Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tawarikh 8 >> 

1Raja Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah lan kedhatoné mau suwéné rong puluh taun.

2Kutha-kutha sing diparingaké déning Raja Hiram marang Suléman dibangun menèh. Wong Israèl padha didhawuhi manggon ing kono.

3Suléman nelukaké daérah Hamat lan Zoba,

4semono uga kutha Palmira sing ana bètèngé, sing dunungé ana ing ara-ara samun. Kutha-kutha sing kanggo nandho pangan ing Hamat uga dibangun menèh.

5Kutha Bèt-Horon nDhuwur lan Bèt-Horon-Ngisor dibangun menèh dadi kutha nganggo bètèng, sing gapurané bisa ditutup nganggo slarak kayu.

6Kutha Baalat iya dibangun menèh lan kutha-kutha kabèh sing kanggo nyimpen tandhon pangan. Semono uga kutha-kutha sing kanggo nyimpen kréta-kréta perang lan jaran-jarané. Sakèhé rancangan mau kabèh kanggo mbangun Yérusalèm, Libanon lan wilayah-wilayah sing dadi jajahané Raja Suléman, wis kelakon ditandangi nganti rampung.

7(8:7-8) Anak-turuné wong Kenaan kabèh sing ora dipatèni déning wong Israèl nalika mlebu ngrebut tanah kono, didadèkaké batur-tukon déning Raja Suléman. Yakuwi wong Hèt, Amori, Fèris, Hèwi lan Yébus. Tekan sepréné wong-wong mau isih tetep dadi batur-tukon.

8(8:7)

9Wong Israèl dhéwé ora didadèkaké batur-tukon, nanging tugasé dadi prejurit, perwira, komandhan kréta perang lan prejurit jaranan.

10Ana pegawé 250 sing dipasrahi tanggung jawab ngawasi wong-wong sing nglakoni kerja-peksan ing proyek-proyek pembangunan werna-werna.

11Garwané Raja Suléman, putra-putriné raja Mesir, dipindhah saka kuthané Dawud menyang dalem sing diyasa kanggo garwané mau. Sebab Raja Suléman ngandika, "Garwaku ora kena manggon ana ing kedhatoné Dawud, raja Israèl, sebab kabèh panggonan sing tau dienggo ndokokaké Pethining Prejanjian kuwi suci."

12Raja Suléman saos kurban obongan konjuk marang Allah ana ing mesbèh sing dipasang ana ing ngarepé Pedalemané Allah.

13Kurban-kurban mau saben riaya disaosaké manut prenatané Musa, yakuwi dina Sabbat, Riaya Sasi Anyar lan riaya telung rupa, sing diriayakaké saben taun, yakuwi Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, Riaya Panèn, lan Riaya Tarub Godhong.

14Raja Suléman mrenata tugas-tugas pedinan kanggo para imam lan wong-wong Lèwi sing mbiyantu para imam sajroné nglakoni pegawéané lan sajroné ngaturaké nyanyian, kaya sing diprenata déning Raja Dawud, ramané. Uga wong-wong sing jaga gapurané Pedalemané Allah diklompok-klompok, saben gapura sarombongan, manut pituduhé Raja Dawud, abdiné Allah.

15Pituduhé Raja Dawud kanggo para imam lan wong Lèwi bab gudhang-gudhang lan bab liya-liyané, kabèh diturut klawan tliti.

16Mengkono pegawéan-pegawéan sing dirancang déning Raja Suléman wis rampung kabèh. Pegawéan mbangun Pedalemané Allah wiwit saka pondhasi tekan rampungé wis katindakaké kabèh kanthi becik.

17Sawisé mengkono Raja Suléman banjur tindak menyang Ézion-Gèbèr lan menyang Éliot, kutha pelabuhan ing pesisir Teluk Akaba, ing tanah Édom.

18Raja Hiram ngirimaké kapal-kapal sapegawéné sing prigel nglakokaké, kagem Raja Suléman. Wong-wong mau bebarengan karo para abdiné Raja Suléman padha lelayaran menyang tanah Ofir njupuk emas 15.000 kilogram, diaturaké marang Raja Suléman.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tawarikh 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel