Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 34 >> 

1Nalika dadi raja Yéhuda Yosia yuswa wolung taun. Lawasé dadi raja ing Yérusalèm telung puluh siji taun.

2Yosia tumindaké gawé renaning penggalihé Pangéran, niru Raja Dawud, leluhuré, sarta nglampahi sakèhé prenatané Allah klawan terusing ati.

3Sawisé dadi raja wolung taun, Yosia senajan isih timur, wiwit manembah marang Allah, sing disembah déning Raja Dawud, leluhuré. Let patang taun panjenengané wiwit nggempuri papan-papan panyembahé brahala, ngrusak reca-recané Dèwi Asyéra lan brahala-brahala liyané.

4Reca-reca lan brahala-brahala mau diremuk déning para abdiné Yosia lan awuné disebar ing kuburané wong-wong sing padha gawé kurban marang brahala-brahala mau. Mesbèh-mesbèhé Baal lan mesbèh-mesbèh padupan sing ana ing kono dibrukaké.

5Yosia banjur ngobong ing mesbèh mau balungé para imam sing biyèn padha ngladèni para brahala. Mengkono Yosia enggoné nucèkaké Yéhuda lan Yérusalèm manut pranatané agama.

6Sing mengkono mau uga ditindakaké ing kutha-kutha lan ing daérah-daérah sing wis rusak, ing tanahé taler Manasyè, Éfraim lan Siméon, nganti tekan tanahé Naftali ing sisih Lor.

7Mesbèh-mesbèh lan reca-recané Asyéra ing kraton Israèl sisih Lor kabèh dibrukaké déning Yosia, mengkono uga sakèhé reca lan sakèhé mesbèh papan ngobong menyan diremuk. Raja Yosia banjur kondur menyang Yérusalèm.

8Bareng enggoné dadi raja nyandhak wolulas taun, Raja Yosia sawisé nucèkaké Pedalemané Allah lan nyirnakaké panyembahé brahala ing satanah kono kabèh, banjur paring dhawuh marang wong telu supaya padha ndandani Pedalemané Allah. Wong telu mau yakuwi: Safan bin Azalia, Maaséya gubernur Yérusalèm lan Yoah bin Yoahas, pegawé sing dhuwur pangkaté.

9Para wong Lèwi sing jaga ing lawang-lawangé Pedalemané Allah padha masrahaké dhuwit enggoné nglumpukaké, marang Imam Agung Hilkia. Dhuwit mau ditampa saka wong Éfraim lan Manasyè lan saka rakyat liyané ing krajan sisih Lor, sarta saka brayat Yéhuda, brayat Bènyamin lan rakyat Yérusalèm.

10Dhuwit mau déning Imam Agung Hilkia diparingaké marang wong telu sing kadhawuhan déning Sang Prabu ngawat-awati wong-wong sing ndandani Pedalemané Allah. Wong telu mau padha mènèhaké dhuwité

11marang tukang kayu lan tukang batu kanggo tuku watu lan kayu sing arep dienggo ndandani gedhong-gedhong sing ditégaké nganti rusak déning para raja Yéhuda.

12Wong-wong sing padha nandangi pegawéan mau pancèn temen. Sing dadi kepala wong Lèwi papat, yakuwi: Yahat lan Obaja saka gotrah Mérari, Zakharia lan Masulam saka gotrah Kéhat. Wong Lèwi sing pinter ngunèkaké alat musik,

13kabèh dipasrahi ngawat-awati carané nekakaké barang-barang bangunan, dikon ngepalani para buruh sing padha nglakoni pegawéan rupa-rupa, lan dipasrahi nindakaké administrasi apa déné jaga lawang.

14Nalika ngetokaké dhuwit saka kamar simpenan, Hilkia nemu Kitab Torèt, yakuwi isi prenatan-prenatan sing diparingaké déning Allah marang Musa.

15Pangandikané Hilkia marang Safan, "Aku nemu Kitab Torèt ana ing Pedalemané Allah." Kitab mau banjur diparingaké marang Safan,

16lan Safan sawisé nampani Kitab mau banjur sowan Sang Prabu, aturé, "Menapa ingkang panjenengan dhawuhaken sampun kula lampahi.

17Arta ingkang kasimpen wonten ing Pedalemanipun Allah sampun kula pendhet, lan sampun kula sukakaken dhateng para tukang lan para mandhor."

18Sawisé mengkono banjur matur menèh, "Hilkia maringi kula Kitab menika." Safan nuli macakaké Kitab mau kagem Sang Prabu.

19Bareng mireng surasané Kitab mau Sang Prabu nyuwèk agemané merga saka sedhihing penggalih.

20Sang Prabu banjur ndhawuhi Hilkia, Ahikam bin Safan, Abdon bin Mikha, Safan sèkretarisé negara, lan Asaya ajudané. Pangandikané,

21"Nyuwuna pirsa marang Allah kanggo aku lan wong-wong sing isih kèri ing Yéhuda lan Israèl bab apa sing dikersakaké Kitab iki. Mesthiné Gusti Allah duka marang kita, merga para leluhur kita padha ora nglakoni dhawuh-dhawuh sing katulis ana ing Kitab iki."

22Wong-wong mau banjur padha budhal nyuwun pirsa marang wong wadon sing jeneng Hulda. Hulda kuwi nabi sing omahé ana ing kampung anyar ing Yérusalèm. Sing lanang jenengé Salum bin Tokhat, putuné Hasra. Gawéané ngurusi sandhangan sing dienggo ing upacara pangibadah ing Pedalemané Allah. Bareng Hulda krungu ketrangané wong-wong mau,

23banjur akon wong-wong sowan Sang Prabu menèh karo matur mengkéné,

24"Mekaten dhawuhipun Pangéran, ‘Yérusalèm lan wong sing manggon ing kéné kabèh bakal Dakukum nganggo paukuman sing katulis ana ing Kitab sing diwacakaké marang Sang Prabu.

25Wong-wong mau wis padha nyingkur marang Aku lan gawé kurban marang déwa-déwa. Penggawéné kabèh mau gawé duka-Ku. Aku duka marang Yérusalèm, lan duka-Ku ora kena disirep.’

26Bab Raja Yosia, Aku Pangéran Allahé Israèl dhawuh mengkéné, ‘Kowé wis krungu apa sing katulis ana ing Kitab kuwi,

27mulané kowé getun lan ngasoraké awakmu ana ing ngarsa-Ku. Kowé nangis lan nyuwèk penganggomu, mretandhani sedhihing atimu, nalika kowé krungu enggon-Ku ngancam arep ngukum Yérusalèm lan rakyaté. Pandongamu wis Dakpiyarsakaké.

28Mulané Yérusalèm ora bakal Dakukum selawasé kowé isih urip. Kowé bakal Daktimbali kanthi tentrem rahayu.’" Para utusan banjur padha bali lan ngaturaké pangandikané Allah mau marang Sang Prabu.

29Raja Yosia banjur nimbali para pemimpin Yéhuda lan Yérusalèm kabèh.

30(34:30-31) Panjenengané nuli tindak menyang Pedalemané Allah, didhèrèkaké para imam, para nabi lan rakyat kabèh, sing miskin tekan sing sugih pisan. Sang Prabu jumeneng ana ing sacedhaké cagak, yakuwi papan sing pancèn disedhiyakaké kagem Sang Prabu. Ana ing ngarepé rakyat kabèh mau Sang Prabu maos klawan swara sora Kitab Prejanjian sing ketemu ana ing Pedalemané Allah. Sang Prabu banjur gawé prejanjian karo Pangéran, yèn arep mbangun-turut marang Allah lan nglakoni dhawuhé Pangéran sarta prenatan-prenatané kabèh klawan terusing ati. Mengkono uga arep nglakoni sakèhé prejanjiané Allah karo umat kagungané kaya kang kasebut ana ing Kitab mau.

31(34:30)

32Wong Bènyamin lan wong liya-liyané sing ana ing Yérusalèm kabèh didhawuhi janji yèn bakal netepi marang prejanjian mau. Mulané wong-wong ing Yérusalèm iya banjur padha netepi prenatan-prenatan sing kasebut ana ing prejanjiané para leluhuré karo Gusti Allah.

33Brahala-brahala sing njijiki ing papan-papan sing klebu wilayahé wong Israèl, kabèh disirnakaké déning Raja Yosia. Rakyaté didhawuhi ngabekti marang Pangéran, Allahé para leluhuré. Mula selawasé sugengé Raja Yosia rakyat tansah setya marang Pangéran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel