Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 15 >> 

1Nabi Azaria bin Odèd kapenuhan ing Rohé Allah,

2nuli sowan ing ngarsané Sang Prabu Asa, unjuké, "Sang Prabu Asa tuwin para penduduk Yéhuda lan Bènyamin sedaya! Kula aturi migatosaken! Pangéran menika celak kaliyan panjenengan, samasa panjenengan celak kaliyan Pangéran. Menawi panjenengan mbetahaken pitedah, Pangéran badhé maringi pitedah. Nanging menawi panjenengan mboten ngabekti dhateng Pangéran, Pangéran inggih mboten badhé mberkahi panjenengan.

3Dangu sanget Israèl mboten ngabekti dhateng Allah ingkang sejati lan mboten sami angsal pitedah saking para imam sarta mboten sami nglampahi dhawuh-dhawuhipun Pangéran, Allahipun Israèl.

4Nanging nalika sami manggih karibedan lajeng sami sowan dhateng Pangéran, Allahipun Israèl. Sami nyuwun pitedahipun, mangka Allah inggih lajeng maringi.

5Nalika semanten tiyang mboten saged kekésahan kalayan tentrem, mergi ing saben negari wonten reresah.

6Bangsa sami bangsa memengsahan lan negari sami negari sami gentos nindhes, mergi Allah ndhatengaken reresah dhateng bangsa-bangsa wau.

7Nanging panjenengan sami kula aturi sami gagah lan kendel, awit déné kangèlan panjenengan temtu badhé angsal ganjaran."

8Nalika mireng pangandikané Nabi Azaria bin Odèd mau, Raja Asa tuwuh semangaté. Sakèhé brahala ing Yéhuda lan Bènyamin banjur disingkiraké, semono uga sing ana ing kutha-kutha ing pegunungan Éfraim sing wis ditelukaké. Mesbèhé Pangéran sing ana ing platarané Pedalemané Allah iya nuli didandani.

9Akèh wong Éfraim, Manasyè lan Siméon padha nggabung mèlu Raja Asa, lan manggon ing wilayah Yéhuda, merga padha weruh yèn Pangéran mitulungi marang Raja Asa. Wong-wong mau diklumpukaké déning Raja Asa bebarengan karo rakyat Yéhuda lan rakyat Bènyamin ana ing Yérusalèm,

10ing sasi katelu, taun ping limalasé Asa dadi raja.

11Ing dina mau padha nyaosaké kurban konjuk marang Allah rupa sapi 700 lan wedhus gèmbèl 7.000, yakuwi kéwan sing dirampas nalika bali saka perang.

12Ana ing kono padha janji marang Pangéran yèn bakal padha nyembah marang Panjenengané, Allahé leluhuré klawan gumolongé ati lan nyawané.

13Sapa waé, tuwa apa nom, lanang apa wadon sing ora nyembah marang Pangéran mesthi diukum pati.

14Kanthi swara sora padha sumpah ing ngarsané Pangéran yèn arep padha netepi janjiné mau. Sawisé mengkono banjur padha surak-surak lan ngunèkaké slomprèt.

15Rakyat Yéhuda kabèh padha bungah-bungah merga wis nglairaké sumpahé marang Pangéran klawan terus ing ati. Padha seneng nindakaké pangibadah marang Pangéran, lan Pangéran nampi pangibadahé mau. Allah maringi katentreman ing satanah kono kabèh.

16Saterusé Raja Asa nglèrèhi Maaka saka kalungguhané ibu Suri, merga Maaka mau gawé reca Asyéra, dèwi kasuburan. Reca mau diremuk dadi sawalang-walang, nuli diobong ing Lebak Kidron.

17Senajan ora kabèh papan panyembahané déwa digempur déning Raja Asa, nanging sugengé Raja Asa tetep setya marang Pangéran.

18Kabèh emas lan slaka sarta barang-barang liyané olèh-olèhané ngrampas sajroning peprangan, semono uga barang-barang kagungané ramané disimpen déning Raja Asa ana ing Pedalemané Allah.

19Nganti nyandhak taun kaping telung puluh lima pepréntahané Raja Asa tanah kono ora tau ngalami perang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel