanging Nabi Élisa mangsuli, "Demi Allah ingkang gesang lan gesang panjenengan, kula mboten badhé nilar panjenengan." Banjur padha nerusaké tindaké

7menyang Kali Yardèn, didhèrèkaké nabi sèket. Nabi Élia lan Nabi Élisa banjur padha jumeneng ing pinggiré Kali Yardèn lan nabi sèket mau padha ngadeg ora adoh saka kono.

8Nabi Élia mundhut jubahé, banjur digulung lan disabetaké ing banyuné kali. Banyuné kali mau piyak dadi loro, temah Nabi Élia lan Nabi Élisa bisa tindak napak ing dhasaring kali sing asat.

9Sawisé nyabrang Nabi Élia ndangu marang Nabi Élisa, "Sadurungé aku dipundhut déning Allah lan pisah karo kowé, kowé njaluk apa?" Aturé Nabi Élisa, "Kula kaparingana roh panjenengan kalih panduman, supados kula saged nggentosi panjenengan."

10Wangsulané Nabi Élia, "Kuwi prekara sing ora gampang. Éwasemono yèn mengko wektuné aku kapundhut déning Pangéran kowé weruh aku kaangkat, penjalukmu bakal keturutan. Nanging yèn kowé ora weruh enggonku kaangkat, penjalukmu iya ora keturutan."

11Sajroné padha nerusaké tindak padha ngandikan. Dumadakan ana kréta murub ditarik jaran murub misahaké wong loro mau, lan Nabi Élia kaangkat menyang swarga déning angin lésus.

12Nabi Élisa pirsa lelakon mau, lan mbengok, "Élia! Bapak! Bapak! Pahlawanipun Israèl ingkang prakosa! Bapak wis ora ana!" Élia wis ora katon menèh. Saka sedhihé Nabi Élisa nyuwèk jubahé dadi loro;

13jubahé Nabi Élia sing tiba nuli dipundhut, banjur jumeneng menèh ing pinggiré Kali Yardèn.

14Jubahé Nabi Élia mau disabetaké ing banyuné kali karo ngandika, "Ana ing ngendi Pangéran, Allahé Élia?" Banyuné nuli piyak lan Nabi Élisa nyabrang metu ing dhasaring kali sing asat.

15Para nabi sèket saka Yérikho padha weruh lelakon mau, mulané padha kandha, "Pangwasané Élia wis ngalih menyang Élisa!" Banjur padha sujud ing ngarsané Nabi Élisa,

16aturé, "Kula tiyang sèket menika rosa-rosa. Pramila kula sami badhé madosi Élia, bapak panjenengan. Saged ugi Élia kaasta déning Rohipun Pangéran dhateng redi utawi dhateng jurang sarta kasèlèhaken ing ngrika." Wangsulané Nabi Élisa, "Ora susah!"

17Nanging sarèhné padha ndhesek, Nabi Élisa iya banjur nglilani. Wong sèket mau banjur padha budhal nggolèki Nabi Élia nganti telung dina, nanging ora ketemu.

18Sawisé mengkono banjur padha bali sowan marang Nabi Élisa, sing isih ngentèni ana ing Yérikho. Pangandikané Nabi Élisa, "Aku rak wis kandha: ‘Ora susah digolèki.’"

19Ana wong sawetara saka Yérikho sowan ing ngarsané Nabi Élisa lan matur mengkéné, "Bapak pirsa piyambak, bilih kitha menika saé, nanging toyanipun awon, mila asring wonten bayi kluron."

20Pangandikané Nabi Élisa, "Aku jupukna mangkok anyar, isènana uyah." Banjur padha ngaturaké apa sing dipundhut mau.

21Nabi Élisa banjur tindak menyang sendhang sing banyuné ala mau lan nyawuraké uyahé ing sendhang kono, karo ngandika, "Pangandikané Pangéran mengkéné, ‘Banyu iki Dakgawé tawa, supaya ora njalari mati utawa kluroné bayi!’"

22Sebanjuré banyu mau dadi becik, kaya ngandikané Nabi Élisa.

23Sawisé mengkono Nabi Élisa miyos saka Yérikho tindak menyang Bètèl. Ing dalan kono ana bocah sawetara bengok-bengok moyoki: "Hé gundhul, munggaha, munggaha."

24Nabi Élisa nolèh lan mirsani bocah-bocah mau karo diipat-ipati ing asmané Allah. Sanalika iku uga ana bruwang wadon loro metu saka grumbulan lan nyempal-nyempal bocah-bocah mau; cacahé ana patang puluh loro.

25Nabi Élisa banjur nerusaké tindaké menyang Gunung Karmèl, lan saka kana kondur menyang Samaria.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel