Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 21 >> 

1Raja Yosafat séda lan disarèkaké ing pesaréané raja-raja ing kuthané Dawud. Yoram, putrané, nggentèni dadi raja.

2Yoram, putrané Yosafat, raja Yéhuda, kagungan sedhèrèk kakung nem, yakuwi: Azaria, Yehièl, Zakharia, Azariahu, Mikhaèl lan Séfaca.

3Saka Raja Yosafat, keng ramané, putra-putra mau padha nampi emas, slaka lan barang-barang sing akèh pengajiné, lan saben putra kaparingan kutha siji sing ana bètèngé, ing Yéhuda. Nanging sarèhné Yoram kuwi putra mbarep, mulané Raja Yosafat ngangkat Yoram dadi gantiné.

4Bareng Yoram wis rumangsa kuwat enggoné dadi raja, banjur dhawuh matèni sedulur-seduluré kabèh, mengkono uga penggedhéné sawetara.

5Yoram enggoné dadi raja nalika yuswa telung puluh loro taun. Lawasé dadi raja wolung taun.

6Sugengé ora béda karo Raja Akhab lan raja-raja Israèl liyané, merga kawin karo putra-putriné Raja Akhab. Raja Yoram gawé dosa ing ngarsané Pangéran,

7éwasemono Pangéran ora kersa numpes raja tedhaké Dawud, merga Panjenengané wis janji, yèn anak-turuné Raja Dawud bakal tetep ana sing dadi raja.

8Ing jamané Raja Yoram mau, Édom mbrontak nglawan marang Yéhuda, sarta madeg negara dhéwé.

9Mulané Raja Yoram lan para panglimané nglurug nyerang Édom, nganggo kréta-kréta perang. Yoram dikepung déning pasukan Édom, nanging benginé bisa lolos.

10Wiwit nalika semono Édom ora teluk karo Yéhuda menèh. Semono uga kutha Libna iya mèlu mbrontak. Kuwi mau kabèh sebabé ora liya merga Yoram nyingkur marang Pangéran, Allah sesembahané leluhuré.

11Malah Raja Yoram ngedegaké papan-papan panyembahané brahala ing daérah pegunungan Yéhuda, njalari rakyat Yéhuda lan rakyat Yérusalèm padha nglakoni dosa ing ngarsané Allah.

12Nabi Élia banjur kirim layang marang Raja Yoram, sing surasané mengkéné: "Pangéran, sesembahanipun Raja Dawud, sampun ndhawahaken paukuman dhateng panjenengan, mergi panjenengan mboten niru tumindakipun keng rama lan keng éyang Dawud.

13Malah panjenengan tumindak kados caranipun raja-raja ing Israèl. Srana mekaten njalari rakyat Yéhuda lan rakyat Yérusalèm nilar dhateng Allah. Panjenengan tumindak kados Raja Akhab lan para raja ingkang nggentosi raja wau. Malah panjenengan sampun nyédani sedhèrèk-sedhèrèk panjenengan, mangka tiyang-tiyang wau langkung saé tinimbang panjenengan piyambak.

14Pramila panjenengan badhé kadhawahan paukuman ingkang awrat déning Pangéran, ingkang inggih badhé ndhawahi dhateng rakyat, putra-putra lan para garwa panjenengan; Pangéran badhé nyirnakaken sedaya barang-darbé panjenengan.

15Panjenengan piyambak badhé ketaman gerah usus ingkang mindhak dinten mindhak sanget!"

16Nalika semono ana wong Filistin lan wong Arab manggon cedhak karo panggonané wong Sudan ing daérah pesisir. Pangéran ngosikaké atiné wong-wong mau nglurugi perang marang Yoram.

17Banjur padha nyerang Yéhuda lan njarah-rayah kedhatoné Sang Prabu. Garwa lan putrané Raja Yoram kabèh ditawan, kejaba Ahazia putrané sing ragil.

18Sawisé mengkono Pangéran nuli ndhawahaké paukuman marang Raja Yoram rupa lelara usus sing ora bisa mari.

19Lelara mau sajroné rong taun saya banget nganti wekasané Raja Yoram séda kanthi ngraosaké lara sing banget. Rakyat ora gawé api unggun kanggo nélakaké béla sungkawané, kaya sing lumrahé dianakaké kanggo para leluhuré.

20Ora ana wong siji waé sing nggetuni sédané Raja Yoram. Layoné disarèkaké ing Kuthané Dawud, nanging ora ana ing pesaréané para raja. Nalika dadi raja, Yoram yuswa 32 taun, dalemé ing Yérusalèm, lawasé dadi raja 8 taun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel