Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 17 >> 

1Yosafat banjur nggentèni Asa, ramané, dadi raja ing Yéhuda, sarta nyentosani negarané supaya kuwat nahan serangané Israèl.

2Kutha-kutha ing Yéhuda sing ana bètèngé kabèh dijaga tentara, mengkono uga daérah-daérah sanjabané kutha, lan kutha-kutha sing direbut déning ramané ing tanah Éfraim.

3Yosafat diberkahi déning Pangéran, merga tiru ramané, ora nyembah marang Baal,

4nanging marang Allah. Yosafat nglampahi dhawuh-dhawuhé Allah, lan uripé ora kaya raja-raja ing Israèl.

5Pepréntahané ing Yéhuda disentosakaké déning Allah. Rakyat padha saos pisungsung, mulané Raja Yosafat dadi sugih lan kinurmatan.

6Klawan kencenging tékad Yosafat ngèstokaké dhawuhé Pangéran, yakuwi nggempur papan panyembahané para brahala kabèh, sarta reca-recané Dèwi Asyéra ing Yéhuda.

7Nalika pepréntahané nyandhak taun kateluné, Raja Yosafat ngutus punggawa-punggawané sing dhuwur pangkaté, didhawuhi mulang marang rakyat ing kutha-kutha Yéhuda bab prenatan-prenatané Allah. Kayata Bènhail, Obaja, Zakharia, Nétanéèl lan Mikha.

8Wong-wong mau dikancani wong Lèwi lan imam sanga. Wong-wong Lèwi mau yakuwi: Semaya, Nétanya, Zebaya, Asaèl, Semiramot, Yonatan, Adoniram, Tobia lan Tob-Adonia. Déné imam-imamé: Élisama lan Yoram.

9Wong-wong mau padha sumebar ing kutha-kutha Yéhuda karo nggawa Kitab Prenatan-prenatané Pangéran lan mulang rakyat sing ana ing kana.

10Para raja sakiwa-tengené Yéhuda digawé wedi déning Pangéran nganti padha ora wani nglawan perang marang Raja Yosafat.

11Malah wong Filistin padha nyaosi pisungsung rupa emas lan slaka, semono uga wong Arab padha nyaosaké wedhus gèmbèl 7.700 lan wedhus jawa 7.700.

12Mengkono Raja Yosafat saya tambah gedhé pangwasané. Panjenengané mbangun bètèng-bètèng lan kutha-kutha kanggo nandho pangan wrata satanah Yéhuda kabèh.

13Kutha-kutha mau dikebaki barang-barang tandhon. Ing Yérusalèm didokoki perwira-perwira sing gagah-prakosa, saben perwira karo pasukané

14miturut klompoké dhéwé-dhéwé. Adna kuwi panglima pasukané gotrah-gotrah Yéhuda. Prejurité 300.000.

15Perwira sing nomer loro jenengé Yohanan, prejurité 280.000.

16Wong katelu jenengé Amazia bin Zikri, prejurité 200.000. (Amazia kuwi sukarelawan sing ngabdi marang Allah.)

17Panglimané pasukan saka gotrah-gotrah Bènyamin jenengé Éliada, pejuang sing gagah-prakosa. Prejurité 200.000, nggawa gegaman panah lan tamèng.

18Wong nomer loro ing pasukan kono jenengé Yozabad, prejurit sing dipimpin 180.000 siap gegaman kabèh.

19Wong-wong kuwi kabèh sing tugas ana ing Yérusalèm. Kejaba saka kuwi, sang Prabu iya mapanaké pasukan-pasukan liyané menèh ing bètèng-bètèng ing wilayah Yéhuda.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel