Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 23 >> 

1Raja Yosia banjur nimbali para pemimpin ing tanah Yéhuda lan ing Yérusalèm kabèh.

2Bebarengan karo wong-wong mau Raja Yosia tindak menyang Pedalemané Allah, didhèrèkaké para imam, para nabi lan rakyat kabèh, wong cilik dalah wong gedhé. Jumeneng ana ing sacedhaké cagak ing Pedalemané Allah kono, Sang Prabu maos klawan swara sora ana ing ngarepé wong-wong mau, surasané Kitab Prejanjian sing lagi ketemu ana ing Pedalemané Allah.

3Sang Prabu nuli prejanji ing ngarsané Allah, yèn bakal nglampahi klawan tumemen sakèhing dhawuh lan prenatan, sarta netepi sarat-saraté prejanjiané Allah karo umaté sing kasebut ana ing Kitab mau.

4Sawisé mengkono Sang Prabu dhawuh marang Imam Agung Hilkia, para imam pembantu lan para pengawal sing jaga ing lawanging Pedalemané Allah, supaya sarupané piranti sing dienggo nyembah brahala Baal, Dèwi Asyéra lan lintang-lintang ditokaké saka Pedalemané Allah. Barang-barang mau banjur diobong déning Sang Prabu ing sanjabané kutha, sacedhaké Lembah Kidron, lan awuné digawa menyang Bètèl.

5Kejaba saka kuwi Sang Prabu iya nglèrèni para imam sing diangkat déning raja-raja Yéhuda, lan ditugasaké ngimami ing mesbèhé déwa-déwa ing kutha-kutha Yéhuda lan sakiwa-tengené Yérusalèm. Uga imam-imam sing gawé kurban marang Baal, déwa srengéngé, rembulan lan lintang-lintang dilèrèni kabèh.

6Recané Dèwi Asyéra iya diwetokaké saka Pedalemané Allah lan digawa menyang sanjabané kutha, ing Lembah Kidron. Ana ing kono reca mau diobong, arengé diejur-ejur lan awuné dibuwang ing kuburan umum.

7Kamar-kamar ing Pedalemané Allah panggonané pelacur kuil nglakoni pelacuran kanggo ngladèni wong-wong sing padha nyembah déwa, dirusak. (Ana ing kamar kono wong-wong wadon mau padha nenun sandhangan sing dienggo ing pangibadah marang Dèwi Asyéra.)

8(23:8-9) Imam-imam ing wilayah Yéhuda diboyong kabèh menyang Yérusalèm; saenggon-enggon sanegara kono, sakèhé mesbèhé para déwa sing lumrahé dienggo gawé kurban déning imam-imam mau, dinajisaké. Imam-imam mau ora kena ngladèni ing Pedalemané Allah, nanging padha olèh mangan roti tanpa ragi, sing dicawisaké kanggo kanca-kancané. Mesbèh-mesbèh sing disedhiyakaké kanggo Déwa Wedhus, sacedhaké Gapura Yosua, penggedhéné negara kono, dirubuhaké. Gapura mau dunungé ana ing sisih kiwané gerbang sing kanggo liwat wong-wong sing padha mlebu kutha.

9(23:8)

10Tofèt, yakuwi panggonané nyembah brahala Molokh, sing ana ing Lebak Ben-Hinom, iya dinajisaké, supaya ora dienggo déning wong sing ngurbanaké anaké kanggo kurban obongan.

11Kabèh jaran sing dienggo para raja nyembah déwa Srengéngé, disingkiraké. Kréta-kréta sing dienggo ing upacara penyembahan brahala mau diobong. (Kréta-kréta mau dipapanaké ana ing pekarangané Pedalemané Allah, cedhak gapura, ora adoh saka panggonané Natan-Mèlèkh, pegawé sing dhuwur pangkaté.)

12Mesbèh-mesbèh sing diyasa déning raja-raja Yéhuda ing payon tilas kamar-kamaré Raja Akhas, dibubrah. Uga mesbèh-mesbèh sing diyasa déning Raja Manasyè ing platarané Pedalemané Allah karo pisan dibubrah, banjur dibuwang menyang Lembah Kidron.

13Uga mesbèh-mesbèh sing didegaké ana ing sawétané kutha Yérusalèm, sakidulé Gunung Duraka, dinajisaké. Mesbèh-mesbèh kuwi biyèn sing yasa Raja Suléman kanggo nyembah déwa-déwa sing njijiki, kayata Dèwi Astorèt, sesembahané wong Sidon, Déwa Kamos, sesembahané bangsa Moab, lan Molokh sesembahané bangsa Amon.

14Tugu-tuguné déwa lan reca-recané Dèwi Asyéra dirubuhaké, lan lemah tilas panggonané tugu-tugu lan reca-reca mau diurugi balunging wong.

15Recané Dèwi Asyéra diobong lan mesbèhé ing Bètèl dibubrah. Papan panyembahan brahala kuwi biyèn sing yasa Raja Yérobéam bin Nébat; Yérobéam mau raja sing njalari wong Israèl padha gawé dosa.

16Nalika Yosia nolèh, pirsa ana kuburan sawetara ing gunung. Kuburan-kuburan mau didhawuhi mbongkar, lan balung-balungé didhawuhi ngobong ing mesbèh Bètèl. Mesbèh mau banjur digempur lan watuné diejur-ejur. Mengkono patrapé najisaké mesbèh, nganti kelakon apa sing wis diweca sadurungé déning nabining Allah, nalika Raja Yérobéam mbeneri pésta, jumeneng ana ing mesbèh mau. Sawisé mengkono Raja Yosia pirsa ana kuburan siji menèh.

17Nuli ndangu, "Iki kuburané sapa?" Wong-wong ing Bètèl padha matur, "Menika pesaréanipun abdining Allah. Nalika semanten nabi wau rawuh mriki saking tanah Yéhuda, lajeng meca bab lelampahan ingkang samenika panjenengan tindakaken bab mesbèh ing Bètèl menika."

18Dhawuhé Sang Prabu, "Kuburan kuwi aja dikapak-kapakaké. Balung-balungé karebèn ana ing kono waé, aja dielih!" Mula balungé nabi saka Yéhuda mau ora dikapak-kapakaké. Mengkono uga balungé nabi sing saka Samaria dikubur ana ing kono.

19Ing saben kutha ing Israèl, Raja Yosia nggempuri panggonan-panggonan sing biyèn dienggo nyembah brahala déning raja-raja Israèl, lan njalari dukané Gusti Allah. Apa sing ditindakaké déning Raja Yosia ing Bètèl, iya ditindakaké marang mesbèh-mesbèh sanegara Israèl kabèh.

20Kabèh imam sing ora nyembah marang Allah padha dipatèni ana ing mesbèh-mesbèh sing biyèn dilayani imam-imam mau. Saben mesbèh dienggo déning Yosia kanggo ngobong balung-balungé wong mati. Sawisé mengkono Raja Yosia banjur kondur menyang Yérusalèm menèh.

21Raja Yosia banjur dhawuh marang rakyat supaya ngriayakaké Paskah, kaya sing katulis ing Kitab Prejanjian. Srana mengkono umat mau mulyakaké Pangéran, Allahé.

22Paskah sing mengkono mau durung tau ditindakaké, iya ing jamané Para Hakim, utawa ing jamané Para Raja.

23Paskah mau diriayakaké ing Yérusalèm nalika Yosia enggoné jumeneng raja nyandhak wolulas taun.

24Netepi prenatan-prenatan sing katulis ing Kitab sing ditemokaké déning Imam Agung Hilkia ing Pedalemané Allah, Raja Yosia banjur nglungakaké para préwangan lan para juru nujum kabèh, kadhawuhan metu saka Yérusalèm lan saka tanah Yéhuda. Mengkono uga ndhawuhi mbuwang sarupané déwa sing ana ing njero omah, brahala lan barang-barang sing dienggo piranti nyembah déwa-déwa.

25Durung tau ana raja sing kaya Raja Yosia, sing enggoné ngabdi marang Allah klawan éklas temenan, sarta ngetingalaké pengabdiné mau ana ing sugengé lan pegawéané, cocog karo sing disebutaké ana ing Torèté Musa. Sapungkuré Raja Yosia, ora ana raja sing kaya panjenengané.

26Éwasemono penggawéné Raja Manasyè wis kadhung njalari Gusti Allah duka banget marang Yéhuda; tekan jaman Raja Yosia dukané mau durung sirep.

27Pangandikané Allah, "Penggawé-Ku marang Israèl uga bakal Daktindakaké marang Yéhuda. Wong Yéhuda bakal Dakbuwang saka tanah sing Dakparingaké marang dhèwèkné. Yérusalèm, kutha sing Dakpilih, bakal Daktampik. Semono uga Pedaleman iki, sing Daksebut papan panggonan-Ku disembah."

28(23:28-30) Raja Yosia disédani ing Megido nalika methukaké perang Raja Néko, saka tanah Mesir, sing nalika semono nglurugi perang raja Asyur ana ing pinggiring Bengawan Éfrat. Layoné Raja Yosia dijupuk déning para abdiné, banjur digawa mulih nganggo kréta menyang Yérusalèm. Ana ing kana Yosia disarèkaké ing pesaréané raja-raja. Rakyat Yéhuda banjur milih Yoahas, putrané Yosia, dijumenengaké raja, nggentèni ramané. Riwayaté Yosia liya-liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

29(23:28)

30(23:28)

31Nalika jumeneng raja ing Yéhuda, Yoahas yuswa telulikur taun. Dalemé ing Yérusalèm. Lawasé jumeneng raja telung sasi. Asmané ibuné Hamutal, putrané Yérémia, saka kutha Libna.

32Yoahas nglampahi dosa marang Allah kaya para leluhuré.

33Yoahas lèrèh nalika panjenengané ditawan Néko, raja Mesir, ing Riblah, daérah Hamat. Yéhuda dipeksa mbayar pajeg marang Néko 3.400 kilogram slaka lan telung puluh papat kilogram emas.

34Raja Néko banjur ngangkat Èlyakim, putrané Yosia, dijumenengaké raja ing Yéhuda. Asmané dielih déning Raja Néko dadi Yoyakim. Yoahas diboyong Néko menyang tanah Mesir, lan séda ana ing kana.

35Kanggo nyukupi tuntutané pajeg raja Mesir, Yoyakim narik pajeg marang rakyaté miturut kekuwatané dhéwé-dhéwé.

36Yoyakim nalika jumeneng raja ing Yéhuda yuswané selawé taun. Dalemé ing Yérusalèm. Suwéné jumeneng raja sewelas taun. Asmané ibuné Zebuda, putrané Pédaya, saka Ruma.

37Yoyakim damel dosa ing ngarsané Allah kaya leluhuré.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel