Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 13 >> 

1Nalika Raja Yérobéam enggoné dadi raja nyandhak wolulas taun, Abia dadi raja ing Yéhuda.

2Kedhatoné ana ing Yérusalèm; lawasé dadi raja telung taun. Ibuné asmané Mikhaya binti Urièl, saka kutha Gibéa. Kecrita Abia lan Yérobéam padha perang;

3prejurité Abia 400.000, Yérobéam 800.000.

4Pasukan loro mau padha adu-arep ana ing pegunungan Éfraim. Abia munggah ing Gunung Zemaraim sarta nguwuh marang Yérobéam lan wong Israèl, "Rungokna!

5Kowé padha ngerti yèn Pangéran, Allahé Israèl wis janji karo Dawud, yèn saturun-turuné bakal ngratoni Israèl ing selawas-lawasé. Janji mau ora kena dibatalaké.

6Éwasemono Yérobéam bin Nébat mbrontak marang Suléman, rajané.

7Yérobéam nglumpukaké wong durjana sawetara lan mèpètaké marang Réhabéam, putrané Suléman, sing nalika semono isih nom lan durung duwé pengalaman, supaya nglakoni karepé.

8Kowé saiki ngira yèn bisa nglawan pangwasa sing diparingaké déning Pangéran marang turuné Dawud, merga balamu akèh lan kowé duwé sapi-sapi emas, sing didadèkaké allahmu déning Yérobéam.

9Apa imam-imamé Pangéran, anak-turuné Harun, lan wong-wong Lèwi ora wis padha koklungakaké kabèh? Minangka gantiné sapa waé sing kepéngin dadi imam, angger wong nggawa sapi siji utawa wedhus gèmbèl pitu, kokdadèkaké imam, kanggo ngladèni déwamu sing dudu Allah, sebab pancèn kaya mengkono carané bangsa-bangsa liya enggoné ngangkat wong dadi imam. Nanging mungguhing aku ora mengkono.

10Aku padha tetep ngabdi marang Pangéran, Allahku, lan ora ninggal Panjenengané. Imam-imamku kuwi anak-turuné Harun, lan tetep dibiyantu déning wong-wong Lèwi.

11Saben ésuk lan soré padha ngobong menyan lan nyaosaké kurban obongan konjuk ing Pangéran, sarta nyaosaké roti sajèn ing méja. Saben bengi padha nyumed diyan-diyan ing papan lampu saka emas. Aku padha tetep ngèstokaké dhawuh-dhawuhé Pangéran. Nanging kowé wis padha ninggal Panjenengané.

12Pemimpinku Allah piyambak, lan para imamé ana ing kéné. Wis padha cumawis ngunèkaké slomprèt, minangka pretandha kanggo balaku supaya nggempur kowé. Hé, sedulur-sedulurku wong Israèl, aja padha nglawan marang Pangéran, Allahé leluhurmu! Kowé ora bakal bisa menang!"

13Nanging Yérobéam klawan sesidheman nglakokaké sebagéan pasukané nyerbu pasukan Yéhuda saka mburi, sebagéan liyané dikon nyerbu saka ngarep.

14Bareng pasukan Yéhuda weruh yèn dikepung banjur padha nyuwun pitulungan marang Pangéran. Para imam nuli padha ngunèkaké slomprèt,

15pasukan Yéhuda nuli padha surak-surak lan maju perang, dipimpin déning Abia. Yérobéam lan pasukan Israèl dikalahaké déning Allah,

16nganti padha keplayu. Gusti Allah paring kemenangan marang Yéhuda.

17Abia enggoné nggempur pasukan Israèl temenan lan matèni prejurit Israèl 500.000.

18Wong Yéhuda menang, merga padha precaya marang Pangéran, Allahé leluhuré.

19Nalika ngoyak pasukané Yérobéam, Abia nyambi ngrebut kutha sawetara lan désa-désa ing sakiwa-tengené, yakuwi kutha-kutha Bètèl, Yesana lan Éfron.

20Selawasé Abia dadi raja, Yérobéam ora bisa mbalèkaké pangwasané. Pungkasané Yérobéam diukum déning Pangéran.

21Nanging Abia saya wuwuh kwasané. Garwané patbelas, putrané kakung rolikur lan putrané putri nembelas.

22Riwayaté Abia liyané, pangandikané lan pendamelé kabèh katulis ing Kitab Sejarahé Nabi Idho.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel