Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 31 >> 

1Sawisé riayané rampung, rakyat kabèh banjur padha nggempuri tugu-tugu brahala ing saben kutha ing tanah Yéhuda. Reca-recané Dèwi Asyéra dirubuhaké, mesbèh-mesbèh lan papan-papan panyembahan brahala diremuk kabèh. Panggonan-panggonan liyané ing Yéhuda uga dirusak, malah iya tekan wilayahé Bènyamin, Éfraim lan Manasyè. Sawisé mengkono lagi padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

2Raja Hizkia mrenata menèh pangedumé tugas kanggo para imam lan wong Lèwi. Tugas-tugas mau yakuwi saos kurban obongan lan kurban keslametan, mèlu ngibadah ana ing Pedalemané Allah lan saos sukur marang Allah, sarta memuji lan ngladèni ing gapura-gapurané Pedalemané Allah.

3Sang Prabu iya nyumbang wujud kéwan-kéwan saka kagungané piyambak, kanggo kurban obongan saben ésuk lan soré, lan kanggo kurban ing dina Sabbat, Riaya Sasi Anyar lan riaya liya-liyané sing diprenata manut dhawuh-dhawuhé Allah.

4Kejaba saka kuwi Sang Prabu iya ndhawuhi wong Yérusalèm padha saosa pisungsung kanggo para imam lan wong Lèwi, supaya wong-wong mau bisa mligèkaké pikirané marang pegawéan ing Pedalemané Allah, kaya sing kasebut ana ing prenatan-prenatané Allah.

5Dhawuh mau diumumaké marang rakyat, mula wong Israèl banjur padha nggawa pisungsung kanggo para imam rupa pametuné lemah sing diundhuh dhisik dhéwé, yakuwi: jagung, anggur, lenga zaitun, madu lan pametu liya-liyané. Saprasepuluhé panènané digawa minangka pisungsung kanggo wong Lèwi.

6Wong kabèh sing manggon ana ing kutha-kutha Yéhuda padha nggawa saprasepuluhé raja-kayané, yakuwi sapi lan wedhus gèmbèl sarta barang liya-liyané, banjur dipisungsungaké marang Pangéran Allahé.

7Pisungsung-pisungsung mau wiwit disaosaké ing sasi katelu lan terus-terusan nganti sasi kapitu.

8Pirsa pisungsung semono akèhé mau Raja Hizkia lan para pegawéné padha ngluhuraké asmané Allah lan ngalem marang rakyat Israèl.

9Nalika ngandikan karo para imam lan wong Lèwi bab pisungsung-pisungsung mau,

10Imam Agung Azaria, tedhaké Zadok, matur, "Wiwit nalika rakyat sami mbekta pisungsung-pisungsungipun dhateng Pedalemanipun Allah, kula sami mboten kekirangan tedha, malah tirah-tirah. Menika sedaya sami kula tampi mergi Pangéran sampun mberkahi umatipun."

11Sang Prabu dhawuh yasa gudhang-gudhang ana ing sakiwa-tengené Pedalemané Allah,

12kanggo nyimpen pisungsung-pisungsung lan prasepuluhan mau. Wong Lèwi sing jeneng Konanya diangkat dadi pengawas, lan Simèi, adhiné, didadèkaké pembantuné.

13Wong loro mau mbawahaké wong Lèwi liyané, 10 yakuwi: Yehièl, Azazia, Nahat, Asaèl, Yérimot, Yozabad, Élièl, Yismakia, Mahat lan Azaria.

14Koré bin Yimna, wong Lèwi sing dadi kepalané pengawal gapurané Pedalemané Allah sing sisih Wétan, dipasrahi tanggung jawab nampa lan ngedum pisungsung sing disaosaké marang Pangéran.

15Ing kutha-kutha liyané sing dienggoni imam-imam, Koré diréwangi wong-wong Lèwi liyané, yakuwi: Èden, Minyamin, Yésua, Semaya, Amarya lan Sekhanya. Pisungsung sing rupa bahan pangan mau diedum rata ing antarané wong-wong saka taler Lèwi, miturut tugasé, ora miturut gotrahé.

16Wong lanang kabèh sing umur telung puluh munggah lan nglakoni tugasé saben dina ana ing Pedalemané Allah miturut golongané, iya olèh pandumané dhéwé-dhéwé.

17Para imam didaftar miturut gotrahé, lan wong Lèwi sing umuré rong puluh taun munggah didaftar miturut tugas lan golongané.

18Kabèh padha didaftar karo anak-bojoné, sarta wong-wong sing ana ing brayaté, merga wong Lèwi kabèh kudu tansah siaga nglakoni tugas-tugasé sing kusus kagem Pangéran.

19Ing antarané imam-imam sing manggon ana ing kutha-kutha sing ditetepaké déning Harun, utawa ing pangonan-pangonan sakiwa-tengené kutha-kutha mau, ana sing diangkat dadi juru ngedum rangsum marang wong lanang-lanang kabèh sing ana ing brayaté imam-imam, lan marang saben wong sing klebu daftaré taler Lèwi.

20Raja Hizkia ngerèh satanah kabèh klawan adil, temah gawé renaning penggalihé Pangéran, Allahé.

21Ing sadhéngah prekara sing ditandangi, mesthi olèh gawé, sebab kabèh sing ditandangi kagem Pedalemané Allah lan pangudiné supaya dhawuh-dhawuhé Pangéran ditetepi, kuwi kabèh ditindakaké klawan terusing ati lan saka tresnané marang Pangéran Allahé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel