Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tesalonika 3 >> 

1Sebanjuré para sedulur, aku dongakna, supaya pawarta bab Gusti kita énggal sumebar, lan padha ditampani kaya nalika diwartakaké marang kowé.

2Nyenyuwuna uga supaya Gusti Allah ngluwari aku kabèh saka penggawéné wong sing ambek siya lan wong ala. Awit ora kabèh wong padha precaya marang pawarta mau.

3Nanging Gusti kita setya. Panjenengané bakal nyantosakaké kowé lan ngayomi kowé saka pangwasané Iblis.

4Aku precaya marang Gusti Allah bab kaananmu. Aku yakin yèn kowé padha nindakaké pituturku lan bakal nindakaké terus.

5Muga Gusti Allah nuntun atimu dadi saya ngerti marang sihé lan padha diparingi ati sing mantep déning Sang Kristus.

6Para sedulur! Atas Asmané Gusti Yésus Kristus, kowé padha dakweling, supaya padha ngedohana sedulur-sedulur sing kesèd nyambut-gawé, sing padha ora manut marang piwulangku.

7Kowé dhéwé padha ngerti yèn kowé kudu padha nglakoni kaya sing padha daktindakaké. Nalika aku ana ing tengahmu, aku padha ora kesèd.

8Aku padha emoh nampa pawèwèh saka sapa waé kanthi lelahanan. Malah aku rina wengi tansah padha nyambut-gawé klawan rekasa, supaya aku aja padha dadi gawéné wong ana ing antaramu.

9Enggonku tumindak mengkono mau ora merga aku ora wenang njaluk sumbangan marang kowé, nanging merga aku padha kepéngin awèh tuladha marang kowé, supaya padha koktiru.

10Nalika isih ana ing tengahmu aku wis tau kandha karo kowé: "Sapa sing ora gelem nyambut-gawé, aja mangan."

11Pituturku sing mengkono kuwi merga aku krungu yèn ana ing tengahmu ana wong sawetara sing kesèd nyambut-gawé lan gawéné mung ngrusuhi urusané wong liya.

12Atas Asmané Gusti Yésus Kristus, wong-wong mau dakélingaké, supaya padha nyambut-gawé lan mangan pametuning pegawéané dhéwé.

13Nanging kowé para sedulur, aja padha bosen nglakoni penggawé becik.

14Bisa uga ing antaramu ana wong sing ora gelem manut karo surasané layang sing dakkirim iki. Menawa ana sing mengkono, wong kuwi singkirana, lan aja koksrawungi, supaya wong mau isin.

15Nanging wong mau aja kokanggep mungsuh; malah padha élingna kaya déné sedulur.

16Muga Gusti piyambak, tuking keslametan, tansah maringana katentreman marang kowé, ing sedhéngah kaanan; Gusti nunggila karo kowé kabèh.

17Salam saka Paulus! Pérangan iki sing nulis aku dhéwé. Saben layangku daktandhatangani mengkéné iki.

18Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila karo kowé kabèh. Saka aku wong telu, Paulus, Silas lan Timotius


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tesalonika 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel