Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 23 >> 

1Kecrita bareng nyandhak taun kapitu Imam Yoyada nindakaké putusan. Ana perwira lima sing diajak sekuthon, yakuwi: Azaria bin Yéroham, Ismaèl bin Yohanan, Azaria bin Obèd, Maaséya bin Adaya lan Élisafat bin Zikri.

2Wong-wong mau padha disebar menyang kutha-kutha ing Yéhuda kabèh, nglumpukaké para wong Lèwi lan para lajeré gotrah-gotrah, sarta padha digawa menyang Yérusalèm.

3Wong-wong mau kabèh padha nglumpuk ana ing Pedalemané Allah lan padha gawé prejanjian karo Yoas, putra raja mau. Pangandikané Yoyada marang wong-wong mau, "Iki putrané swargi Raja Ahazia! Saiki kudu diangkat, merga Gusti Allah wis prejanji yèn putra-wayahé Raja Dawud selawasé bakal dadi raja.

4Carané mengkéné: Yèn para imam lan wong Lèwi rampung enggoné nglakoni tugas ing dina Sabbat, ora kena padha mulih. Sapratelon kudu mèlu jaga ing gapura-gapurané Pedalemané Allah,

5sapratelon menèh kudu jaga ing kedhatoné Sang Prabu, liyané kudu nglumpuk ana ing Gapura Yésod. Rakyat kabèh kudu nglumpuk ana ing platarané Pedalemané Allah.

6Kejaba para imam lan wong Lèwi sing padha tugas, ora ana wong siji waé sing kena mlebu ing Pedalemané Allah, merga para imam kuwi pancèn disucèkaké kagem Gusti Allah. Wong-wong liyané kudu manut karo prenatané Allah lan kudu ana ing njaba.

7Wong-wong Lèwi kudu padha ngadeg ngubengi raja karo nggawa pedhang ligan, sarta ndhèrèkaké tindaké Sang Raja menyang ngendi waé. Sing sapa meksa arep mlebu Pedalemané Allah kudu dipatèni."

8Dhawuhé Yoyada mau ditindakaké déning wong-wong Lèwi lan rakyat Yéhuda. Wong Lèwi sing wis rampung nyambut-gawé ing dina Sabbat ora olèh mulih. Dadiné para perwira bisa migunakaké tenagané wong sing wis bubar nyambut-gawé mau lan wong sing padha mlebu arep nyambut-gawé.

9Saben perwira diparingi tumbak lan tamèng, tilas kagungané Raja Dawud, sing disimpen ana ing Pedalemané Allah.

10Yoyada uga masang wong jaga nggawa pedhang ligan ana sakiwa-tengené platarané Pedalemané Allah, kanggo njaga keslametané Sang Prabu.

11Yoas banjur diirid metu déning Yoyada, sirahé diagemi makutha, lan dicaosi Kitab Torèt. Mengkono carané Yoas enggoné kajumenengaké raja. Imam Yoyada lan para putrané nuli ngesokaké lenga jebad ing sirahé Yoas, lan wong kabèh banjur padha surak, "Sugenga Sang Prabu!"

12Kecrita Atalia mireng suraké rakyat kemrubut mangayubagya Sang Prabu, énggal-énggal tindak menyang Pedalemané Allah, marani wong akèh sing padha nglumpuk ing kono.

13Ana ing kono pirsa Sang Prabu jumeneng ing lawangé Pedalemané Allah, panggonané diwisudha. Sang Prabu dikubengi déning para perwira lan para wong sing ngunèkaké slomprèt. Rakyat kabèh padha surak giyak-giyak kabarengan uniné slomprèt. Wong sing kapatah ngunèkaké tetabuhan ing Pedalemané Allah padha nabuh bebarengan. Atalia banjur nyuwèk pengagemané nélakaké enggoné nepsu banget, karo nguwuh, "Kianat! Kianat!"

14Yoyada ora marengaké Atalia dipatèni ing sacedhaké Pedalemané Allah, mulané ngandika marang para perwira, "Gawanen metu karo dikawal, lan sapa waé sing arep ngluwari patènana."

15Atalia banjur dicekel, digawa menyang kedhaton, sarta dipatèni ing gapura Jaran.

16Yoyada ngaturi Sang Prabu lan rakyat gawé prejanjian yèn padha dadi umaté Allah.

17Wong kabèh banjur padha nyerbu papan-papan panyembahané Baal. Mesbèh lan reca-recané nuli padha digempur. Matan, Imamé Baal, dipatèni ing ngarepé mesbèh-mesbèh mau.

18Yoyada banjur ndhawuhi para imam lan wong Lèwi mrenata pegawéan ing Pedalemané Allah, miturut prenatané Raja Dawud. Wong-wong mau kudu padha nyaosaké kurban obongan konjuk marang Allah miturut prenatané Musa, semono uga kudu padha nglagokaké kekidungan samangsa ana riaya.

19Yoyada mapanaké wong-wong jaga ana lawang-lawangé gapuraning Pedalemané Allah, supaya wong sing ora resik aja nganti mlebu.

20Para perwira, para pengarepé masarakat, para penggedhéné pepréntahan lan rakyat kabèh nuli ndhèrèkaké Yoyada ngiring Raja Yoas saka Pedalemané Allah menyang kedhaton. Mlebuné kedhaton metu gapura gedhé. Sang Prabu lenggah ing dhamparing keprabon.

21Rakyat kabèh padha bungah-bungah. Bareng Atalia wis dipatèni, kutha kono banjur dadi tentrem.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel