Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 5 >> 

1Sawisé Raja Suléman rampung enggoné mbangun Pedalemané Allah, kabèh emas, slaka lan barang-barang liyané sing dicaosaké Raja Dawud marang Allah nuli disimpen ing gudhang-gudhang ing Pedaleman kono.

2Raja Suléman banjur nglumpukaké sakèhé para lajeré taler lan gotrah-gotrahé Israèl ing Yérusalèm, saprelu njupuk Pethi Prejanjiané Allah saka Sion, kuthané Dawud, kagawa menyang Pedalemané Allah.

3Nalika semono mbeneri Riaya Tarub Godhong. Para pemimpin mau kabèh padha teka nglumpuk.

4Sawisé mengkono wong-wong Lèwi banjur padha ngangkat Pethiné Prejanjian,

5digawa menyang Pedalemané Allah. Kémah Palenggahané Allah sarta praboté kabèh iya dielih saka kono déning para imam lan wong-wong Lèwi menyang Pedalemané Allah.

6Raja Suléman lan rakyat Israèl kabèh padha nglumpuk ana ing ngarepé Pethining Prejanjian mau sarta padha nyaosaké kurban konjuk marang Allah. Saking akèhé wedhus lan sapi sing dikurbanaké nganti ora kena diétung.

7Sawisé mengkono para imam banjur mikul Pethiné Prejanjian digawa mlebu ing Pedalemané Allah, didokokaké ana ing ngisoré ukiran kerub ing Papan Mahasuci.

8Swiwiné kerub-kerub mau ngayomi Pethi lan kayu pikulané.

9Kayu-kayu pikulan mau dawa banget, nganti pucuké mung katon yèn dideleng saka sisih ngarepé Papan Mahasuci. Kayu-kayu pikulan mau isih ana tekan sepréné.

10Pethining Prejanjian kuwi mung isi papan watu rong iji. Watu-watu mau didokok ing kono déning Musa ana ing Gunung Sinai biyèn, yakuwi nalika Gusti Allah gawé prejanjian karo bangsa Israèl, sajroné kairid metu saka tanah Mesir.

11(5:11-14) Para imam saka sakèhé golongan sing ana ing kono sapepaké padha cecawis kanggo nindakaké upacara. Para penyanyi lan para tukang ngunèkaké tetabuhan saka taler Lèwi, yakuwi Asaf, Héman lan Yedhutun sarta para kulawargané padha nganggo sandhangan kain léna. Wong Lèwi padha ngadeg ing sawétané mesbèh karo nyekel kentrung lan clempung. Bebarengan karo wong-wong mau ana imam satus rong puluh sing ngunèkaké slomprèt. Menyanyiné para penyanyi dibarengi uniné slomprèt lan tetabuhan liyané. Nyanyian sing konjuk marang Allah mau surasané mengkéné: "Pinujia Allah, merga kasaénané. Katresnané langgeng ing selawasé." Bareng para imam metu saka Pedalemané Allah dumadakan Pedaleman mau padhang banget déning cahyané Pangéran kang rawuh ing kono, nganti padha ora bisa nerusaké upacara pangibadah.

12(5:11)

13(5:11)

14(5:11)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel